Showing posts with label Kawruh Jowo. Show all posts
Showing posts with label Kawruh Jowo. Show all posts

Book Of Spiritual

BOOK OF SPIRITUALITY

Kecerdasan didalam dimensi kedalaman yang akan menyala atau meredup..bergantung adad diri masing2..kesadaran yang akan berubah/berevolusi..berkembang atau yang akan terlarut pada dimensi fisik..bergantung pada diri masing2..

MIKROKOSMIS

Segala bentuk pengolahan diri baik itu meditasi..semedi..maupun topobroto pada dasarnya dapat menguatkan tubuh2 halus..sehinggah tubuh2 halus tidak mengeras/memadat seiring mengerasnya tulang2 tubuh..ketika tubuh2 halus itu belum memadat..pergerakan semesta raya (bulan bintang matahari) banyak terpengaruh olehnya..dan dimensi spiritual begitu jelas adanya..ketika kesadaran itu utuh..tidak berpling pada masa bayangan (masa depan:lampau)..tetapi hanya menatap masa sekarang/saat ini..karna masa/waktu itu hanyalah priode berjalannya suatu pergerakan..maka tidak ada masa itu nyata selain yang sedang dialami..bukan yang telah & akan dialami..

Seiring memadatnya tubuh2 halus dalam setiap kelahiran..dimensi spiritualpun menjadi semakin maya (samar)..sehinggah dibutuhkan pengolahan2 diri untuk menekan pemadatan yang berkelanjutan..
Materi adalah energi yang terpadatkan
dijaman sebelumnya (jaman kuno)..dimensi spiritual itu lebih jelas terlihat daripada dimensi materi..ketika pancaindra belum sepenuhnya memadat..
ketika pergerakan semesta raya masih saling terhubung (antara mikrokosmis dan makrokosmis)

SUPRANATURAL

Yakni kejadian diluar nalar..meski dijaman spiritual, supranatural itu adalah hal2 yang sudah biasa terjadi..dan memang dilakukan dengan sengaja..bukan kebetulan atau kehendak alam bukan pula perbuatan tuhan maupun setan..

SELUK.BELUK

Akan tetapi kehidupan telah berubah..dimensi spiritual semakin memadat..pikiran menjadi ilusi..perasaan menjadi halusinasi..hanya hal2 materi yang mnjadi nyata..kenyataan adalah materialis..energi menjdi tiada tanpa materi..bahkan ibu bumi sudah tidak peduli (tdk dpt terhubung lagi)..
Itulah mengapa setelah sidarta gautama mendapat pencerahan mengajarkan tentang derita manusia didunia (dimensi spiritual yg kian memadat), karena dia sudah membuka dimensi spiritual dirinya & melihat banyak manusia yang berada dalam penderitaan..arti derita yang dimaksut adalah tidak adanya spiritualitas..

SPIRITIS

Itu bukan tentang permohonan kepada tuhan..sebab itu bukan bentuk olah diri bukan juga kerangka spiritual..bukan tentang mengingat tuhan..karena tidaklah mungkin dapat ingat tuhan..sebab tidak pernah berjumpa..yang ada hanyalah mengingat sebuah nama/sebutan..

GERBANG SPIRITUAL

tubuh fisik-tubuh mineral-tubuh nabati-tubuh energi
Leluhur tanah jawa sudah mewariskan istilah Sasmito-Wisik-Wangsit..yang berarti terhubung dengan dimensi spiritual..meski pada tingkatannya masing2..
Hampir disetiap peradaban dunia..gerbang spiritual sudah tertutup..tidak ada yang dapat membukanya..sebab ajaran2nya sudah terhapuskan..tergantikan oleh kiasan2 beserta dongeng2 halusinasi kepentingan yang memang diadakan demi untuk membuat dimensi spiritual memadat bersama semesta raya..

Meditasi tanah api air udara

Dalam bentuk meditasi apapun akan membuat tubuh mineral menguat..yang berarti akan terlepas dari pemadatan tubuh fisik..yang dalam istilah jawa disebut kasukman : hal2 tentang olah sukmo..
Topobrotoing bumi gunung segoro angin srengenge mbulan lintang angkoso
dalam bentuk topo apapun akan berdampak menguatkan tubuh nabati..dalam istilah jawa disebut badan..yang bertalian dengan nyowo..itulah hastobroto : delapan jalan menyerap energi semesta..
Dan dengan semedi dapat memperkuat tubuh energi..yang biasa disebut dengan jiwo..

Maka dengan tanpa adanya pengolahan diri kecerdasan spiritualpun meredup dan tubuh2 halus akan memadat dengan tulang2 dalam tubuh fisik (raga)..
Dadi sakciptone yo Dadi sakkersone yo Teko sing dadi sejone..hanya ketika dimensi spiritual itu tergelar..

AMBIGUS

Meski dalam dunia modern dunia sains modern dunia pengobatan modern tidak mengakui adanya spiritis..tetapi tanah jowo adalah bumi yang penuh dengan hal2 mistik dan supranatural..

