Showing posts with label Semedi. Show all posts
Showing posts with label Semedi. Show all posts

Spirit Of Java

SPIRITUAL OF JAVA


Ingdalem sajeroing meneng
ateges ora obah rogone lan angolah doyo
Ning Neng Nung Nang Nong
Olehe meneng klawan niteni lan ngrasakno melbu metune udara (ambegan)
angen angene hiyo tumuju marang ambegane
hiyo iku arane 'olah napas'
ndayani marang ubengane bayu sajeroing rogo..
dene angen2 kang dadi pakertine.

Panekungan

Olehe meneng klawan niteni unsur kang ono ing sajeroing rogo (banyu..lemah..geni..udara) ugo ngrasakno anane unsur mau, hiyo sing mgawujud rupo isen2e rogo ; awit jantung, ginjel, getih, lambung, ati, paru2 isp.. lan ugo ngrasakno doyoe kyo adem panas padhang petheng.. ng kunu angen2 dalah ciptone katujukno marang sawijine doyo lan unsur2 mau, yoiku kang aran 'manekung'
kang ateges 'nekung; musatno'
dene ambegane ora dirasakno, ateges ndayani marang isen2 sajeroing rogo, nganti ambegane dadi ambegan manekung, menowo ora mangkono arane olah napas, mergo tumujue/pamusate marang ambegan hiyo cipto ripto kang dadi pakertine.. dene parane panekungan iku 'kawisesan' ateges 'penguwasaan'

Hastobroto (wolung laku topo)

Ing sajeroing meneng, ngrasakno lan anyerot doyoing bawono, kang arupo wolung perkoro (bumi..gunung..angin..segoro..lintang..mbulan..srengenge..angkoso)
.bumi teles bumi garing..gunung urip gunung mati..angin nggebes angin lirih..segoro butheg segoro bening kaserot doyone
.doyo getare lintang doyo ademing mbulan doyo panase srengenge lan gethering angkoso
hiyoiku badan sing dienggo anyerot doyone..
kaaran topobrotoing bumi nalikane meneng anyerot doyoing bumi, dene ambegane ora dititeni amung niti ngrasakno panyerotane, nganti ambegane dadi ambegan topo, yen niteni lumakune udara sing melbu metu.. iku arane olah napas
hiyo karso kang dadi pakertine.. dene parane hastobroto iku 'kadigdayan' ateges 'digdoyo'

Panglereman

Ingdalem sajeroing meneng, cipto ripto kaleremake
dadi ngrasakno lereming cipto, dene cipto iku hiyo pamikir mung ono gambare, dene angen2 iku yo pamikir (raos), tapi ora ono gambare..
yoiku ngeningno cipto, ateges kbeh doyo ditujuno kanggo nglerem obahe panggraito ugo panggagas..
ora nuju marang ambegan..njur nganti ambegane dadi ambegan hening, mergo katut marang lereming cipto.. ora murih heninge ambegan..
nalikane ciptone biso lerem nang kunu sukmoe semedi, tambah lerem dadi tambah tenange, olehe tenang temenan, yoiku 'kaheningan'
tambh hening dadi tmbh alus sukmoe, ategs tambah kamurniane, hiyo murni teko wuwulan yoiku doyo2 wuwulane sukmo, nalikane sukmo anggelar rogo.. mulo uwonge diarani kawulo, amergo kawuwulan sapirang pirang doyo.. doyo" kang ngawuwuli sukmo hiyo ngawuwuli jiwo..
njur nganti biso tekan ing wijine sukmo yoiku sing diarani 'sukmo kawekas' mulane njur diarani ingkang amurbo masesa.. amergo hiyo biso dadi sakciptone.. dene cipto iku biso nukmo (mujud).
Ingdalem sakjeroing meneng ngenebno rahso
yoiku aluse kekarepan, rupo wujute enem pangroso (dhemen gething bungah susah wedi wani) iku kaenebake, kabeh doyo ditujuno kanggo ngenebno rahso, nganti raono rahso sing kumambang.. yoiku sg diarani 'anteng'
olehe anteng temenan yoiku sg diarani 'kaweningan' jagad wung wang sing kagelar.. yoiku sangkane kabeh kaweruh, dadi asale ono opo sing diarani uwit kayu sejati, soyo wening rahsoe sangsoyo salin jiwoe, dadi tambah alus tambah alusan maneh nganti tumeko alusing alus.

NGGELAR NGGULUNG

Urip iku nggelar jagad, jagad iku sing digelar, dudu swalike : jagad nggelar urip..

Menengno Rogo

Kang ateges nggulung poncodriyo, yoiku limang indriyo (pandulu..pangrungu..pangecap..pangambu..panggepok)
makartine pandulu iku nggelar jagad rerupan
makartine pangrungu nggelar jagad sworo
makartine pangambu nggelar jagating gegandhan
makartine pangecap nggelar rasaning ilat
dene gatel keri alus kasab kagelar dening panggepok
angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo ateges mengku nguwasai..

Nggulung Pandulu

ateges ora makartino hiyo ora nggelar rerupan, digulung nuju lereming pandulu.. ono ing lereme pandulu thukul 'alusing pandulu' yoiku kayektene paningal, mulo njur ono sing diarani waskitoning nolo, yoiku dununge uwong biso dadi dewo biso dadi hyang..

