Jangkepe Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JANGKEPE LAKUNE WONG JOWO


HASTO BROTO

Mulat laku anggentur anarik doyo
Soko njobo katarik dening karso
Badane kang anarik nyowoe kang ngrasakno
Hiyo rahso, rahsoning nyowo
Lumebu lumantar howo, kataman ing rogo
Sesepan doyoning bawono nyelaras ing njerone rogo
Yoiku kang sinebut topobroto
Doyo bawono kang rupo wolung perkoro
Bumi-gunung-samudro-angin
Suryo-lintang-mbulan-angkoso

PERTELANING HASTOBROTO

Topobrotoning bumi
bumi teles bumi garing katarik doyone
Topobrotoning gunung
gunung urip gunung mati kaserot doyone
Topobrotoning samudro
samudro butheg samudro bening kaserot doyone
Topobrotoning angin
angin pelan angin banter kaserot doyone
Topobrotoning suryo
panas uruping suryo kaserot doyone
Topobrotoning lintang
lintang panjer rino panjer wengi ingkang kumelip kaserot doyo getare
Topobrotoning mbulan
adem uruping mbulan kaserot doyone
Topobrotoning angkoso
awang uwung kang tanpo wates katarik doyone

Hastobroto iku wolung macem jinise topo, dudu mlajari watek/sifat isen isene bawono
hastobroto iku kaweruh wengkuning ratu
dene manungso iku dudu gunung dudu angin yo ora biso dikoyo gunung lan angin
manungso hiyo dudu mbulan lan lintang yo ora biso dikoyo mbulan ugo lintang

PATRAPING TOPOBROTO

.Klawan menege rogo nganggo lungguh silo
.Makartine angen angen lan ciptoe dienggo fokuse marang karso
Karso iku ono ing mburine karep, kaaran kehendak
Hiyo kehendak anyerot doyoning bawono
.Panyeroting mau biso nganggo :
-ujung ujung jari
-epek epek tangan
-awak sakujur (pori pori kulit)
-ugo biso liwat mripat loro
.Panyeroting doyo mau kudu biso karasakake lumebune..hiyo iku rahsone….
kanggone sing ws laku ambegan jogorogo mestine y wis biso ngrasakno howo
dadi doyo sg melbu mau lumantar lumebune howo kang sinerot dening badan..
.Awite nggathuk nggathukno (nyelarasno)
.Banjur njumbuhno (proses panyerote)
.Wekasan ; manunggal (nglumpuk’e doyo kang sinerot ing njerone rogo)

TOPO BUMI

-bumi teles (bumi sing lemahe ora tau garing ; kyo bumi njeroning alas)
-bumi garing (hiyo bumi sing ora iso teles ; lamun teles mesti garing maneh)
Bumi teles luwih subur tinimbang bumi garing

TOPO GUNUNG

-gunung urip (gunung sing isih nyimpen magma ; drung entek magmae)
-gunung mati (gunung sing wus ora iso mbeldos ; magmae ws entek)
Gunung mati luwih subur tinimbang gunung urip

TOPO SAMUDRO

-samudro butheg (segoro sing banyune ora biso bening ; luwih cethek)
-samudro bening (segoro sing banyune ora biso butheg ; luwih jero)
Samudro bening luwih akeh panguripane tinimbang segoro butheg

TOPO ANGIN

-angin pelan (cilik ; ora banter lumakune)
-angin banter (gedhe ; banter lumakune)
Angin cilik ora biso dadi gedhe nanging angin gedhe biso dadi cilik
Angin gedhe iku kaaran maruto (badai ; yoiku udara sing katut ubengane bawono)
Angin cilik luwih adem tinimbang angin gedhe

*PENGETAN*

Wong topo iku meneng tanpo ngobahno rogo, yen sengojo ngobahno rogoe dibaleni maneh panyerotane
Parane topo iku ing kadigdayan (digdoyo)
dumunung ing wengku (ateges yo kuoso yo nguwasai yo biso ngemong)
mulane disebut wong sekti tanpo aji aji
digdoyo tanpo pusoko lan biso nggawe montro
Kabeh kabeh doyo kang sinerot iku tumuju ing ngurupno urip
yoiku ; nguwatno doyoning urip
Mulo sopo bae sing wus nguwasai hastobroto hiyo biso mengku angratoni jagad
amargo rogo iku duweni doyone bawono mulane hiyo biso sesambungan klawan isen isening bawono