JOYO JOYO WIJOYO
MISTIK SPIRITUAL TANAH JOWO





Kadewatan ( Guruloka )

GURULOKO

KADEWATAN

Hyang hong wila heng
Awigna budiwa nowo songo
Sang dewo sang hyang sang buddo
Gusti tetep ingkang moho suci

Guruloka gelar jejagating bongso kadewatan
Tegese guru iku guruning jagad
Pamomong jagad penggelar nirwono
Kaswargan kanerakan wus lebur ora ono
Bungah klawan susah wus nunggal lebur
Salin kahanan kaganti sarwo seneng
Jalmo guruloka hiyo wong wong kadewatan

Yoiku.
bongso dewo bongso hyang bongso buddo bongso gusti

Bongso dewo
Yoiku diri diri kang wus dunungi kabecikan
Dene wong becik iku dudu wong sing karep becik
Tegese wong karep becik iku isih nuju dadi wong becik
Amargo isih durung ngenggoni kabecikan
Jiwone isih durung salin luwih alus
Mulo dirine isih demen marang becik
Isih gething utowo ngemohi olo
Wong ingkang nuju marang becik iku
Mung ngenggoni becik ing karep
Dirine isih durung salin dadi diri ingkang becik
Hiyo durung dunungi bongso dewo
Koyo dene meneng, durung meneng temenan
Amargo jiwoe isih durung salin rupo
Bongso dewo iku bedo klawan bongso hyang

Bongso hyang
Yoiku diri diri kang wus dunungi kawicaksanan
Wus dadi wong ingkang wicaksono
Iku dudu wong sing karep wicaksono
Dudu wong sing lagi nuju kawicaksanan
Dene wong karep wicaksono iku isih ngudi kawicaksanan
Mulane isih gething ora adil lan dhemen adil
lan sewalike
Ugo isih dhemen marang kawicaksanan
Kaaran durung ngenggoni wicaksono
Amargo jiwone isih durung salin rupo
Hiyo ora ndunungi bongso hyang
Bongso hyang iku bedo klawan bongso buddo

Bongso buddo
Yoiku diri diri kang wus dumunung ing pangastuti
Ateges wus dadi wong kang welas asih
Dudu wong kang lagi nuju marang welas asih
Yo dudu wong kang karep welas asih
Dene sing karep utowo tumuju welas asih
Iku isih pamrih marang dirine
Isih dhemen welas asih
Ugo isih misah welas klawan asih
Amargo jiwone si diri isih durung salin rupo
Hiyo durung ngenggoni bongso buddo

PEPENGET
Wong bongso dewo iku dirine luwih alus tinimbang bongso bethoro
Dirine bongso dewo sandangn jiwo kabecikan
Ateges rosone kabecikan dadi pancering dirine

Wong bongso hyang iku dirine luwih alus tinimbang bongso dewo
Awit dirine bongso hyang sandangn jiwo kawicaksanan
Ateges pancering roso uripe iku arupo wicaksono
Yoiku diri diri ingkang wicaksono

Wong bongso buddo iku dirine luwih alus tinimbang bongso hyang
Yoiku diri kang wus sandangan jiwo pangastuti
Ateges sing dadi pancering roso uripe iku welas asih
Dene wicaksonoe ugo kabecikane iku mung ubo rampe (ancer ancer)

Dene kabeh wong guruloka/kadewatan iku anggelar nirwono

Bongso gusti
Gusti iku dudu dewo hyang ugo buddo
Gusti iku ingkang moho suci
Gusti iku mung siji
Dene buddo iku akeh… sang buddo amung siji
Hyang iku yo akeh…. nanging sang hyang iku siji
Dewo hiyo akeh…. nanging sang dewo iku mung siji
Mulane ono aku ono sang aku

TUMITIS
Nitis tumitis manitis titisan katitisan
Awit sing biso manitis iku jalmo kadewatan
Hiyo wong wong guruloka
Yoiku jalmo ingkang dumadi
Ingkang nggelar rogo
Temurun laer ing arcopodo
Hiyo iku dumadi sing kaaran titisan
Titisan iku dudu rengkarnasi hiyo dudu katitisan

GUMELARING GURULOKA
Kabeh uwong iku biso ndunungi bongso kadewatan
Hiyo biso dunung ing kaendran
Dadi salugune bongso kadewatan kaendran nalikane njalmo
Gumantung ing praupan jiwoe ing salin lan orane
Kabeh urip bongso kaendran rosoe iku roso alus 
Dasare roso alus iku bungah susah dhemen gething wedi wani (swargo/naroko)
Kabeh urip bongso kadewatan iku rosoe luwih alus
Dasare roso luwih alus iku seneng tresno tatag (nirwono)

Ora amargo ngujo ora amargo nyembah bongso kadewatan
Uwong biso dadi bongso kadewatan
Ora amargo lelakon becike…uwong ngenggoni jiwo ingkang luwih alus
Bisane hiyo mung naliko jiwo salin rupo amargo kerep semedi

Ora ono bongso kadewatan iku duwe pengikut
Pomo duweni pengikut….si pengikut mesti ora ning guruloka
Ateges ora biso manjing dumunung ing kadewatan
Amargo gelar gumelar uripe wus ora podo
Ateges ora ono sesambungane