Nggulung Pangrungu

ateges agawe lereming pangrungu, sworo" ora kagelar, mergo pangrungune digulung.. ning kunu, awit thukul 'alusing pangrungu' njur dumunung ono ing alusing sworo, hiyo sworo njero sing biso nyirep sworo njobo, mulo njur biso thukul prabowo, tanggep ing sasmito hiyo dadi landhep panggraitone..

Nggulung Pangambu

ateges nyirep kang ndadekake lereming pangambu, rosoing pangambu ora dienggo, dadine jagating gegandhan ora kagelar, ning kunu awit thukul 'alusing pangambu' dene bangsane gegandhan kyo wangi anyir isp kagulung, awit dumunung ono ing kaalusan, ngirup kamurniane gegandhan yoiku 'gondho sari' iku sing dadi panguwating cipto.. hiyo iku bakale sing biso mujudno opo sing dituju..
amergo iku sing dadi larasing sedyo ingkang nuju ing pinuju.. 

Nggulung Pangecap

ateges ngleremno ora makartino rosoing ilat, ono ing lereme pangecap thukul kaalusane, njur awit dumunung ono ing aluse rosoing ilat, klawan necep lembuting sari" kang dadi pikuwating karso, dene karso iku bedo kro karep, yen karep iku pinuju ing arep, karso iku sadurunge pinuju arep.. mung kekarone aran pepinginan.. dadi karso iku alusing kekarepan..

Nggulung Panggepok

ateges ora digunakno, ora ginelar ora makarti.. ono ing ora makartine panggepok, awit thukul kaalusane, yoiku awak alus, awak sing ora nggelar adem panas gatel keri isp.. dene awak alus iki dudu alusing pangrungu pandulu pangecap pangambu, yoiku awak ingkang sayekti, awak kang wekasane biso dadi pambuka opo kang sinedyo..

Nggulung poncodriyo Nggelar aluse

-Podo kyo ambegan, tanpo disejo mlaku dewe, poncodriyo ora digelar, nggelar dewe, mangkono iku gumantung sing mengku, ateges opo jare angen angene, yen kerep dilatih yo sangsoyo biso..
-Iku dudu kodrat nanging pakulinan sing ws turun temurun..
-Dadi menenge poncodriyo nuwuhno alusing poncodriyo, mulo kaaran dosondriyo, dene angen angene hiyo dadi ratuning dosondriyo, wis ora ponco maneh..
Menengno rogo Ngeningno cipto Ngenebno rahso Ngolah roso yoiku kang aran samadhi, olehe biso meneng ING NENG temenan, yoiku 'mahening suci'

JOYO JOYO WIJOYO
DIGDOYO WASKITO TANAH JOWO





Jangkepe Ingkang Aran Lerem

JANGKEPE INGKANG ARAN LEREM

:::::::::

Wening kang cetho welo welo
padhang tanpo alinge ngrahono
sumebyar laras nyantosani rogo
meneb reregeting dadi sirno

KAWENINGAN

Menengno rogo, Ngeningno cipto banjur Ngenebno rahso
rosoe rahso hiyo rosoning kekarepan
awit sing gede cilik, tipis kandhel, alus kasar
kapilah pilah lan kaenebake
menebing rahso yoiku tegese wening
weninge rahso anggelar jejagade, yoiku
wang wung kang tanpo wates kang ngemot sekabehe kaweruh
pepindhane wus ora koyo katindihan gunung maneh
ananging gumrigah wus amindah gunung kang ngaling ngalingi
cetho padhang yoiku kang aran wus pramono..

Wening iku bening, hiyo nalikane rahsoe biso meneb
dene menebe rahso iku sing dadi jalaran gumrigahe budhi
lan dadi pambuka plawangan alusing roso pangroso 
dadi sebab kandhele roso kamanungsan kang sejati
uga kang mahanani salin rupoe kabeh jiwo

Saben ono rahso iku mesti bareng onoe roso
Mung onoe roso iku ora mesti bareng karo onoe rahso
Rahso iku ALUSING KEKAREPAN
sing kasar sing alus sing apik sing olo hiyo kaenebke
gething dhemen, bungah susah, wani wedi
iku enem bongkoting rahso
dene koyo nesu muring manglah sengit was sumelang getir kuwatir isp...
iku kabeh mung pang pang ateges ; anak.ane bongkoting rahso
hiyo sangsoyo suwe sangsoyo mati menowo kerep meneb rahsone

BUDHI

Awit cipto lan angen2 iku hiyo pamikir
samono ugo budhi hiyo pamikir
yen bongso janaloka ndunungi angen angen
bongso kaendran ndunungi cipto
bongso kadewatan ndunungi budhi
awit budhi utomo, budhi jatmiko, budhi rahayu.....isp 
sing kabehe iku cacahe ono pitu geneb wolu

Ono budhi kaweruh ; yoiku bongkoting budhi
sing mung ono ing kaweningan
Utek yoiku pucuke budhi
nalikane durung biso migunakno pucuke budhi
iku lirkadiyo wong sing isih ketindihan gunung
hiyo gedhene rahso sing kaumpamakno gunung
nalikane wus biso migunakno pucuke budhi
kaaran wus tangi budhine, kaumpakano koyo wong kalingan gunung
mulane yo isih kagubet ing pepethenge bebingung
menowo kerep angenebno rahsoe, sangsoyo cetho sangsoyo padhang
ateges wus amindah gunung kang ngaling ngalingi
angen2e padhang, jembar, landhep panggraitone
samubarang prakara iku isih kalilingan/katutupan hiyo durung cetho
mulane enebno rahsomu...

