Sangkan Paran

Share

PARANING SANGKAN

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SAJATINING PARAN

Soko lemah bali ning lemah
Soko geni bali ning geni
Soko banyu bali ning banyu
Soko udara bali ning udara
Sing bali kae dudu lemah banyu geni udarae
Amung unsur unsure bae
Dene nyatane hiyo mung dadi wangke

MAGNETISME

Wewatekane doyo, iku tansah tarik tinarik, serot anyerot, lan tolak tinolak
amergo isining jagad iki amung DOYO lan OBAH
mulo kabeh hiyo biso gathuk ing paran parane dewe
koyo sarupane urip y manggon ning jagate dewe dewe, uripe bongso alus y manggon ing kaendran, uripe bongso dewoto y manggon ing kadewatan, uripe bongso rogo y manggon ing janoloko..

Kang mangkono iku amargo uripe selaras kro jagat sing dadi papane
Hiyo uripe dewe sing anarik gelare jagad
Mulo ora ono wong swargo manggon ing naroko
Ora ono wong naroko manggon ing swargo
Bisane wong swargo iku manggon naroko lan wong naroko manggon ing swargo hiyo nalikane salin rupo jiwoe, ateges wus salin uripe..

BEDA BEDANING JAGAD

Bocah cilik iku jiwoe ora podo kro wong tuwo, mulo sing dialami lan sing didelok kekarone hiyo ora podo, swargo narokoe hiyo bedo, iku arane podo podo sanding urip mung bedo anggelar jagate..
Maneh ;
Ono wong lagi bebungah lagi seneng karo uwong sing lagi susah, sumusah.. kekarone nyanding urip bareng, nanging amargo jiwoe ora podho, ning kunu sing dialami, sing didelok, kekarone hiyo bedo, amargo bedo olehe anggelar jagat, sing siji tansah cetho, terang, adem amargo nyandang bebungah ateges sandangan jiwo kaswargan, mulo gelar jagate y jagad kaswargan..

Dene sijine nyandang susah, sandangan jiwo kanerakan, mulo kabeh sing dinulu, kabeh sing dirasakno mung marai panas, lan petheng, mung agawe loro aten..mangkono iku amargo kecemplung naroko, manggon ning kanerakan..

Wong naroko y ora katon swargo, sanajan biso mringis, mesem, iku amung sawetoro bae, ateges karep nyingkuri utowo kanggo nglalekake yen dewek.e lagi kecemplung naroko..selagine jiwoe isih durung biso salin rupo, nganti titiwancine ucul soko sandangan rogo, ning kunu banjur jiwoe katon cetho, amargo sing anutup wus lebur, jagade poncodriyo wus sirno..

Awit soko iku, manungso iku samongso wus njalmo, biso dadi dewo, dadi gusti, dadi bethoro, danyank, dhemit, memedi, siluman, brekasaan, dadi leletheking jagad, dadi sato dadi hyang menowo ora rengkarnasi bali dadi dumadi, hiyo dadi salugune jalmo, ing triloka..utowo manjing ing kajaten.

Wewatekane uwong iku nuduhno ing rupone jiwo, rupone jiwo iku nuduhno ing jagate, hiyo nuduhno ing kahuripane.

TEGESE PARAN

( kene kono, kono kene )
{ wingi saiki sesok, sesok saiki wingi }

Paran iku pantulaning sangkan
Pantulane mongso lan papan
Ora mung papane bae
Ananging sak mongsoe sisan
Amargo rupo gelare jagad iki papan lan mongso
Mulo parane urip mowo papan mongso

Sajatine papan iku KENE
Sajatine mongso iku SAIKI
Dene parane urip iku sing saiki y ning kene, dudu kono lan mbesok..
jiwomu kamanungsanmu kauripanmu ora ning kono y ora mbesok lan wingi, ananging saiki opo sing korasakake, yoiku rupane urip.

Lupute y nalikane urip dikiro ning kono, papane dikiro ning kono, mongsone dikiro mbesok, awit gelare wingi lan mbesok iku ono ing SAIKI lan KENE.

Bedone paran soko bedone urip bedone urip iku soko bedoning jiwo.
Tetep tarik tinarik lan tolak tinolak
Yoiku pangadilaning jagad.