Dene ing arcopodo kabeh urip sandangn rogo
Kanggone sing podo podo makartino poncodriyo
Mesti bae biso srawungan seksen sineksenan
Amargo gelar gumelar jagate podo
Sing ngalami podo iku rogoe dudu jiwoe
Poncodriyoe dudu roso pangrosoe
Dene gelar gumelar jiwoe wong arcopodo iku ora mesti podo
Mulane ono sing dhemen iki ono sing ora
Ono sing gething iku ono sing dhemen iku
Susah bungahe yo bedo sangkane
Adem tentreme yo ora podo, yen podo amesti sambung (salaras)
Dadi mung podo podo anggelar arcopodo : rogoe
Ateges podo podo ngalamine (seksen sineksenan)

PENGETAN
Kaswargan lan kanerakan iku ono ing endi endio papan lan mongso
Amargo kekarone iku digowo digembol manungso mrono mrene
Sing nggelar jagad iku urip
Dene urip ora digelar jagad
Anane jagad iku soko anane urip
Dudu anane urip soko anane jagad
Bangsane sato dadi bangsane manungso
Bangsane manungso dadi bangsane sato
Bongso kadewatan dadi bongso manungso
Bongso manungso dadi bongso kadewatan kaendran kajaten
Wong kaendran ora weruh marang kadewatan kejobo mung satitik (ora akeh weruhe)
Wong kadewatan ora weruh ing kajaten, kejobo mung satitik
Mung wong kajaten bae sing biso weruh kahanan jati
Olehe weruh klawan jangkep (wutuh)

Tegese wong kadewatan iku jalmo urip ing guruloka
Tegese wong bongso kadewatan iku dumadi sing jiwoe ngenggoni jiwo2 bongso guruloka
Dadi wong bongso kadewatan iku dumadi pawakan wong kadewatan
Jalmo iku urip bebadan jiwo
Dumadi iku urip bebadan rogo
Setitah iku urip bebadan sukmo
Ning arcopodo ono swargo naroko (mangan enak turu ora penak)
Ning kaendran ono swargo naroko (bungah susah)
Ning guruloka iku ws ora ono swargo naroko
Ateges wus tanpo susah 
Dadi kabeh urip ing guruloka iku wus tanpo susah (nirwono)
Dene tanpo susah iku ono rong macem
Ono tanpo susah (peteng) ono tanpo susah (padhang)

Bongso kadewatan iku rahsoe luwih alus
Bongso kaendran iku rahsoe alus
Bongso kadewatan jiwoe iku luwih alus
Bongso kaendran jiwoe iku alus
Bongso kadewatan rosoe luwih alus
Bongso kaendran rosoe alus
Bongso kadewatan ndunungi budhi
Bongso kaendran ndunungi cipto
Dene wong janaloka iku ndunungi angen angen
Jiwo roso rahsoe isih kasar
Tegese alus iku padhang
Tegese kasar iku petheng
Sing padhang hiyo cetho sing petheng iku ora cetho
Kaaran samar iku amargo ono ing antarane padhang lan petheng.

Ora Nyembah Ora Sinembah ( tan anyembah )

ORA NYEMBAH TAN SINEMBAH


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Kencono wungu gumilang sangkan 
soroting suryo padhang jinglang
pethenge wengi kasinaran lintang mbulan
panembahan pamujaaning manungso
tanpo mangerteni sopo lan opo

Ono ingkang karep nyembah
ono ingkang wus nyembah
nganggo sarono macem macem kaaran ritual panyembahan
ono ing sajeroing papan pamujaan.

Tanpo weruh tanpo ngawikani
yoiku padunungane kapitayan
dudu padunungane pangawikan
uwong percoyo biso ora percoyo (was sumelang)
ananging wong wikan iku ngawikani (weruh)

ono kang nyembah amargo karep anyuwun
ono kang nyembah amargo karep mituhu
ono kang nyembah amargo roso matur ksuwun

Nalikane uwong kang anyembah katiban loro utowo nyandang sengsoro (kasusahan)
was sumelang ugo bebingunge anyanding uripe
amargo mokhal yen sing moho kuwoso menehi loro sengsoro
lan mokhal sing moho kuwoso wewatek sewenang wenang
ning sajeroing susah ono warto yen iku aran ujian (cobane sing kuoso)
yoiku palipur lorone kanggo nerusno olehe tetep anyembah
tunggale palipur loro maneh, yen bakal oleh kamulyan langgeng sakwuse pati
utowo yen gelem anyuwun ngerendah marang sing moho kuoso mesti bakal diwenehi opo sing dadi penjaluke
iku kaaran luputing arah lupute kang tinuju
isih ora weruh endi sing nyembah endi kang sinembah

Sing anyembah soko suka sukure mesti batal nalikane tompo kasusahan
sing anyembah soko mituhune mesti batal nalikane kuciwo
sing anyembah soko olehe anyuwun mesti batal yen ono sing ora kasembadan
sing anyembah soko anut grubyuk hiyo batal yen wus wikan

Dadi panyembahan sing molah maleh
ono sing amargo pingin oleh opo sing dikarepno
gumanti amargo pingin ucul soko sengsoro
gumanti amargo pingin oleh kamulyan sawuse pati lan sateruse
molah maleh owah osik gingsiring jiwone
iku kabeh amargo uwonge ora weruh marang sejatine
sopo sing nyembah
sopo sing sinembah
lan koyo opo olehe anyembah