GEGAMBUHAN

Weninge rahso iku alusing rahso, dene alusing rahso iku wes mesti bareng karo luwih alusing roso
ateges dumunung ing roso kang luwih alus (roso kasar-roso alus-roso luwih alus-roso alusing alus)

Wus ora loro rogone hiyo wus tanpo pegel rogone
Wus tanpo susah, amung ono kanirwanan
Enteng tan ono abot sarwo gampang panggraitone
Angen angen kang wus padhang, jalaran soroting budhi
Mulo ora rekoso amikir babagan sing gedene dikoyoopo byar ambyar

SUNYOE WENING RURI ING SEPI

Hiyo alusing alus iku kang aran roso sejati, kang tunggal anane tetep ing murnie kaaran ; sangkalpa
nalikane bongkoting budhi biso nunggal klawan sangkalpa, iku kaaran : wus 'tatas ing budhi'
awit tekan ingkang sejati, anggelar kahanan kang sejati, yoiku kajaten..
kang wus tanpo kantha tanpo kanthi
mulo kasebut trah kusumo rembesing madu tedhaking andono warih
wus tan luwe tan turu, mangan turuo amung sarat bae
teguh yuwono kalis ing sambekolo nir sambekolo

Menengno rogo Ngeningno cipto Ngenebno rahso
Meneng ing Neng temenan ; yoiku kang aran semedhi

PEPENGET

Janaloka iku ginelar dening angen2 klawan poncodriyo
Endraloka iku ginelar dening cipto klawan astendriyo
Guruloka iku ginelar dening budhi klawan roso luwih alus
Kajaten iku ginelar dening nunggale budhi klawan rosojati

Dhiri2 arcopodo iku angen2e luwih kandhel tinimbang ciptoe
Dhiri2 kaendran iku ciptone luwih kandhel tinimbang angen2e
Dhiri2 kadewatan iku budhine luwih kandhel tinimbang ciptone

Bongso janaloka yo duwe budhi cipto mung angen2e luwih kandhel
bongso endraloka iku y duwe budhi angen2 mung ciptone luwih kandhel
bongso guruloka yo duwe cipto angen2 mung budhine luwih kandhel
sg ndunungi janaloka iku y biso wikan ing kaheningan mung ora akeh
sg ndunungi endraloka iku yo biso wikan marang kaweningan mung ora jangkep
kabeh2 y gumantung ing praupan jiwoe
ono sg ora salin babarblas, ono sg arepe salin, ono sg wus salin
ono sg saline tambah kasar lan ono sg saline tmbh alus
Pengetan : alus kasar iki mung kahanane bae..kanggo mbedakno blegere..
koyo dene mungguhe rogo sukmo iku alus, mungguhe sukmo badan nyowo y luwih alus.....

Yen wong janaloka kerep ngempakno roso kasar
wong endraloka kerep ngempakno roso alus
wong guruloka kerep ngempakno roso luwih alus

Yen menenge rogo ambuka alusing poncodriyo
ngeningno cipto ambuka murnie sukmo
ngenebno rahso ambuka plawangane rosojati
kabeh mau ateges jalaran pambuka ing semedhi...


Sambunge Ingkang Aran Lerem

SAMBUNGE INGKANG ARAN LEREM


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

NGENINGNO CIPTO

(meheningkan cipta)

Sukmo ingkang nukmo
Ngejawontoh anggelar rogo
Kalimput rosoning pangroso
Dadekake owahing ciptone sukmo
Ngolah ngalihe anyorot ing aura
Auraning badan kang nglimputi rogo
Sukmo nukmo kinuwoso anjajah ngideri bawono
Koyo pamesating sukmo ing jagad pangimpen
Iku ngrucating cipto soko limputing pangroso
Lolos sukmo..sukmo nukmo..silat sukmo

KAHENINGAN

Hening iku sunyi, yoiku leremening cipto soko owahe
owahing panggagas
owahing panggraito
owahing panganggep

Hiyo iku cipto ingkang dumunung ing hening..
yoiku sing diarani ketenangan
hening iku dudu kosong amung sunyi
ono ing sajerone cipto kang hening sukmone semedi…
ngeningno cipto iku 
ora nggagas tumanduking angen angen
ora nggraito ; ateges ora ngelingi kang wus linakonan 
ora nanggap ing makartine poncodriyo 
ning kunu sukmo awit biso tmbah alusan maneh 
nganti nyedak ing murnie yoiku wijine sukmo 
jalaran lereming cipto uwong awit biso nguwasai sukmone 
dadi ingkang linangkung ingkang murbo maseso
dadi saciptane katekan sasedyane 
menowo ora kaleremake ciptoning sukmo iku
biso tumangkar ngombro ngombroh ngebaki bawono 
pecahe biso ndadekake rencanane urip 
sing wekasane mbalek ngenani uwonge
yoiku padunungane cipto ingkang nukmo