SAMBUNGE HASTOBROTO

*

TOPO SURYO

Hiyo anyerot doyo panasing srengenge ing wayah isuk lan sore
ateges naliko sunari srengenge durung mencorong putih
awit srengenge isuk ; abang.. abang semu kuning.. kuning mencorong
srengenge sore ; kuning mencorong.. kuning semu abang…

TOPO LINTANG

Hiyo panyeroting doyone lintang
-lintang panjer rino (katone ing wayah padhange srengenge)
-lintang panjer surup (katone ing wayah surupe srengenge)
-lintang panjer wengi (mung katon ing wayah bengi)
-lintang blelek (lintang sing katon semu abang)
-lintang gubug penceng (lintang sing petane kyo gubung amung penceng)
-lintang ingkang kumelip (lintang sing kumelip ; jarake luwih adoh soko bawono)
kabeh lintang iku ngemu doyo getar (getaran) ; dudu adem dudu panas

TOPO MBULAN

Padhang ademe mbulan ing tanggal 12.13.14.15
ing wanci purnomo anyerot doyoning mbulan

TOPO ANGKOSO

Hiyo iku doyoning awang uwung hampa kang tanpo wates
doyoning petheng kang tanpo wekasan
meneng ing wayah bengi ing tengah latar katon langit
-bisane anyerot doyoning angkoso iku nalikane wus biso nyerot doyoning suryo condro kartiko.

PEPENGET

Yen manekung dumunung ing wisesoning rogo
topobroto ndunungi wengkuning ratu
Yen manekung iku makartino ciptoe
topobroto makartino karsoe
Bumi iku dudu lemah ; mung saben bumi ono lemahe
samono ugo gunung iku dudu bumi mulo doyone bedo bedo
Samudro iku dudu banyu ; mung saben samudro ono banyune
Angin iku dudu udara ; mung saknjerone angin ono udarae
Srengenge iku dudu geni ; mung saknjerone srengenge ono genie
Mulane manekung klawan topo iku bedo ing parane
amargo sangkane wus ora podho..
Yen manekung iku ngolah doyo saknjerone rogo
topobroto ngolah doyo saknjabane rogo
kekarone podo podo nglumpukno doyo..podo podo tunuju mundhaking doyo
podho podho klawan meneng patrape
Topo iku trmasuk panunggalan ; hiyo nunggal klawan isen isening bawono (nunggale nunggal pisah)
dene topo iku ora kawates ing wolung perkoro : kyo topo uwit, topo udan…..isp
PANYEROTAN :
Gathuk-jumbuh-nunggal
(nyelaras-nyerot-maligi)

WEKASANING WEDARAN

Dadi lakune wong jowo iku ;
-ngrowot ngalong
-ngebleng patigeni
-nginang mutih
-manekung topobroto
-semedi

Dene semedi iku : meneng ing neng temenan (bener bener meneng ; mahening suci) kaaran ; lerem
-menengno rogo
-ngeningno cipto
-ngenebno rahso
(gamblange wus ono ning wedaran : ingkang aran lerem)

Jangkep wutuh hiyo maligi ing santosa
Jejeg ajeg jumeneng wiseso maseso
Mengku tan kawengku
Linuwih mumpuni dadine
Sukmo kang wiseso
Badan kang mengku
Jiwo kang salin rupo
Dadi tetep ing santosa lan sampurnaning rogo
Tanpo dungo tanpo pusoko hiyo digdoyo
Klawan laku spirituale wong jowo.


Sambunge Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
:::::::::::::::::::::

SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO

----------

MANEKUNG

Ngolah doyo ing saknjeroning rogo
Ngolah unsure bawono ing njerone rogo
Lemah banyu udara geni
Petheng adem padhang panas
Menenge rogo kagowo angolah doyo
Klawan cipto makartining sukmo

Yoiku manekung kang ateges nggembleng
Hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo
Manekung iku pepdhane meditasi

Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo
Cokroning angin mubeng ing njerone rogo

Wiwit manekung ing lemah 
Manekung ing banyu
Manekung ing udara
Manekung ing geni

Doyo petheng sesambungane unsur lemah
Doyo padhang sesambungane unsur udara
Doyo adem sesambungane unsur banyu
Doyo panas sesambungane unsur geni