Amargo nalikane nandang kasengsaran 
ora biso manembah karep ngaturake matur ksuwun
nalikane manembah pingin kamulyan sawuse pati
kabeh uwong mesti ora betah olehe ngenteni
manembaho amargo pingin kasembadan panjaluke
iku mesti ora kabeh penjaluke biso kasembadan
amargo yen saben panjaluke wong nyembah kasembadan
amesti jagad iki wus bubrah awit mbiyen
soko bedo bedoning panjaluke siji siji uwong

Sopo sing nyembah..

wangsulane hiyo manungso sing nyembah
endi manungsane, endi uripe, endi uwonge
sopo toh sajatine sing nyembah...
sing isih nyandang kasengsaran
sing isih nyandang getir kuwatir
sing isih nyandang pengarep arep (harapan)
iku kabeh ateges sing isih dumunung ing pepetheng

Ing sangkane anyembah ono parane kang sinembah
ora kabeh uwong nyembah podo parane
amargo bedone sangkan dadiake bedaning paran
awit getir kuwatir, sengsoro, pengarep arep
iku dadi sangkan olehe anyembah
mahanani bedane kang sinembah

Ono sing nyembah ono kang sinembah
ora ono sing nyembah ora ono kang sinembah
iku hiyo kaaran loroning tunggal
mulane bedo sing nyembah yo bedo kang sinembah
mulo perlu ngaweruhi sopo sing nyembah

Sopo kang sinembah..

yoiku sesembahan sesembahane wong akeh
dene gusti ingkang moho suci
iku dudu sesembahane kabeh uwong
amung dadi sesembahane sing podo suci suci kabeh
angen angen iku dadi sesembahane kabeh jiwo bongso donya
cipto ripto iku dadi sesembahane kabeh jiwo bongso kaendran
budhi iku dadi sesembahane kabeh wong bongso kadewatan

Kajaten ora nyembah ora sinembah
ora ono sing nyembah ora ono kang sinembah
yoiku jiwo jiwo bongso pengeran
aku kang wus lebur
ingsun kang jumeneng
budhi lan rosojati wus lebur nyawiji
kaaran jumeneng klawan pribadi.



Pangaksumo ( Pangapuroh )

PANGAKSUMO


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
Ingkang tansah wales winales
lupute kajaluk ing pangapuro
lupute kaijol ing pangapuro
lali paukumane lali piwalese
wani ngelakoni yo wanio ing ukumane
gelem nglakoni malah wedi piwalese
mung nuduhno ing cilik atine...

Tumindak bener yo oleh kabecikan
tumindak salah yo oleh paukuman
bener lan becik mardi kautaman
salah tur olo mardine kasengsaran

Amargo isih akeh kasalahan sing diluputake soko paukuman
iku ora biso jejeg ing adile, adile iku laku bener tompo becik laku salah oleh paukuman
mulo banjur ora biso maju ora tinemu ing kabagusan
wong tumindak salah iku patut keno ukuman
paukuman kui sarono kanggo marekno wong salah, supoyo weruh ing salahe, supoyo ora dibaleni maneh..
wong salah njaluk pangapuro iku wus lumrah, ateges ngakoni ing salahe..mung tanpo anane ukuman, wong salah malah kerep anjaluk pangapuro, ngemohi ukuman ; arep enak ngemohi rekasaane.. mulo banjur dadi uwong sing cilik atine, ora wani nanggung opo sing wus dilakoni.

Wewatekaning jagad iku tansah wales winales, wong salah wong tumindak cidro tumindak angkoro agawe kapitunan, senajan wus anjaluk pangapuro anjaluk kawelasan, ateges emoh ing ukumane, iku ora tinemu kejobo, pangadilaning jagad tetep paring ing gegantungane dewe dewe : sopo becik begjo sopo olo ciloko..
mulo anjaluk ukuman marang kang kapitunan iku luwih utomo tinimbang anjaluk pangapuro
iku ateges wewatekane uwong ingkang jejeg adil, ora malah karep diluputno ing ukumane..
Mangertiyo pangapuro iku dudu piwalese kesalahan.

Uwong sing dhemen anjaluk pangapuro, iku ateges dhemen diapuro
yoiku manungso ingkang enteng tekad, cilik atine, wani nglakoni ora bener, amargo biso njaluk pangapuro
yoiku manungso sing ora biso jejeg, ora biso adil, ora biso weruh ing kaluputane dewe..
dadi wong sing aweh pangapuro iku podo bae karo ngajeni wong salah, supoyo baleni nglakoni salah maneh
laku salah oleh pangapuro, laku bener kangelan : mulane pangapuro iku tetep kaaran ngajeni kesalahan...
upamane ora ono pangapuro, dunyo iki wus bagus edine.