SIDHAKEP SALUKU TUNGGAL

Tunggal tunggaling sawiji 
saktuju saksedyo sakadep hiyo sakpameleng
meleng meleng ing siji sijine karep
madep madepe ing siji perkawis 
tanpo ono pecahing cipto tanpo ono pamelengan liyo
kejobo mung iku siji sijine sing dielingi
nganti tumanceping cipto marang ingkang tinuju ora keno tola toleh
dadi buyar ambyar nalikane ono kenyut maneh 
dadekake sigar sedyane 
kang mangkono trape kudu ambaleni maneh 
nancepake ciptone marang ingkang tinuju…..
yen wus tumancep tumuwuh mantep
njur katekan sedyane kang tinuju..
Ora perlu ndungo njaluk njaluk
Ora perlu komat kamit mirid
Ora perlu ngujo ngujo

WEKASANE KAHENINGAN

Tanpo ngleremno hiyo ora biso nguwasai
awit biso nguwasai kae mergo wus biso nglerem
ciptone sing dilerem sukmone sing semedi
semedine sukmo iku agawe mundak ing aluse
alusing sukmo tumuju ing murnie
murnie sukmo iku wijine sukmo : kasebut sukmo kawekas
dene ora biso nguwasai iku amargo isih dikuasai
amargo isih dikuasai
mulane ngombro ngombroh ngebaki bawono kang tanpo kedadi ono
amung tumangkar reno reno
mulane perlu diheningno

Cipto biso nukmo, sukmo ugo biso nukmo
tegese nukmo iku ngejawontoh (mujud)
menenge rogo iku dumunung ing poncodriyo
heninge cipto iku dumunung ing sukmo

Menengno rogo Ngeningno cipto…..



Tegese Ingkang Aran Lerem

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

-LEREM-

( meneng-tenang-anteng )

Lereming poncodriyo
(pandulu.pangrungu.pangambu.pangecap.pangroso awak
Kaaran meneng

Lereming cipto
(panggagas.panggraito.panganggep)
Kaaran tenang

Lereming rahso
(bungah.susah.gething.dhemen.nesu.muring.seneng.manglah.... isp
Kaaran anteng

Olehe anteng temenan
Yoiku kaweningan
Olehe tenang temenan
Yoiku kaheningan
Olehe meneng ing NENG temenan
Yoiku mahening suci
Menengno rogo- Ngeningno cipto- Ngenebno rahso- Ngolah roso
Yoiku sing diarani samadhi.

WEDARANE INGKANG ARAN LEREM

Meneng iku ora obah tegese ora obah iku ora makarti
Meneng kae dudu padane tembung diam, dene diam iku mbisu (ora nyuworo)
Menengno rogo iku ngleremno poncodriyo, amargo sing dadi pancere rogo iku limang indriyo, yoiku ;
Pandulu-pangrungu-pangambu-pangecap-panggepok
Kalimone iku nunggal pisah, kawengku angen angen, dene awitane nglerem kae siji siji, ora bareng kalimone langsung
Yen sii wus biso lerem ganti sijine ganti sijine maneh lan sakteruse…hiyo iki sing diarani ‘pangrucatan’
Tegese pangrucatan iku pangudaran (gabung, kaudar dadi akeh) kosokbalene pangracutan
Dene pangracutan iku panggabungan (pisahan, ka-awor dadi siji)

PANGGEPOK

Panggepok iku pangroso awak, rosone awak iku koyo ; weruh keri, gatel, adem, panas, alus, kasab (rasaning awak)
Ngleremno panggepok ; hiyo ora makartino panggepok, ora nganggo rosone panggepok ing sawetoro, nalikane panggepok mau wus biso lerem, ateges ora makarti… 
ning kunu awit ono alusing panggepok, yoiku ‘alusing pangroso awak’
Hiyo iku sing sinebut awak alus, awak ingkang manjing ono ing kaalusan, dudu awak kasar iki dudu rasaning panggepok yoiku alusing panggepok
Awak sing ora kasinungan ing gatel keri adem panas ugo alus kasab…
Dadi awak alus kae dudu alusing pandulu ora alusing pangrungu…
Dadi ono ing sajeroning lereme panggepok, ning kunu ono awak ingkang sayekti, awak sing wekasane biso dadi pambukane opo kang sinedyo..

PANGECAP

Pangecap iku rosoning ngecap, rosone ngecap iku koyo ; weruh legi-pait-asin-kecut-isp (rasaning ilat)
Ngleremno pangecap ; hiyo ora makartino pangecap, ora nganggo rosone pangecap ing sawetoro, nalikane pangecap mau wus biso lerem, ateges ora makarti….
ning kunu awit ono alusing pangecap, yoiku ‘alusing pangroso ilat’
Awit dumunung ing kaalusan klawan necep lembuting sari sari kang dadi pikuwating karso
Yoiku pangecap sing wus ora kasinungan legi pait asem asin…
Dene karso iku bedo karo karep, yen karep iku pinuju ing arep, karso iku sadurunge pinuju ing arep, ateges alusing karep..