PANEKUNGAN

Manekung iku sangkane kawisesan
Ateges panguwasaan
Yoiku anguwasai rogone dewe
Awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo

WADAG NJOBO
Wulu..kulit..getih..otot..daging..balung..sum sum
WADAG NJERO
Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru
WADAG ALUS
Jinem..sanu..puat..otot alus..nadi..jiling..damarmoyo..utek..pramono jati..isp
Wadag tetelu iku kaaran awak kasar (rogo)

Sing alus sing njero sing njobo gandheng sesambungan (nunggal pisah)
Unsur lemah banyu udara geni ugo doyo panas adem padhang petheng yo nunggal pisah
Nunggal pisahe kabeh mau kaaran jumenenge rogo

PATRAPING MANEKUNG

Lungguh silo 
Meneng ora obah awake
Ambegane biasa (ora ditahan ora dibanterno)
Musatno cipto marang rogoe
Diarahno ing unsur lemah wiwitane
Yoiku ; kulit otot daging ginjel lambung usus ati limpah jantung paru paru
Unsur lemah iku minongko pambuntel (wadah)
Kawengku dening pratiwi (pambuntel wutuhe rogo)
Dadi pratiwi iku pancere unsur lemah

Manekung ing banyu

Saknjerone kulit otot ginjel limpah ati usus jantung lambung
Rupane abang ireng yoiku getih
Rupane putih yoiku sumsum nanah
Rupane bening yoiku kama
Ono maneh banyune kamanungsan iku sing dadi panglengkete kabeh pirantining rogo
ora keno diowahi yo ora ngowahi
Ora ngrusak ora keno rinusak
Dumununge ora ing njobo ugo ora ing njero
Yoiku sing dadi lantarane roso asmorojati
Unsur banyu pancere ono ing lambung (segoro bebanyu)
Ubengan cokro banyu pencere ning jantung

Manekung ing udara

Awit balung ugo sum sum (udara doyo adem petheng)
Udara iku meneng, obahe kaaran angin
Udara ngebeki kabeh pirantining rogo
Ateges kabeh wadag ono udarae nganti ing banyu yo ono udarae
Dene pancere udara ono ing wadag alus
Pancer cokro ubengane ono ing paru paru

Manekung ing geni

Geni iku dudu panas tapi geni mowo panas
Yoiku pramono jati sing ono ing tengahe telenge dodo
Iku pancering geni saknjerone rogo
Dene cokro banyu ugo cokro udara ugo biso nganakake geni

PEPENGET

Arepo manekung ing geni disek utowo udara disek gak ono bedane
Mung urutan lapisane iku lemah banyu udara geni
Nalikane manekung wiwite yo nggathuk nggathukno 
Ngolahe iku nalikane ws sambung pamusate ciptane
Nganti tekan ing nguwasai
Dene patang unsur mau kawengku dening howo
Howo iku dumunung ing saknjerone udara (alusing udara)
Patang doyo kawengku dening gether
Dene gether pancering ono ing jiling (kekandhangane roso)
Dene howo amratani ing sajeroning wadag kabeh

Ono topobrotoning angin
Ono manekung ing udara
Ono topobrotoning bumi
Ono manekung ing lemah
Ono topobrotoning samudro
Ono manekung ing banyu
Ono topobrotoning suryo
Ono manekung ing geni

Nalikane biso manekung ing nunggale patang unsur mau
Kaaran semedi tunggal (musatno langsung patang unsur)
Dene unsur saknjerone rogo iku ora mung papat
Ono akeh sakpirang pirang, nanging intine amung papat
Samono ugo doyoe yo ora amung papat, ono akeh nanging intine mung papat
Mergo ono lemah ketemu banyu
Banyu ketemu padhang
Padhang ketemu udara
Udara ketemu geni lan sakteruse………..


Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
_____________________________

LAKUNE WONG JOWO


MEMAYU HAYUNING BAWONO


Poso iku cegah dahar cegah ngombe
Karepe ngemposno roso
Sejatine olehe nyegah ngunuiku mung ngemposno rahso (karep)
Amargo rogone soyo ringkih
Nalikane ws suwe ora mangan
Tetep bae rosoning ilat ora kempes
Ugo roso roso liyane tetep rosa makarti
Ingkang mangkono iku nuduhno lupute
Luput soko sangkane : karep ngemposno roso
Parane nuju tangine roso
Ora ono ngemposno roso sakliyane nganggo meneng.

