Wewaran

Share

PAWEDARAN


tak mbabar nganggo bosone dewe sakpenak,e dewe
AKU hiyo urip mung isih akeh urip2 sakliyane AKU
yen AKU ono urip hiyo ono, AKU raiso mati hiyo tanpo pati
AKU lan urip kaaran dhiri, AKU dudu sebutan dudu pengakuan tanpo diaku tetep ono, onoe AKU bareng karo onoe roso mulo kaaran tritunggal..
Sing mati2 kae dudu AKU nanging urip2 sing tanpo AKU
saben ono AKU mesti ono urip mung ora saben urip ono AKU

AKU bungah artine AKU urip nganggo roso bungah AKU dhemen artine AKU urip nganggo roso dhemen.. AKU hiyo wus mesti sadar yen ora sadar iku dudu AKU, dadi ora ono kesadaran sing tanpo aku.. 
saben ono kesadaran mesti bareng onoe AKU, mung ora kabeh urip ono kesadarane..
AKU hiyo sing nggelar jagad dudu jagad sing nggelar AKU, AKU ora digelar dening jagad.. .rerupan iki ilang yen pandulu tak gulung..
dadi jagate rerupan ginelar dening pandulu, onoe rerupan mergo onoe pandulu mung kedadian onoe mau bareng..pandulu hiyo rosoe pandulu ; ndulu, AKU sing nggunakno rosoe pandulu nggelar jagad rerupan.. .

SADAR NYADARI KESADARAN

Saben ono sadar mesti ono weruh mung ora saben weruh ono kesadarane, dene saben kesadaran iku wus mesti ono rosone, mulo njur ono sing kaaran wikan hiyo ngawikani, sing artine AKU nyakseni, nyekseni sworo hiyo nganggo pangrungu, nyekseni rerupan hiyo nganggo pandulu.. .
AKU dudu rogo dudu sukmo ora nyowo dudu badan jiwo roso mung AKU iso dadi iku mau kabeh.. .
dene AKU kang sejati hiyoiku INGSUN, INGSUN hiyo kahanan jati ora ono kahanan maneh amung INGSUN kang ono.. .

AKU hiyo dewo tegese AKU urip nganggo rosoing bongso dewo
AKU hiyo hyang hiyo budho hiyo gusti tegese AKU urip nganggo rosoe kabeh bongso mau iku kabeh.. .
dudu mergo nganggo pakartine bongso dewo AKU dadi dewo nanging mung mergo nganggo rosoing poro dewo.. .

AKU dudu angen2 dudu cipto ripto hiyo dudu budhi nanging AKU iso nganggo iku mau kabeh.. .AKU dudu bungah dudu susah dudu dhemen po gething mung iso migunakno iku mau kabeh.. .hiyo AKU sing agawe bebungah anggelar roso bungah, dudu bebungah sing nggelar AKU.. .
nanging pakulinan iku lirkadiyo urip ; biso mlaku karepe dewe
dadi ono bebungah2 ono susah sumusah sing urip nggelar dewe mergo wus dadi pakulinan , mulo njur kaaran watek.. .
Yen kaswargan ginelar dening bebungah, kanerakan ginelar dening kasusahan, dudu swargo nggelar bebungah dudu naroko nggelar sumusah..
podo koyo dudu rerupan sing nggelar pandulu, mulo mergo AKU sing nggelar hiyo AKU sing ngrasakno AKU sing weruh lan sadar.. .

DENE WONG JOWO ANGGELAR NIRWONO
JOYO JOYO WASKITO TANAH JOWO