PANGAMBU

Pangambu iku rosoning ngambu, rosone ngambu iku koyo ; weruh wangi, anyir, amis (gegandhan)
Ngleremno pangambu ; yoiku ora makartino pangambu, ora nganggo rosone pangambu sawetoro, nalikane pangambu mau wus biso lerem, ateges ora makarti…..
ning kunu awit muncul alusing pangambu….
Hiyo awit dumunung ing kaalusan klawan ngirup murnine gegandhan, yoiku : ‘gondho sari’
Dadi pangambu sing wus ora kasinungan wangi, anyir, amis…..isp
Dene alusing pangambu kae kang dadi pikuwating cipto
Kang bakal mujutake sadengah ingkang pinuju, ateges biso anarik gethering karso….
Dadi sa-ciptane, katekan sa-pingine, amargo iku kang dadi larasing sedyo, kang nuju ingkang pinuju…

PANGRUNGU

Pangrungu iku rosoning ngrungu, rosone ngrungu iku koyo ; weruh duwwarrr, jledug, ktreekkk (sworo)
Ngleremno pangrungu ; yoiku ora makartino pangrungu, ora nganggo rosone pangrungu sawetoro, nalikane pangrungu mau wus biso lerem, ateges ora makarti……
ning kunu awit jumedhul ‘alusing pangrungu’
Hiyo awit dumunung ono ing kaalusan klawan krungu ing alusing sworo, yoiku : ’ sasmitoning sabdo’
Yoiku sworo njero ingkang biso nyirep sworo njobo
Ning kunu manungso awit biso mingis maligi panggraitone, lan thukuling ‘prabowo’
Dene ning kunu lagi biso tanggep ing tuwuhing sasmito, ateges landheping panggraito
Titis tetes tatas…

PANDULU

Pandulu iku rosoning ndulu, rosone ndulu iku koyo ; weruh rerupan, wewarnan, cahyo (kawujutan)
Ngleremno pandulu ; yoiku ora makartino pandulu, ora nganggo rosone pandulu sawetoro, nalikane pandulu mau wus biso lerem, ateges ora makarti….
ning kunu awit thukul ‘alusing pandulu’
Hiyo awit dumunung ono ing kayektene paningal
Ning kunu awit tumuwuh waskitoning nala
Yoiku karepe manungso biso dadi hyang dadi dewo dadi gusti ing arcopodo kene….

WEKASANING WEDARAN

Lereming poncodriyo iku biso nukulake alusing poncodriyo
Mulane banjur kaaran ‘dosondriyo’
Yoiku njobo njero kang wus gathuk lan jumbuh njur nunggal
Yen isih wengku winengku ateges durung sampurno nunggale
Dene sampurnane iku yen wus ora mengku ora kawengku yoiku ingkang wus maligi (yekti tunggal kahanan)
Nalikane dosondriyo kae wus sampurno, sayektine biso mengku ing sagung dumadi.
Wiwite pisan pindo ora gampang kang aran meneng ....
Mung soyo lawas soyo biso menengno rogo
Menenge rogo iku ingkang aran samadhine poncodriyo
Samadhine poncodriyo yo lereming poncodriyo hiyo sireping poncodriyo lan thukule alusing poncodriyo.

PEPENGET

Poncodriyo iku roso, ateges sing digawe ngrasakno
Koyo keri-gatel..anyir-wangi..legi-pait..sworo lan rerupan iku sing dirasakno
Sing dirasakno iku terusane sing digawe ngrasakno
Dadi sing dirasakno iku gumantung marang sing digawe ngrasakno
Mulane alusing poncodriyo ora meruhi sing dirasakno poncodriyo
Dadi terusane alusing poncodriyo hiyo aluse sing dirasakno poncodriyo
Dene angen angene hiyo katut dadi alus…………
Ratune poncodriyo dadi ‘ratu dosondriyo’



Ancasing Samadhi

INGKANG ARAN SEMEDI

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

-SAMADHI-

Bener iku mung siji, mulo digawe oyokan wong sajagad.
Dene kudune weruh dalane nuju marang bener, yoiku ngeningno cipto lan nglerem rahsa menengno poncodriyo.
Iku ateges patirogo ugo kaaran urip sajeroning pati, sing mati rosone poncodriyo, tegese mati yo ora makartine poncodriyo (lelimang roso), yoiku matine njobo uripe njero..ugo kaaran meneng ing NENG klawan wening ing NING.
Sing meneng y poncodriyoe, sing wening y ciptone, yen wus biso meneng ing NENG temenan, kui arane Mahening Suci..yoiku : roso pangroso kasar wus meneng temenan, lerem ciptone, meneb rahsane, kang mangkono iku mahanani aluse angen angen..mahening suci ateges biso hening ing sajeroning kasucian.