Sambunge Ingkang Aran Lerem

SAMBUNGE INGKANG ARAN LEREM


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

NGENINGNO CIPTO

(meheningkan cipta)

Sukmo ingkang nukmo
Ngejawontoh anggelar rogo
Kalimput rosoning pangroso
Dadekake owahing ciptone sukmo
Ngolah ngalihe anyorot ing aura
Auraning badan kang nglimputi rogo
Sukmo nukmo kinuwoso anjajah ngideri bawono
Koyo pamesating sukmo ing jagad pangimpen
Iku ngrucating cipto soko limputing pangroso
Lolos sukmo..sukmo nukmo..silat sukmo

KAHENINGAN

Hening iku sunyi, yoiku leremening cipto soko owahe
owahing panggagas
owahing panggraito
owahing panganggep

Hiyo iku cipto ingkang dumunung ing hening..
yoiku sing diarani ketenangan
hening iku dudu kosong amung sunyi
ono ing sajerone cipto kang hening sukmone semedi…
ngeningno cipto iku 
ora nggagas tumanduking angen angen
ora nggraito ; ateges ora ngelingi kang wus linakonan 
ora nanggap ing makartine poncodriyo 
ning kunu sukmo awit biso tmbah alusan maneh 
nganti nyedak ing murnie yoiku wijine sukmo 
jalaran lereming cipto uwong awit biso nguwasai sukmone 
dadi ingkang linangkung ingkang murbo maseso
dadi saciptane katekan sasedyane 
menowo ora kaleremake ciptoning sukmo iku
biso tumangkar ngombro ngombroh ngebaki bawono 
pecahe biso ndadekake rencanane urip 
sing wekasane mbalek ngenani uwonge
yoiku padunungane cipto ingkang nukmo

SIDHAKEP SALUKU TUNGGAL

Tunggal tunggaling sawiji 
saktuju saksedyo sakadep hiyo sakpameleng
meleng meleng ing siji sijine karep
madep madepe ing siji perkawis 
tanpo ono pecahing cipto tanpo ono pamelengan liyo
kejobo mung iku siji sijine sing dielingi
nganti tumanceping cipto marang ingkang tinuju ora keno tola toleh
dadi buyar ambyar nalikane ono kenyut maneh 
dadekake sigar sedyane 
kang mangkono trape kudu ambaleni maneh 
nancepake ciptone marang ingkang tinuju…..
yen wus tumancep tumuwuh mantep
njur katekan sedyane kang tinuju..
Ora perlu ndungo njaluk njaluk
Ora perlu komat kamit mirid
Ora perlu ngujo ngujo

WEKASANE KAHENINGAN

Tanpo ngleremno hiyo ora biso nguwasai
awit biso nguwasai kae mergo wus biso nglerem
ciptone sing dilerem sukmone sing semedi
semedine sukmo iku agawe mundak ing aluse
alusing sukmo tumuju ing murnie
murnie sukmo iku wijine sukmo : kasebut sukmo kawekas
dene ora biso nguwasai iku amargo isih dikuasai
amargo isih dikuasai
mulane ngombro ngombroh ngebaki bawono kang tanpo kedadi ono
amung tumangkar reno reno
mulane perlu diheningno

Cipto biso nukmo, sukmo ugo biso nukmo
tegese nukmo iku ngejawontoh (mujud)
menenge rogo iku dumunung ing poncodriyo
heninge cipto iku dumunung ing sukmo

Menengno rogo Ngeningno cipto…..



Jangkepe Jogo Rogo

JANGKEPE JOGO ROGO


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
Mbuwang wedi nukulno wani
tegese wani iku tatag ngadepi
tanpo ono getir kuwatir
tanpo ono getun ing mburi
ambuwang was sumelang soko diri
hiyo iku lawangane piyandel ing diri
tatag teteg mulo banjur teguh diri
ora perlu wedi wedi
mulat sariro hangroso wani.

ROGO ENOM LAN ROGO TUWO

Wiwit rogo iku salin rupo saben pitung taon sepisan
ateges ganti rupane
ono rupo enom rupo tuwo
ono awak enom awak tuwo (rogo)
ono umur enom umur tuwo
katelune iku bedo ing padunungane, ojo disengguh asin podo uyahe
kedadiane :

Dene rogo enom iku awake luwih kuwat
ateges ora gampang keno leloro
hiyo cepet warase, naliko awake catu (kebacok/keno paku isp ; luka)
rogo enom iku ora ringkih poncodriyone
rogo enom iku dununge doyo kakuwatane awak
rogo enom iku dudu umur enom dudu rupo enom
rogo enom iku ateges rogo ingkang ora ringkih
dene ringkihe rogo iku gampang keno loro leloro
Dadi ;

Rogo tuwo iku rogo sing wus ringkih
rogo tuwo iku rogo sing arep rusak
dene enom tuwone rogo iku ora gumantung ing umur
enom tuwone rupo ugo ora gumantung ing umur
amargo awak rupo umur iku bedo pilah pilahe

NJOBO NJERONING ROGO

tegese rogo iku awak kasar
piranti piranti alus lan kasare rogo kawengku dening pratiwi
yoiku pambuntele kabeh pirantining rogo
wutuhe rogo kaaran wadag (wadahe piranti alus kasare manungso)
Ginjel - limpah - usus - lambung - ati - jantung - paru paru
iku sarupane wadag sing ono ing njero
Wulu - kulit - getih - daging - otot - balung - sumsum
iku sarupane wadag sing ono ing njobo

Dene sing ono ing sajeroing jantung iku jinem
tegese siji sing duweni doyo enem
yoiku pangecap pandulu pangambu pangrungu pangroso awak
kaaran poncodriyo, sing kaenem arane sanu
yoiku bibite loro lan waras
dene sing ono ing sajeroing ati iku cipto
sing dadi kakuwatan iku otot alus
yoiku sing mahanani gegandhengane jagad cilik klawan jagad gede
otot kurang alus (nadi), yoiku sing dienggo noto kahanan sajeroing rogo
kaaran utek yoiku papaning piranti sing mahananai gegathukaning kahanan ing njobo lan ing njero
iku mau kabeh kaaran wadag alus