Rogo iku bawono niro
bawono sing ono ing njero
hiyo bawono sing meh ora ono bedane karo bawono njobo
rogo kae ngemot sapirang pirang doyo soko bawono njobo
awit doyo alus kasar nganti wiji wijining urip
soko pepanganan2 sing dipangan dening rogo

NGROWOT

Yoiku lakune wong jowo, amung mangan krowotan
krowotan iku polo pendem
polo pendem iku tunggale telo, kentang, tales, uwi……….isp
rogone mung kaisi wiji2 urip sing kependem (njero lemah)
ning kunu pamrihe, supoyo meruhi kawruh kawruh sing kependem
ateges kaweruh kang siningit
lantaran rogone sing kaisi sapirang pirang doyo urip ing njerone lemah
hiyo wus ora mangan babarblas sakliyane krowotan nganti pirang pirang dino

NGALONG/NGLOWO

Yoiku lakune wong jowo, mung mangan woh wohan
hiyo woh wohan sing cumentel ning dhuwur uwit
koyo apel, jeruk, pelem, kates……isp
ateges kang gumantung ing duwur
dadi rogone mung diisi wiji2 urip sing ono ing awang awang
pamrihe supoyo meruhi kawruh kawruh kang kumambang ing udara
ateges kawruh awang awang
hiyo ora mangan sakliyane woh wohan nganti pirang pirang dino

NGEBLENG

Iku lakune meneng ora obah ora turu ora mangan ora ngombe
patrape meneng total sedino sewengi
ngebleng iku lakune wong topo
amargo laku topo lumrahe dipungkasi karo ngebleng
dene parane topo iku kasekten

PATIGENI

Iku meneng ono ing sajeroing pepetheng
tanpo keno cahyo, tanpo katon cahyo
patigeni yo ora mangan ngombe turu
makartine urip ing njerone petheng
biso linakonan sedino sewengi - telung dino telung bengi

NGINANG

Yoiku patrap mung mangani gegodhongan
hiyo samubarang godhong godhongan sing keno dipangan
ateges godhonge ora ono erine ugo ora kasar (godhong jati)
saiki mangan godhong kae disebut mangan sayuran
dene nginang iku mangani godhong mentah
ora dimasak mateng njur dipangan
amargo tumrape wit witan godhonge iku sing nyadhong pepangane
dadi sari nutrisine kabeh uwit iku ono ing godhonge

MUTIH

Yoiku patrap mung mangan sing ora ono uripe
karepe mutih iku murnino rogo
wong mutih iku dudu patrap mung mangan sego + banyu bae
dene sego iku soko beras, beras soko pari, pari kae yen disebar ning lemah biso tukul dadi uwit
yen beras disebar ning lemah ora thukul amargo wus ilang kulite (gabah)
podo koyo isine pelem (pelok) iku menowo diilangi kulite
yo ora biso ditandur thukul
jagung disebar thukul, kacang disebar thukul, ateges kabeh biji yen disebar thukul, amargo ning kunu ono uripe…
dene mutih iku ora mangan sing ono uripe
mutih ikuloh sejatine laku memayu hayuning urip

WEKASANE LAKU JOWO

Ngrowot lan ngalong iku gandengane laku, ngrowot disek opo ngalong disek podo bae….
amargo ngrowot lan ngalong iku laku kang tanpo wates
mulane keno dilakoni sedino sewengi nganti sapirang pirang dino lan wengi…

Yen ngrowot yo ngrowot ora biso diwor karo ngalong
nanging ngowot lan ngalong iku podo podo duwe piguno
ngresiki rereget2 sing ono ing njerone rogo
nteges rereget iku sari sari sampah sing ora dibutuhno rogo
dadi ngrowot iku mbatesi rogone soko pepanganan sakliyane krowotan nganti pirang pirang dino
ngalong iku mbatesi rogone soko pepnganan sakliyane woh wohan
dene ngombene towo legi kecut ora kawates

Bangsane krowotan iku wiji wiji urip sing ono ing njero lemah
Bangsane woh wohan iku wiji wiji urip sing ono ing awang awang