Samadhi (diwoco ; semedi) kui asale ; soko tembung "sengsem marang kang adi"
dene karepe wong meneng (samadhi) iku ora kog supoyo koyo watu, nglerem cipto lan panggagas ora kog supoyo koyo bangsane sato, ora supoyo koyo manuk ing kurungan kang tanpo duweni kemareman ugo kabungahan, ngupadi supoyo ora duwe loro aten, ora isinan, ora kog supoyo koyo wong gendheng kang tanpo roso pangroso..awit soko iku ora sathitik wong ngemohi kawruh kabatosan, amargo salahe panganggep, y dianggep ora migunani amargo ora tetulung opo opo.
samono ugo akeh wong ngudi kawruh kabatosan, ananging kliru, mulo dadikake bebingung lan pepetheng, amargo ora ngerti karepe wong meneng.
samadhi iku dudu topobroto, dudu pepujon, dudu manekung, ora yoga dudu meditasi..mung ngalusake kamanungsan..mbukak aling aling..amargo kabeh sing wus ora kalingan iku banjur ketoro.

PENGETAN

Samadhi : niti kamanungsane manungso kang alus alus (roso pangroso ; jiwo urip)
Topobroto : niti jagading manungso kang lembut lembut (doyoning jagad ; badan nyowo)
Meditasi : niti pirantine kamanungsan kang alus alus (anasir ; rogo suksmo)
mung katelune kabeh iku podo podo ingdalem ngumpulake doyo, ateges murih mundhaking doyo.
parane samadhi iku ning sajatine urip.
parane topobroto iku ning kadigdayan.
parane meditasi iku ning kawisesan.

-PATIROGO-

Perlune iku nglerem urat urat kang alus, supoyo lereno kedhere ( ngaso )
Ngaringno angin, koyo dene diyan sing mobat mabit amargo kanginan, didodoki semprong, supoyo dadi padhang, sudo kukuse, lakune angin dadi soko ngisor mendhuwur ( lerem )
Ngenepake banyu (supoyo bening), banyu sing mari diubek ubek ( rahsa )
Mapanake cipto,ripto (ditata titi dadi sawiji. supoyo ora morat marit..njur ditujukno marang roso sawiji ( sangkalpa ).
Milah milah roso (neniteni thukule pirang pirang pangroso) kaaran ; prayitno.
Ingkang linakonan ing wayah isuk, sore lan bengi, digawe coro ; koyo dene wong adus kang linakonan ing saben dino..bisane ajeg, yen wus dadi pakulinan : kiro kiro :
jam 04:30 - 05:30 wayah isuk..
jam 07 - 08 wayah sore..
jam 12 - 02 wayah bengi.
yen ora nganggo mongso kang ditentuake, mesti bakal kagubet dening prakara2 kang ngajak nyimpang soko wewengkoning kawruh kabatosan, yoiku ;
prakara kabutuhan, kasusahan, panggaweyan, karameyan ;
awit babagan duwit, bandha, lelungan, kekumpulan, ning kerjoan, keno loro, pakewuh, kapaten, pepinginan, kang ateges urusaning rogo..sing kabeh mau sajatine ngajak adoh marang kawruh kabatosan..dadi wayah kang ditentuake kui perlu banget, ananging wiwitane y soko dipekso pinekso, sangsoyo lawas soyo lumaku dewe.
"Ojo nganti pupur kadung benjot"
Ateges : wong kang ongkrah kebek angkoro iku mesti keno pentog'an, supoyo gelem 'MENENG' amargo yen durung kepentog deweke ora gelem MENENG, malah akeh sing wus kepentog y isih ora gelem MENENG.
elingo dongengan pithik cilik ; nalikane ono klaras (godhong pring garing) ngenani buntute dadiake ono swarane, si pithik mlayu dikiro ono sing nguber ing mburine, banjur playune si pithik kandeg, kepentog pager kayu, ning kunu si pithik awit leren, gelem meneng, banjur wruh marang klaras sing ono ing buntute lan dicucuki.
mangkono iku pasemone wong sing kepentog ; biso arupo leloro, pakewuh, ateges sing marai sengsarane awake.
awit soko iku uwong yen becik lan bener ora bakal nemoni pentog'an.