JOGO ROGO

Iku njogo marang enome rogo
suksmo iku njogo rogo soko njero
ateges dayani marang rogo, mulane rogo ora biso bosok ateges awet
badan iku dayani rogo soko njobo
yoiku sing anyerot howo lumebu rogo, liwat kulit (pori pori)
ringkihe rogo durung mesti tuwone rogo, mung rogo tuwo iku mesti ringkih
pandulune ringkih-pangecape ringkih-pangrungune ringkih-pangambune ringkih-pangroso awake ringkih
ateges ringkihe poncodriyo ikuloh rogo tuwo
amargo jinem sing ono ing sajeroing rogo wus redup sunare
ringkihe iku mahanani loro leloro
nalikane wadag njero ringkih, hiyo mahanani loro leloro

Dene wadag njobo ;
wulu ringkihe gumantung ing kulit
ringkihe kulit gumantung ing getih
dadi nalikane getih ora ringkih, kulite hiyo sehat (waras)
yoiku dununge rupo tuwo rupo enom
ringkihe getih gumantung ing daging
ringkihe daging gumantung ing otot
ringkih kuwate otot gumantung ing balung
dadi nalikane balung ora ringkih, otote hiyo sehat (waras)
yoiku padunungane pegel lan rosane rogo
dene ringkihe balung iku gumantung ing sumsum
sumsum iku dadi punjer utowo dadi pusere wadag njobo
jaganen rogomu, ojo nganti keno leloro
nalikane keno loro, kaweruhono jalaran warase
ojo nganti waras tanpo meruhi jalarane
hiyo ojo nganti loro tanpo meruhi jalarane
loro waras loro maneh waras loro maneh
koyo mangkono sateruse yen ora meruhi jalarane.

PENGETAN

Loro leloro iku ateges kahanan ringkihe rogo (gk sehat)
mangano ing sambarang pepanganan iku ora biso dadekake rogone loro
yen wadag nero ora ringkih
ngombeo sambarang banyu hiyo ora biso andadekake rogone loro
nalikane wadag njero ora ringkih
ambegan o sambarang udara ugo ora biso dadekake awake loro
nalikane wadag njero biso nompo
dene udara iku ateges kempeling doyo sing ora biso wudhar (ucul)
awit udara banyu pepanganan iku kabeh isine doyo doyo
sing diolah ono ing sajeroing rogo
amargo rogo enom iku biso ngolah sambarang doyo
mulane hiyo ora dadi ringkih nalikane keno doyo doyo maneko werno
malahan iku biso dadi panguwat tumrap rogone ; wong awake ora tawar keno upas ulo
iku yen pingin tawar, ngombeo upas ulo
ora tawar iku amargo rogone ora biso nylaras doyone
dadi nalikane awak wus kaisenan upas, biso tawar ing upas ateges biso nylaras
rogo enom iku dudu umur enom rupo enom
hiyo dudu rogo kebal bacok kebal obong
nanging rogo enom iku cepet olehe waras nalikane keno bacok keno obong
rogo enom iku biso nompo sambarang doyo soko njobo
rogo enom iku ora ringkih ora gampang keno leloro
rogo enom iku biso dijogo dadi ingkang tanpo pegel tanpo loro
dene salin rupane rogo ing saben pitung taon sepisan
iku jalarane rupo enom nganti rupo tuwo
hiyo awit pitung taon-patbelas taon-selikur taon lan sateruse....
ono sing banget olehe salin rupo ono sing ora
gumantung kahanane rogo ing mangsane salin rupo
dene umur iku minongko tetenger kanggone rogo
dudu wates tondo enom tuwone rogo
umur iku dumunung ing mongso, ora dunungi enom lan tuwone rogo
samono ugo rupo, hiyo ora dunungi enom tuwone rogo
dene kanggone sing anggawe susuk (melbuno emas ing daging)
iku biso mahanani rupo enom tanpo salin
wadag njero wadag alus wadag njobo iku nunggal, ateges dadi siji
mung nunggale iku nunggal pisah
amargo nunggal mulane hiyo jumbuh, ateges sesambungan antarane sing alus sing njero sing njobo.

SAMBUNGE JOGO ROGO

Ora ono njobo ngowahi njero, ora ono kasar biso ngowahi alus
mulo tetep sing marai rogo loro (keno penyakit)
iku amargo njerone sing ringkih
ono kalane amargo ubengane doyo sing ora timbang
sing dadi jalarane ora timbang biso soko njobo biso soko njero
jalaran sing soko njobo iku rupane sing dilebokno ing rogo
koyo udara banyu pepanganan
jalaran sing soko njero iku :
badan ; nalikane badan ringkih utowo kurang olehe anyerot howo (kulite reget)
suksmo ; nalikane suksmo ringkih andadekake wadag njero ringkih
rahsa ; rahsa iku dumunung ono ing nyowo
amargo kerep katerjang ombaking rahsa, mulo ragane luwih cepet tuwo
ombake rahsa iku akeh banget cacahe, mung kabeh hiyo sesambungan
awit nesu manglah muring susah
awit was sumelang bebingung lan wedi
iku kabeh ateges ombaking rahsa
dene koyo dhemen, bungah, seneng iku hiyo rahsa, mung ora dadi ombak
dene ombaking rahsa iku dadi jalaran angrusak rogo
dadine ;
sing sopo kerep susah sumusah iku luwih tuwo ragane 
tinimbang sing kerep bungah bebungah
dene ombaking rahsa sing gede dewe iku wedi saknisore wedi was sumelang saknisore maneh iku bebingung