Ngebleng lan patigeni iku gandhengan
sing siji mung mbatesi awake sedino sewengi
sijine ketambahan mbatesi awake ing pethengan
kekarone iku patrap meneng ora mangan ngombe koyo wong semedi
mung iku laku topo nyuwungno rogone
ora keno moco moco muni muni kejobo mung meneng anteng
amargo nyuwungno rogo mulo parane ning kasekten

Nginang lan mutih iku hiyo gegandhengan
tegese kaaran gandheng iku mangkene
nginang iku mangani gegodhongan
dene ning gegodhongan kae ora onon wiji uripe uwite
amung ono sari pepanganane uwit
pirantine uwit kanggo nyadong pepanganane iku ono ing godhong lan oyote, mulane njur ono sing diarani ginseng lan pigunoe
dene amargo oyote kae ora biso diuntal, lan yen mangan oyote, uwite njur mati, mulane ora wenang dipangan

Mutih iku patrape mung mangan :
-Pohong/singkong sing dibakar ora keno digodhog
dibisao uwite (kayune) pohong mau ditandur maneh, amargo wiji uripe ono ning kunu
-Gedhang mateng uwit
-kembang sing wus uwal teko uwite (lugur)
-Ngombene : ora keno sakliyane banyu mili
mutih iku perlune murnino rogo, nyalin rogone supoyo dadi rogo sing murni
ateges murni iku ora kecampuran.

Dene semedi-meditasi-topobroto
Ngrowot-ngalong-ngebleng-patigeni-nginang mutih
iku kabeh ugo tradisi spirituale wong jowo.


Jangkepe Jowo Jiwoku

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JANGKEPE JOWO JIWOKU


Nunggal laras sesambungane doyo
Rasuk rinasuk seksen sineksenan
Nunggal jagad sesambungane urip
Weruh wineruhan paseduluran
Hiyo sedulur tunggal ibu ..sedulur tunggal moho ibu ..sedulur tunggal sang ibu

SEDULURAN

Rogo klawan rogo liyane iku seduluran..iki ora ngomongno bangsane manungso nanging seduluran bongso rogo
Awit sato gegremetan sato galak iku yo nggowo rogo nyandang rogo
Jiwo jowo iku nganggep kabeh bongso sato iku sedulure dewe
Olehe nganggep yo kyo nganggep dulur ing tunggal wong tuwo
Ora mung dianggep hama ugo ingon ingon kanggo pepanganan
Nanging yo ora agawe cidro koyo olehe ora gelem nyidrani dulure tunggal wong tuwo
Mulane leluhur niro iku biso serawungan marang bongso sato opo bae ugo biso ngerti bosone bongso sato

Nalikane wus weruh wineruhan ateges iku ws sesambungan
Anane biso sesambungan iku amargo ono tunggal pepadhan
Rogo klawan rogo
Sukmo klawan sukmo
Badan klawan badan
Nyowo klawan nyowo
Jiwo klawan jiwo
Nunggal laras sesambungan manut doyone..nunggal jagad sesambungan manut uipe
rogo klawan rogo liyane iku sedulur ; yoiku dulur tunggal poncodriyo
sukmo klawan sukmo liyane hiyo sedulur ; yoiku dulur tunggal astendriyo
badan klawan badan liyan ugo sedulur ; ateges dulur tunggal tilasing driyo
nyowo klawan nyowo liyan ugo sedulur ; ateges dulur tunggal tilasing driyo ugo
amago dununge tilasing driyo ono ing nunggale badan lan nyowo
jiwo klawan jiwo liyan ugo sedulur ; hiyo dulur tunggal urip

Mulo sejatine kabeh kabeh iku sedulur awit bongso setitah bongso dumadi bongso jalmo
Sing ngrambyang sing ndhanyank sing ngaruhun hiyo sedulur
Opo maneh bongso dumadi klawan bongso dumadi
Mung kacik alus kurang alus..murni kurang murni

Sing diarani nisto iku nalikane agawe cidro ing dulure dewe
Nalikane ora ngakoni ing dulure dewe mulane banjur wuto uripe
Sih katresnan iku rosoing nugroho
Dudu pangirone angen angen dudu panggraitone cipto
Dudu roso dhemen dudu asih klawan pilih pilih
Ora ndunungi urip sing isih nggelar swargo naroko