PATRAPING SAMADHI

Ragane iku digawe lungguh saluku tunggal, yoiku sikile silo, sikil tengen ono ing dhuwure sikil kiwo, utowo sikil kiwo ono ing sadhuwure sikil tengen..awake/gegere jejeg mung ora nemen nemen (supoyo ora ngeboti lakune ambegan)..epek epek tangan kekarone diseleh ing sadhuwure dengkul (diseleh ing sadhuwure sikil loro)..njur meremake mripat loro..amargo yen isih ndulu ; poncodriyo isih makarti..ning kunu madepe cipto menjero ora madep njobo, ora madep ngarep ora madep mburi dhuwur lan ngisor..
Ning kunu karepe : ngelatih menenge adon adon kang kasar, diempakake manut opo mestine, ateges dipilah pilah di titi endi sing alus endi sing kasar kahanane, njur sing alus diempani ojo nganti kurang empan, ojo nganti sing kasar kakeyan empan..graya graya ngenengno sing kasar mau supoyo nemu kang sumingit ing garbane, mulo sajatine wong samadhi iku ora murih meneng, nanging ngenengno pangroso kasar, supoyo rosoning manungso kang sajati ketemu lan karasakake yoiku ngupadi alusing kamanungsane..wong yen arep meruhi dununge obah obahan : awake kudu meneng, njur ngerti endi sing lungo teko, endi sing obah tanpo pegat, endi sing molah malih..
yoiku tegese tembang dolanan purwokanthi ;
eh, dayohe teko
eh, beberno kloso
eh, klosone bedah
eh, tembelen jadah
eh, jadahe mambu
eh, pakakno asu
eh, asune mati
eh, buwangen kali
eh, kaline banjir
eh, buwangen pinggir...
Iku pasemone wong kang ora weruh tegese kang linakonan ing sabendinoe (ono dayoh kaelingane marang dayoh, weruh kloso bedah lali dayohe, kaelingane ganti marang jadah, weruh jadah mambu lali klosoe, kaelingane ganti marang asu lan sapiturute sing tanpo ono pungkasane, mangkono iku tegese siji karep thukul njur thukul karep liyane njur lali marang karepe sing disek, njur mangkono sateruse.... ono karep didep, ono karep maneh didep maneh hiyo mangkono salawase, koyo dene wong mlaku ing pinggire lapangan, mubeng lapangan klawan mandeg nekani kekarepan, babarblas ora gelem mlaku menengah, sanajan omahe iku ono ing tengahe lapangan...dene wong ngudi kawruh kabatosan iku kekarepane gumolong marang sawiji TEKAD
(karep cilik cilik dianggo alat nuju marang tekad sawiji)
Ugo dadi pasemone roso pangroso sing koyo dene dayoh lungo teko..dadi ono bedane sing duwe omah (jati) lan dayohe (dhiri) yoiku sing ajeg lan sing molah maleh..dene akehe empan marang pangroso kang alus iku ateges nyedaki marang sing mengku roso pangroso (jati)..dene akehe empan tur mempan agawe gedhene doyo lan mahanani maligine, yen wus gedhe doyone banget urupe iku biso anjalar metu numusi jiwo jiwo liyane ; mulo biso migunani banget yen kang alus sing maligi, lan mbahayani yen kang kasar sing maligi.

PENGETAN

ono wus biso
ono durung biso
tegese wus biso iku nalikane nuju marang kang tinuju wus ora nganggo lantaran ateges tanpo alat.
tegese durung biso iku yen arep nuju marang kang tinuju isih nganggo lantaran ateges merluake alat.
tegese roso pangroso iku alat sing digawe ono ing sajerone sarono.
tegese samadhi iku sarono kanggo ngelatih supoyo biso ajur ajer ing sajeroing kaelingan lan kaademan.
dene kanggone sing wus biso, tanpo sarono yo tetep biso ajur ajer ing sajerone kaelingan lan kaademan.
amargo kang tinuju iku pribadine, ateges jatine, ning sajerone kunu tunggal kahanan, tanpo ono kantha tanpo ono kanthi yoiku wus ora ono opo opo sakliyane pribadi, ingsun wus jumeneng ; hiyo jumenenge kahanan jati, yen wus jumeneng kabeh kahanan iku ora ono, kabeh alat lan kabeh sarono kabuwang, amung ingsun kang ono (kosong ingdalem isi lan isi ingdalem kosong).
asal muasale kabeh luput iku sajatine amargo ora weruh marang pribadi, ateges mung meruhi diri thok', wong wangkot, wong muji awake dewe iku dedhasar dhemen marang dirine, ora dhemen ing pribadi (klirune dhemen).

-WEWARNANING PATIROGO-

Meneng mati ; gangsing gumletak (ora mungser)
Meneng obah ; gangsing mungser mung ora anteng (rongeh)
Meneng urip ; gangsing mungser seser (anteng)
Yoiku meneng ing neng temenan, yo meneng kang dadi pangudine poro linuwih ;
menenge urip dudu menenge obah lan mati.

Wiwite ngenengno sing kasar kasar (poncodriyo)..ngaringake angin (rahsa)..ngenebake banyu (cipto.ripto)..soyo meneng sing kasar kasar, soyo ketoro sing alus alus..tambah lerem yo tambah ketoro sing luwih alusan maneh..mangkono sapiturute.

Wekasane poncodriyo lerem, rahsane lerem, ciptone lerem,....lereme kabeh mau andadikake salin kahanane : poncodriyo klawan angen angen maleh alus, rahsa klawan roso pangroso maleh alus..aluse mau mahanani gathuk marang budhi lan rosojati, yoiku karepe tembung : jumbuhe kawulo gusti, yen wus gegathukan awit biso nunggal yoiku karepe : manunggale kawulo gusti, angen angen lan ciptone nyawiji klawan budhi (dadi sa awak)..rahsane nyawiji klawan rosojati (dadi sa awak)..poncodriyo amargo wus gathuk klawan angen angen yo katut nyawiji klawan budhi..
angen angen iku padunungane rogo - cipto iku padunungane suksmo - rahsa iku padunungane nyowo - roso pangroso iku padunungane jiwo.
Dene tinemune meneng urip iku, maligine rosojati (sangkalpa), ning kunu roso pangroso wus sirno babarpisan, tegese sirno iku salin rupane, saline amargo wus kawungkus dening jatine mulane dadi ora ketoro..mulo kaaran wangwung utowo kosong..dadi wangwung iku soko doyo maligine (gedene) roso sawiji, roso tunggal, roso murni, yoiku sajatining roso.
Ning kunu uwonge gowo kawicaksanan, lan kandhel kawelas asihane..
gamblange ( doyo katentremane ngluwihi doyo doyo urip liyane )
yoiku sing diarani wus nugroho ( manjing ing kapengeranan ).

