Showing posts with label Meditasi. Show all posts
Showing posts with label Meditasi. Show all posts

Manekung

PANEKUNGAN


Kaaran Manekung

Iku tegese panggemblengan
yoiku ngolah doyo kang ono ing saknjerone rogo
sing lumrahe disebut meditasi..
.manekung ing lemah
.manekung ing banyu
.manekung ing udara
.manekung ing geni
doyoe lemah iku petheng
doyoe banyu iku adem
doyoe udara iku padhang
doyoe geni iku panas
Manekung iku ngolah unsur bawono ing sakjerone rogo
wiwitan olehe ngolah : dumunung ing wenang
madyoning ngolah : dumunung ing waseso
pungkasane ngolah : dumunung ing wengku
manekung iku pakartine sukmo klawan cipto...parane marang kawisesan
dadi manekung iku dudu ajaran utowo patrape nyembah opo suguh..
manekung iku ciptone digembleng dipusatno diarahno marang isen isene rogo..

wiwitane yo mung nggrayang - nggrayang
soyo suwe sangsoyo cetho kroso ketoro opo sing lagi digrayang/diolah sing lagi diarah.
dene rogo iku bawono njero
sing meh ora ono bedane karo bawono njobo..

unsur lemah banyu udara geni kawengku dening howo
doyo adem panas padhang petheng kawengku dening gether
Manekung. Nekung. Panekungan.

JOYO JOYO WIJOYO
SPIRITUAL TANAH JOWO




Sambunge Lakune Wong Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
:::::::::::::::::::::

SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO

----------

MANEKUNG

Ngolah doyo ing saknjeroning rogo
Ngolah unsure bawono ing njerone rogo
Lemah banyu udara geni
Petheng adem padhang panas
Menenge rogo kagowo angolah doyo
Klawan cipto makartining sukmo

Yoiku manekung kang ateges nggembleng
Hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo
Manekung iku pepdhane meditasi

Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo
Cokroning angin mubeng ing njerone rogo

Wiwit manekung ing lemah 
Manekung ing banyu
Manekung ing udara
Manekung ing geni

Doyo petheng sesambungane unsur lemah
Doyo padhang sesambungane unsur udara
Doyo adem sesambungane unsur banyu
Doyo panas sesambungane unsur geni

PANEKUNGAN

Manekung iku sangkane kawisesan
Ateges panguwasaan
Yoiku anguwasai rogone dewe
Awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo

WADAG NJOBO
Wulu..kulit..getih..otot..daging..balung..sum sum
WADAG NJERO
Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru
WADAG ALUS
Jinem..sanu..puat..otot alus..nadi..jiling..damarmoyo..utek..pramono jati..isp
Wadag tetelu iku kaaran awak kasar (rogo)

Sing alus sing njero sing njobo gandheng sesambungan (nunggal pisah)
Unsur lemah banyu udara geni ugo doyo panas adem padhang petheng yo nunggal pisah
Nunggal pisahe kabeh mau kaaran jumenenge rogo

PATRAPING MANEKUNG

Lungguh silo 
Meneng ora obah awake
Ambegane biasa (ora ditahan ora dibanterno)
Musatno cipto marang rogoe
Diarahno ing unsur lemah wiwitane
Yoiku ; kulit otot daging ginjel lambung usus ati limpah jantung paru paru
Unsur lemah iku minongko pambuntel (wadah)
Kawengku dening pratiwi (pambuntel wutuhe rogo)
Dadi pratiwi iku pancere unsur lemah

Manekung ing banyu

Saknjerone kulit otot ginjel limpah ati usus jantung lambung
Rupane abang ireng yoiku getih
Rupane putih yoiku sumsum nanah
Rupane bening yoiku kama
Ono maneh banyune kamanungsan iku sing dadi panglengkete kabeh pirantining rogo
ora keno diowahi yo ora ngowahi
Ora ngrusak ora keno rinusak
Dumununge ora ing njobo ugo ora ing njero
Yoiku sing dadi lantarane roso asmorojati
Unsur banyu pancere ono ing lambung (segoro bebanyu)
Ubengan cokro banyu pencere ning jantung

Manekung ing udara

Awit balung ugo sum sum (udara doyo adem petheng)
Udara iku meneng, obahe kaaran angin
Udara ngebeki kabeh pirantining rogo
Ateges kabeh wadag ono udarae nganti ing banyu yo ono udarae
Dene pancere udara ono ing wadag alus
Pancer cokro ubengane ono ing paru paru

Manekung ing geni

Geni iku dudu panas tapi geni mowo panas
Yoiku pramono jati sing ono ing tengahe telenge dodo
Iku pancering geni saknjerone rogo
Dene cokro banyu ugo cokro udara ugo biso nganakake geni

PEPENGET

Arepo manekung ing geni disek utowo udara disek gak ono bedane
Mung urutan lapisane iku lemah banyu udara geni
Nalikane manekung wiwite yo nggathuk nggathukno 
Ngolahe iku nalikane ws sambung pamusate ciptane
Nganti tekan ing nguwasai
Dene patang unsur mau kawengku dening howo
Howo iku dumunung ing saknjerone udara (alusing udara)
Patang doyo kawengku dening gether
Dene gether pancering ono ing jiling (kekandhangane roso)
Dene howo amratani ing sajeroning wadag kabeh

Ono topobrotoning angin
Ono manekung ing udara
Ono topobrotoning bumi
Ono manekung ing lemah
Ono topobrotoning samudro
Ono manekung ing banyu
Ono topobrotoning suryo
Ono manekung ing geni

Nalikane biso manekung ing nunggale patang unsur mau
Kaaran semedi tunggal (musatno langsung patang unsur)
Dene unsur saknjerone rogo iku ora mung papat
Ono akeh sakpirang pirang, nanging intine amung papat
Samono ugo doyoe yo ora amung papat, ono akeh nanging intine mung papat
Mergo ono lemah ketemu banyu
Banyu ketemu padhang
Padhang ketemu udara
Udara ketemu geni lan sakteruse………..