Sing soko njobo rupo udara iku gumantung ing tenggorokan lan paru paru
sing njobo rupo banyu iku gumantung ing lambung
sing njobo rupo pepanganan iku gumantung ing limpah lan ginjel
sing disebut penyakit utowo sing marai loro leloro
iku sejatine mung rogone ringkih
amargo rogone ringkih mulane ora biso nyelaras doyo soko njobo
banjur ubengane doyo sing ono ing njero dadi ora timbang.

PEPENGET

Nalikane ono rahsa mesti bareng karo onoe roso
kaaran rosoning karep (rahsa)
Dene onoe roso bareng karo onoe rahsa
kaaran kareping roso (roso pangroso)
mung onoe roso ora mesti bareng onoe rahsa (sangkalpa)
dadi rahsa karo roso iku nunggal pisah
Ora usah wedi wedi
ing sambarang kedadean marang sabarang perkoro
getir kuwatir arane 
yoiku nalikane wedi marang opo opo sing durung kedadean
getun arane
yoiku nalikane wedi marang opo opo sing wus kedadean
wingit arane
yoiku telenge wedi sing ono ing sajeroning sanubari
wedi iku ombanking roso sing gede dewe
dene koyo was sumelang lan bebingung iku ancer ancere wedi
wedi iku banget olehe ngusak rogo
sing mahanani rogo luwih cepet tuwo.

Jogo rogo
Murih pikuwating rogo
Murih lestari enoming rogo
Tumuju marang rogo sentoso
Santosaning rogo 
Nuju jejeg jumeneng enoming rogo
Yoiku tetep wutuh ing enome
Yo enom rupane hiyo enom rogone.



Jangkepe Cupumanik Hastogino

JANGKEPE CUPU MANIK HASTOGINO


Rogo ingkang kasinungan dayane suksmo
balutane rogo slendange suksmo
suksmo kawetu ambuntel rogo
soyo lawas sangsoyo sampurno
ngrogo suksmo iku suksmone ngenggoni rogo
hiyo suksmo dadi pambuntele rogo
ngrogo suksmo 
iku dudu suksmo metu soko rogo
banjur kluyuran mrono mrono

Cupumanik Hastogino

CUPUMANIK iku WADAH ARUPO CAHYO
HASTOGINO iku DUWE WOLUNG PIGUNO
sing lumrae disebut ; cupumanik astagina
yoiku :

Ateges rogone ora kademen nalikane keno doyo adem
hiyo rogo sing wus kuwat nompo gethering adem
tanpo kademen iku rogone wus biso betah adem
awit ademing banyu ugo angin
ateges rogo kuwat nyonggo kaademaning doyo bawono
tanpo kademen iku dudu ora keno adem utowo ora kroso adem
nanging kuwat lan betah marang adem

Ingkang Wus Tanpo Kepanasen
ateges rogo kang kuwat nyonggo doyo panasing bawono
mulo wus tanpo kepanasen
iku rogo sing wus kuwat lan betah marang panas
sing ora kuwat lan ora betah mesti kepanasen
nalikane keno doyo panasing bawono

Ingkang Wus Tanpo Pegel
yoiku rogo sing wus ora duweni pegel (lelah letih)
ateges doyone rogo wus lestari kakuwatane

Ingkang Wus Tanpo Loro
yo rogo sing wus ora tau keno loro ateges bagas waras
loroning rogo iku ringkihe rogo
lestarining rogo iku tanpo loro
hiyo samubarang loro leloro ora ngenani rogo

Ingkang Wus Tanpo Bungah Tanpo Susah
sirnoning bungah iku hiyo sirnoning susah
ugo sewalike
bungah bebungah iku ; karep sing katekan
karep iku doyoning arep, onoe yo mung naliko tumuju ing arep
susah sumusah iku ; karep sing ora katekan
dene sing wus tanpo bungah susah
iku nalikane karep katekan ora bungah
hiyo ora susah nalikane karep ora katekan
ora susahe iku dudu ateges sabar
dene sabar iku mbetah mbetahno (ngempet piloro/susah)
mulane rogo biso santosa, ora rinusak dening bungah susah
tanpo bungah susah iku padunungane rogo santosa

Ingkang Wus Tanpo Luwe
tanpo luwe iku dudu rogone wareg teros
dudu tanpo mangan wetenge kaisi
tanpo luwe iku ateges 'ORA KELUWEN'
terange mangkene :
wareg iku weteng kaisen pepanganan
luwe iku weteng ora kaisen pepanganan
sing durung tanpo luwe iku mangan, amergo kroso luwe
utowo mangan perlu ngisi wetenge
dene sing tanpo luwe iku mangan ora mangan wus ora ono bedane
mangane iku ora amargo luwe utowo perlu ngisi wetenge
tanpo luwe iku dudu rogo sing ora mangan
nanging ora keluwen (ora bingung kumudu ngisi weteng)
dene sejatine sing pingin mangan iku dudu weteng
hiyo ora kanggo weteng
sing pingin mangan iku sejatine cangkem ateges ilate pingin ngrasakno 
cangkem iku sing duweni karep mangan dudu weteng
amargo sing pingin mangan iku cangkem, mulo kabeh sing isih duwe cangkem tetep pingin mangan
sanajan toh wetenge iku wus kaisi pirang pirang panganan
ateges wus wareg nemen, hiyo isih tetep duweni pepinginan marang pepanganan
dene pepanganan2 iku kabeh sing marai rogone berkembang (tumbuh) soko sari sarine pepanganan
ateges perkembangane balung nganti wulu.