Uriping manungso nalikane
nguripi poncodriyo iku koyo urip ning sajeroing segoro moyo, koyo dene iwak urip ning banyu, menowo manungso iku gelem samadhi, lan sing njero wus ora kalimput klawan sing njobo, iku ateges manungso wus oleh gandhulan kanggo mentas soko segoro moyo ateges sirnoe kasusahan, yoiku gegandhulan marang tali, hiyo tali sajati (rosojati), yen kukuh olehe gegandhulan (ora uwal katerjang ombak, y ombaking rahsa), ning kunu manungso bakal mentas soko segoro moyo, menyang daratan..njur wruh padhange howo (yoiku jagad kang luwih dening padhang, luwih adi luwih adem kang ora keno kinoyo ngopo).
+++++++++++++++++++++++++++

ANCASING SAMADHI

Yoiku ngempakno rahsa alus marang rosojati, 
utowo ngempakno angen angen alus marang budhi 
keno ugo ngempakno rosojati marang rahsa alus 
lan ngempakno budhi marang angen angen alus..
Ateges jumbuhno poncodriyo alus marang pucuke kajaten (wewengkone kajaten ; plawangane)
ono bongkot ono pucuk, mung karepe bongkot lan pucuke iku ora koyo bongkot lan pucuke kahanan kasar, yen lagi tekan pucuke iku ateges lagi ono ing plawangane (wiwite gathuk), yen wus tekan bongkote kui arane wus mingis banjur maligi (wutuh, wungkol ; mbunder).
dene pucuke kajaten bisane mempan marang poncodriyo alus utowo poncodriyo alus bisane mempan marang pucuke kajaten ;
kekarone kudu ngemperi ( salaras kahanane y larasing doyo ; podo ing aluse ).
yen ora biso ngemperi y ora bakal biso gathuk, amargo ora salaras.
menowo rahsa isih durung lerem, angen angen isih durung wening, diempakno rambah rambah ora mempan, mung yen ditlateni olehe ngempakno, sangsoyo lawas sangsoyo dadiake mempane.
mangkono iku tegese ngurip nguripi ;
..tetanduran diurip uripi, ateges diudi murih lestari uripe, yoiku lestarining biso makarti (tuwuh, mundhak gede, ngembang, uwoh), olehe ngurip nguripi y nganggo pakan, pakane y banyu y pupuk, mempane ; yen tetanduran kaleksanan makarti lantaran pakane mau, subur tuwuhe ; mundhak gedene, ngembang, uwoh.
..engetan diurip uripi, ateges diudi murih lestari uripe, yoiku lestarining urip (mundhak kuwat kaengetane), olehe ngurip nguripi y nganggo pakan, pakane y sadengah sing perlu diapalno, dieling eling, mempane ; kaleksanan biso ngeling eling apalane, subur tuwuhe ; gedhe doyo engetane (gampang apal ; kuwat apalane) banjur kaaran ; engetane cerdas.
..roso sukmawi diurip uripi, ateges diudi murih lestari makarti, makartine ; angrasakake kabecikane pengeran lan sadengah dumadi (panarimo), pakane ; kawruh murahing pengeran, kawelas asihan, kawicaksanan ugo kabecikane kabeh dumadi (kabeh sing adem adem tur padhang), mempane ; kaleksanan olehe angrasakake marang sing adem adem kabeh, dene lestarining makarti mahanani : tuwuh subur, suburing tuwuhe ; gedhe doyoe, gedhe kakuwatane, gedhe urupe, yoiku ; kuwat nompo sarupaning panandhang (ora nesu ora ngersulo), kuwat kataman ing alaning liyan (ora karep mbales olo y ora thukul gething), kuwat jumeneng ing kaasihan sajroning nompo alaning liyan,........ kang mangkono iku kaaran wus alus kamanungsane, biso ajur ajer marang sapodo.podoning urip, iku amargo dedhasar gedhe kawelas asihane.

Dene wong nesu, ngersulo, susah nalikane nompo panandhang utowo nompo alaning liyan iku nuduhno yen roso sukmawine isih ringkih.
tegese ringkih iku durung kuwat, tondone wus kuwat iku lestari uripe (tuwuh subur ; lestari pakartine), sanajan diterjang dening sabarang pepanas lan pepetheng, y isih angrasakake ka-adem-an.

PENGETAN

Tegese urip iku : makarti utowo biso makarti
Tegese makarti iku : ngempakno doyone
Tegese ngurip nguripi iku : ngudi lestrining pakarti utowo lestari biso makarti
Tegese tuwuh subur iku : kuwat olehe makarti (lestari uripe).