PERTELANE BEBASAN

Boso ; bowo lan solah ; ateges dasar sikap (dasare gerak)
Wong weruh bosone sato koyo wedus sapi asu dll bosone macan kijang dll
Iku ora bosone sworo nanging bosone tingkah polah ugo bosone rupo lan pangroso
Amargo jowo jiwone, mulane yo ngerti maksut obah lan menenge dulure
Mangerteni ing pikarepe dulure (kabeh dumadi)
Dene kanggone sing wus waskito malah ngerti ing bosone wit witan

PEPENGET

Sesambungan iku werno loro ; sesambungan ing doyo lan sesambungan ing urip
Kliru yen ngarani ngerti bosone sato iku soko sworo/munie sato
Amargo akeh bongso sato iku olehe ngomong/komunikasi klawan tanpo sworo
Ugo ono sing nganggo sworo frekuensi tinggi/rendah nganti ora biso dirungu dening pangrungune uwong
Dadi jalarane ngerti ing bosone sato iku amargo wus nunggal klawan jejagading bongso sato
Mulane yo weruh..kyo olehe weruh pandulu klawan pandulu ing rerupan
Nunggal iku ono ing saknjerone sambung/jumbuh..saknjabane sambung iku aran gathuk
Bongso sato iku bangsane binatang yoiku ;
(sing ngambah udara/kikula/peksi..sing ono ing njero banyu/iwak/mina.. njero lemah/gegremetan ugo ing duwur lemah)
Dadi kanggone sing wus mangerteni urip sing kaaran mungsuh iku ora ono
Wruho niro ; sih iku sawijine roso kang tumuju ngenani ing sa gung dumadi ; mulane banjur ono lebur dening pangastuti
mulane angkoro njur ora biso murko
Wong ngakoni yen kabeh iku sedulure, banjur katon asu koyo ndeleng mungsuh
Katon tikus banget gethinge ora koyo ndeleng dulure tunggal wong tuwo
Iku nyatane yen isih durung jowo jiwone
Isih durung mangerteni “ibu bumi bopo angkoso
Jowo jiwoku iku ateges : Manunggaling moho tunggale jagad.

“Podo Rahayuo Sa gung Dumadi”


Ora Nyembah Ora Sinembah ( tan anyembah )

ORA NYEMBAH TAN SINEMBAH


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Kencono wungu gumilang sangkan 
soroting suryo padhang jinglang
pethenge wengi kasinaran lintang mbulan
panembahan pamujaaning manungso
tanpo mangerteni sopo lan opo

Ono ingkang karep nyembah
ono ingkang wus nyembah
nganggo sarono macem macem kaaran ritual panyembahan
ono ing sajeroing papan pamujaan.

Tanpo weruh tanpo ngawikani
yoiku padunungane kapitayan
dudu padunungane pangawikan
uwong percoyo biso ora percoyo (was sumelang)
ananging wong wikan iku ngawikani (weruh)

ono kang nyembah amargo karep anyuwun
ono kang nyembah amargo karep mituhu
ono kang nyembah amargo roso matur ksuwun

Nalikane uwong kang anyembah katiban loro utowo nyandang sengsoro (kasusahan)
was sumelang ugo bebingunge anyanding uripe
amargo mokhal yen sing moho kuwoso menehi loro sengsoro
lan mokhal sing moho kuwoso wewatek sewenang wenang
ning sajeroing susah ono warto yen iku aran ujian (cobane sing kuoso)
yoiku palipur lorone kanggo nerusno olehe tetep anyembah
tunggale palipur loro maneh, yen bakal oleh kamulyan langgeng sakwuse pati
utowo yen gelem anyuwun ngerendah marang sing moho kuoso mesti bakal diwenehi opo sing dadi penjaluke
iku kaaran luputing arah lupute kang tinuju
isih ora weruh endi sing nyembah endi kang sinembah

Sing anyembah soko suka sukure mesti batal nalikane tompo kasusahan
sing anyembah soko mituhune mesti batal nalikane kuciwo
sing anyembah soko olehe anyuwun mesti batal yen ono sing ora kasembadan
sing anyembah soko anut grubyuk hiyo batal yen wus wikan

Dadi panyembahan sing molah maleh
ono sing amargo pingin oleh opo sing dikarepno
gumanti amargo pingin ucul soko sengsoro
gumanti amargo pingin oleh kamulyan sawuse pati lan sateruse
molah maleh owah osik gingsiring jiwone
iku kabeh amargo uwonge ora weruh marang sejatine
sopo sing nyembah
sopo sing sinembah
lan koyo opo olehe anyembah