Luwe iku kroso wetenge gothang (ora isi pangan)
keluwen iku banget olehe pingin mangan amargo ngroso luwe
dene kanggone sing tanpo luwe iku 
pingine mangan ora amargo kroso luwe
olehe mangan ora mergo weteng gothang ugo isi
nanging mangane amargo pikarep cangkeme
dene kanggone sing durung tanpo luwe
iku kuwate ora mangan amargo wetenge isih kroso isi
lan mbetah2no kuwat ora mangan nalikane weteng ora isi
mung tetep olehe pingin mangan amargo kroso wetenge gothang
dadi tanpo luwe iku rogo ingkang nuju sampurno
hiyo nuju sampurnaning rogo
amargo wus ora bingung naliko wetenge luwe
ugo ora sumpek yen wetenge wareg

Ingkang Wus Tanpo Turu
turu iku ateges angen angen ora makarti
ora makarti iku angen angen ora tandanggawe
amargo poncodriyo pisahan karo ratune
mulo rogone ora sadar menowo makarti
ateges ora sadar nalikane poncodriyoe obah
yoiku yen poncodriyo tininggal dening ratune (angen angen)
Lumrahe turu iku klawan mereme mripat
mung mereme mripat ora mesti turu
ugo ono turu sing mripate ora merem
amargo turu iku ; 'angen angen ora makarti'
sopo toh sing turu?
hiyo sopo bae sing lagi mbuwang angen angene
anane angen angen ora makarti iku amargo 
anane rogo sing pingin leren (pegel)
dadi sing turu iku ; angen angen
dene rogone isoh ugo obah mrono mrene, mung ora nyadari yen obah
dadi sing pingin turu iku : siji.poncodriyo loro.angen angen telu.pakulinan
sing tanpo turu iku ; rogone ora njaluk turu, ora butuh turu, wus betah ora turu
hiyo iku rogo ingkang sampurno
wus tanpo ora sadar wus tanpo ora eling.

PEPENGET

Ngrogo suksmo iku dununge rogo sampurno
yoiku suksmo sing wus sampurno nyandangi rogo
Tanpo kepanasen lan tanpo kademen iku gegandengan
ateges iku nunggal kahanan, nunggale nunggal pisah
Tanpo pegel lan tanpo loro iku hiyo nunggal pisah
tunggal kahanan mung rong rerupan
sing wus tanpo pegel hiyo wus tanpo loro, ugo sewalike
Tanpo bungah lan tanpo susah iku yo tunggal
Tanpo luwe lan tanpo mangan ugo tunggal
sing wus tanpo luwe yo tanpo turu, sing tanpo turu yo tanpo luwe

Kanggone sing wus tanpo luwe wus tanpo turu iku ; sanajan rogone turu rogone mangan
tetep bae rogone wus ora butuh marang mangan lan turu
Sing wus tanpo kademen iku rogone ora butuh klambi kandhel nalikane ono ing panggonan adem
mung klambiano kandhel iku ora amargo kademen
dadi ono bedane sing wus tanpo kademen lan ora
sanajan podo podo nganggo klambi kandhel
mulane tetep ono bedane sing wus tanpo luwe tanpo turu lan ora
sanajan podo podo mangan turune, ananging ; 'rogone bedo'
Sing wus tanpo luwe ; ora mangan
Sing ora tanpo luwe ; ora mangan
iku tetep ono bedane, sing tanpo luwe ; ora mangan ; amargo wus ora butuh mangan
dene sing ora tanpo luwe ; ora mangan ; amargo mbetah2no ora mangan
mulo tetep mangan wekasane, perlu ngisi weteng sing kroso gothang
lali yen pingine mangan iku amargo isih duwe cangkem.

SAMBUNGE CUPUMANIK HASTOGINO

Tanpo kademen tanpo kepanasen iku dumunung ing rogo
ateges wulu lan kulit sing wus salin
Tanpo pegel tanpo loro iku dumunung ing badan nyowo
ateges dayaning badan nyowo kang wus sumebar ing rogo njero
Tanpo bungah tanpo susah iku dumunung ing pangroso
yoiku nalikane bungah susah wus nunggal lebur
andadekake salin kahanane, dadi : jumeneng klawan seneng
nalikane roso pangroso salin kahanan, jiwo ugo salin rupo
Tanpo luwe tanpo turu iku dumunung ing suksmo
yoiku naliko pambunteling suksmo arep sampurno
sampurnaning rogo iku sampurnaning suksmo ambuntel rogo
yoiku sing diarani katitisan 'wahyu cokroningrat'