Amargo nalikane nandang kasengsaran 
ora biso manembah karep ngaturake matur ksuwun
nalikane manembah pingin kamulyan sawuse pati
kabeh uwong mesti ora betah olehe ngenteni
manembaho amargo pingin kasembadan panjaluke
iku mesti ora kabeh penjaluke biso kasembadan
amargo yen saben panjaluke wong nyembah kasembadan
amesti jagad iki wus bubrah awit mbiyen
soko bedo bedoning panjaluke siji siji uwong

Sopo sing nyembah..

wangsulane hiyo manungso sing nyembah
endi manungsane, endi uripe, endi uwonge
sopo toh sajatine sing nyembah...
sing isih nyandang kasengsaran
sing isih nyandang getir kuwatir
sing isih nyandang pengarep arep (harapan)
iku kabeh ateges sing isih dumunung ing pepetheng

Ing sangkane anyembah ono parane kang sinembah
ora kabeh uwong nyembah podo parane
amargo bedone sangkan dadiake bedaning paran
awit getir kuwatir, sengsoro, pengarep arep
iku dadi sangkan olehe anyembah
mahanani bedane kang sinembah

Ono sing nyembah ono kang sinembah
ora ono sing nyembah ora ono kang sinembah
iku hiyo kaaran loroning tunggal
mulane bedo sing nyembah yo bedo kang sinembah
mulo perlu ngaweruhi sopo sing nyembah

Sopo kang sinembah..

yoiku sesembahan sesembahane wong akeh
dene gusti ingkang moho suci
iku dudu sesembahane kabeh uwong
amung dadi sesembahane sing podo suci suci kabeh
angen angen iku dadi sesembahane kabeh jiwo bongso donya
cipto ripto iku dadi sesembahane kabeh jiwo bongso kaendran
budhi iku dadi sesembahane kabeh wong bongso kadewatan

Kajaten ora nyembah ora sinembah
ora ono sing nyembah ora ono kang sinembah
yoiku jiwo jiwo bongso pengeran
aku kang wus lebur
ingsun kang jumeneng
budhi lan rosojati wus lebur nyawiji
kaaran jumeneng klawan pribadi.



Pangaksumo ( Pangapuroh )

PANGAKSUMO


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
Ingkang tansah wales winales
lupute kajaluk ing pangapuro
lupute kaijol ing pangapuro
lali paukumane lali piwalese
wani ngelakoni yo wanio ing ukumane
gelem nglakoni malah wedi piwalese
mung nuduhno ing cilik atine...

Tumindak bener yo oleh kabecikan
tumindak salah yo oleh paukuman
bener lan becik mardi kautaman
salah tur olo mardine kasengsaran

Amargo isih akeh kasalahan sing diluputake soko paukuman
iku ora biso jejeg ing adile, adile iku laku bener tompo becik laku salah oleh paukuman
mulo banjur ora biso maju ora tinemu ing kabagusan
wong tumindak salah iku patut keno ukuman
paukuman kui sarono kanggo marekno wong salah, supoyo weruh ing salahe, supoyo ora dibaleni maneh..
wong salah njaluk pangapuro iku wus lumrah, ateges ngakoni ing salahe..mung tanpo anane ukuman, wong salah malah kerep anjaluk pangapuro, ngemohi ukuman ; arep enak ngemohi rekasaane.. mulo banjur dadi uwong sing cilik atine, ora wani nanggung opo sing wus dilakoni.

Wewatekaning jagad iku tansah wales winales, wong salah wong tumindak cidro tumindak angkoro agawe kapitunan, senajan wus anjaluk pangapuro anjaluk kawelasan, ateges emoh ing ukumane, iku ora tinemu kejobo, pangadilaning jagad tetep paring ing gegantungane dewe dewe : sopo becik begjo sopo olo ciloko..
mulo anjaluk ukuman marang kang kapitunan iku luwih utomo tinimbang anjaluk pangapuro
iku ateges wewatekane uwong ingkang jejeg adil, ora malah karep diluputno ing ukumane..
Mangertiyo pangapuro iku dudu piwalese kesalahan.

Uwong sing dhemen anjaluk pangapuro, iku ateges dhemen diapuro
yoiku manungso ingkang enteng tekad, cilik atine, wani nglakoni ora bener, amargo biso njaluk pangapuro
yoiku manungso sing ora biso jejeg, ora biso adil, ora biso weruh ing kaluputane dewe..
dadi wong sing aweh pangapuro iku podo bae karo ngajeni wong salah, supoyo baleni nglakoni salah maneh
laku salah oleh pangapuro, laku bener kangelan : mulane pangapuro iku tetep kaaran ngajeni kesalahan...
upamane ora ono pangapuro, dunyo iki wus bagus edine.



Padunungan ( dununge )

PADUNUNGAN

.Akeh sing isih ngarani roso pangroso iku dumunung ono ing ati
.sing ono ing saknjerone ati iku angen angen
.saknjerone angen angen iku cipto
.roso pangroso iku dumunung ing jantung
.susah bungah gething dhemen wedi wani
.iku sg gawe owah gingsire kahanan jantung
.Dene koyo angen angen sg petheng (bingung) iku mergo katumusan roso pangroso
.samono ugo gingsire cipto y mergo kacampuran pangroso
.dene utek iku pucuk.e budhi
.bongkote budhi kaaran budhi kawruh kang ono ing wang wung
.Dadi sing diarani loro ati kae, angen angen sg lagi petheng...kurang sorot sunaring budhi..
.koyo mangkel muring nesu iku uwohing susah, nganti anjalar ing angen angen..
.angen angen sg katumusan pangroso kyo mangkono iku arane rahso (rosoning karep)..
hiyo rahso kang isih kasar, ndadekake pethenge angen angen
.wekasan dumunung ing gung liwang liwung.
.dadi padunungane wong wong bongso neroko..



Pasinaon ( Moco )

PASINAON

.ono pangerten
.ono kapercayaan

Kabeh uwong sing ngudi kawruh...iku ono loro parane..
.siji : ing pangerten parane
.loro : ing kapercayaan parane

Pangerten iku oleh olehane ngerti....podo ae kro kaweruh (oleh olehane weruh)..
sing weruh lan sing ngerti iku dirine...ateges dirine iku wis sambung seksen sineksenan (pangrungu weruh sworo ; dadi sworo iku pangertene pangrungu..ateges sworo iku oleh olehane pangrungu ngerti/sambung.seksen.sineksenan)
Samongso ora mangkono ; kawruh sing diudi mau dumunung ing kapercayaan...
dene kapercayaan iku dudu pangerten dudu kawruh...nganti dirine biso sambung nyatakno..
nalikane wus sambung nyatakno...kapercayaan owah dadi pangerten/kawruh..
dadi kapercayaan iku tanpo kasunyatan tanpo kawruh

Dene pangerten iku ndunungi kasunyataan.
dadi kabeh kabeh iku kapercayaan arane yen tnpo dinyatakno..
kabeh kabeh iku anggep anggep yen ora biso nyatakno...
tegese nyatakno iku mbuktino...dene mbuktino iku biso nganggo coro sing maneko werno...
wong percoyo tnpo biso nyatakno/meruhi dewe ; luput
wong meruhi dewe tanpo percoyo ; bener.
dadi wong weruh iku ws mesti percoyo
tp wong percoyo ora mesti weruh...
dadi ono ;
kawruhe kapercayaan
ono kawruhe pangerten
.Kawruh kapercayaan iku kawruh mati/mandeg
.kawruh pangerten iku urip/berkembang
lha karo karone iku kaaran plajaran/pasinaon...
sinau : mlajari.
wong sinau iku pingin weruh/ngerti
tp tnpo meruhi/ngerteni/nemu nyatane iku arane oleh kapercayaan.
pepindhane pangerten iku koyo pangrungu weruh sworo
pepindhane kapercayaan iku koyo pandulu weruh sworo... 
sworo iku ono ...amargo pangrungu wus nyatakno onoe..
sworo iku ono amargo pandulu ora biso nyatakno mulo dadi kapercayaane pandulu.
kog dinyatakno poncodriyo ora biso...iku brrt dudu kawruhe poncodriyo..
angen2 ora biso nyatakno
cipto dalah budhi ugo ora biso nyatakno...
roso pangroso ugo ora biso dienggo nyatakno...yoiku sejatine KAPERCAYAAN 
(ing salawase ora bakal ono nyatane).