Sastro Jendro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SASTRO DJENDRO

Yoiku sawijining kawruh soko jowo purwo
Sastro kang sinerat piwulang kautaman
Momot babagan kawruh kasampurnan
Manungso biso dadi ratuning jagad
Mengku jagad hiyo nguwasai jagad
Ning arcopodo rinuwat dening bethoro
Ning kaalusan rinuwat dening dewoto
Mulo njur biso dadi ratuning jagad
Biso anguwasai jagad alus klawan kasar
Mulo njur kaaran sastro jendro hayuningrat
Ateges kawruh kang biso mengku tan kawengku
Mung ning kawruh jowo kang piningit
Kaaran SASTRO CETHO WADININGRAT

Sastro jendro hayuningrat pangruwating barang sakalir
Kang biso dienggo ngruwat sakabehe
Njur kapungkasan dening sastro jendro pangruwating diyu
Iku sastro kang sinerat kanggo ngruwat ditya diyu buto mayanggo seto
Kang wus katurunake dening hyang wiseso
Yen wus wikan marang sajatine sastro mau
Sayekti tetep hayuningrat
Ateges raharjaning jagad
Ora mung raharjaning diri 

Kang sinebut pangruwat barang sakalir
Iku kabeh kadunungan hayu rahayu
Angkoro ora biso murko
Hiyo kabeh angkoro kang ono ing arcopodo
Amargo ngemot sajatining kawicaksanan

Dene sastro cetho wadiningrat
Iku waskitoning panunggal
Mulo cetho ing sangkan paraning dumadi
Hiyo dumadiyo mardikoningrat
Kang ateges jatining kalepasan..

Wiwite sastro djendro
Dumadi sastro djendro hayuningrat
Dumadi sastro djendro hayuningrat pangruwat barang sakalir
Kapungkas aran sastro djendro hayuningrat pangruwating diyu
Lan kang siningit 
Kaaran kawruh sastro cetho wadiningrat
Mung kabeh mau sangkane soko kawruh jowo kuno
Yoiku 
Surodiro joyoningrat rat, lebur dening pangastuti


Ingkang Aran Utomo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

UTOMO

( uningo totoning suksmo )

Weruh klawan meruhi ing kaweruh
iku padunungane pangerten
Wikan klawan ngawikani ing pangawikan
iku padunungane kasunyatan
Wasis klawan winasis
yoiku wus bangkit migunakake

Olehe ngaweruhi ing pilah pilahe tur pigunoe
ateges ngerti ing pangerten
awit kang wus kaserat lan ora
iku isih arupo katrangan
iku sworo kang ngayuworo
utowo seratan kang tinulis
hiyo ora biso diugemi menowo durung wikan marang nyatane
kang mangkono yen diugemi kaaran hangawulo kumandhang ateges ngugemi sworo
yen mung ngerti karepe bae tanpo wikan ing nyatane iku kaaran hangawulo anggitan

Dene sarupane anggitan iku yen digigit amesti ora dadi
ateges menowo dioyak lan diuyel amesti mbulet lan ruwet wangsulane
amargo nyatane mung soko pinter olehe nganggit nganggit, ora soko oleh olehaning weruh (kaweruh)

Menowo wus ngerti pilah pilah lan piguno tur karepe
wus wikan marang nyatane
banjur wus bangkit migunakake
iku kaaran wus mumpuni ing kredhaning bawono
ateges lebdo ing kawruh
kang mangkono iku dadi ora sio sio ora muspro olehe ngudi kawruh

Mulo ora gampang kang aran utomo
samongso isih gothang lan kuciwo
hiyo gothang yen durung nyumurupi ing bener lupute
hiyo kuciwo menowo durung biso bangkit migunakake

Dene weruh ing bener temenan (kawruh sajati) iku nalikane
wus nyatakake rasuk rinasuk, seksen sineksen, lan tetep tinetepane jagad cilik klawan jagad gedene
yen ora mangkono iku ateges isih durung biso nanding bener klawan luputing kawruh
kang andadekake poro bantah
arebut bener arebut becik nganti dadi pasulayan

Mulo amrih luwih becik.e iku dibisao meruhi kaluputane dewe klirune dewe
banjur biso milah milah lan nisihake endi sing dadi reribet lan pepethenge
wekasan tuwuh gilig ing tekade
yen wus mangkono
sanajan diluputake dening wong sa-jagad pisan, sayekti ora dadi owah gingsir cilik atine

Kanggone poro kang ngudi kaweruh
prayogane ora bantah ing saliring wewarah
ora nacad ing sakehing pitutur lan piwulang
ananging wigatekno, salusurono, lan sumurupono mungguh bener lupute
njur tumancakno ing awakedewe

Klawan ngungkurake angkoro
Anetepi wening ing cipto
Lereming tyas gandulono
Hiyo sanityasno ing mongso
Kang kayungyun dadiyo
Teteping lestari ing batos
Pangudien kang nastiti
Titenono nganti putus tatas
Ing samubarang pambudi
Binudiyo ingkang bontos.


Poncodriyo Klawan Arcopodo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

NGARCOPODO

Iku limang pangroso
.pandulu
.pangrungu
.pangambu
.pangecap
.pangroso awak
Tanpo ono kalimoe, arcopodo iki ora ono
Onoe arcopodo iki hiyo soko onoe kalimo mau
Iku dununge sing dirasakno..sing digae ngrasakno..lan sing ngrasakno..

Gelare arcopodo :

.rerupan lan wewarnan
.sworo
.gegandhan
.legi, kecut, pait, asin, sepet isp
.gatel, keri, alus, kasab, adem, panas
Onoe rerupan iku soko onoe pandulu, lan sirnoe rerupan iku soko sirnoe pandulu, mung ono lan sirnoe iku bareng.
Sworo.gegandhan.legi kecut.adem panas hiyo mangkono, sing ono soko onoe poncoindro
Kalimo limoe ikuloh sg anggelar onoe arcopodo..

Arcopodo iku jagad gedene poncodriyo
Poncodriyo iku jagad cilik
Poncodriyo iku arane roso wadag..poncodriyo diwengku angen angen..yo angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo..
Yo ning kunu njur diri muni, arcopodo iki pancen ono..

Mangkene ;
Roso wadag+angen angen+diri = wong bongso donya
Gelare ;
Arcopodo iku jagad gede, ateges sing DIRASAKNO
Roso wadag iku jagad cilik, ateges sing DIGAWE NGRASAKNO
Diri iku sing NGRASAKNO.

Anane sing dirasakno iku gumantung marang sing digae ngrasakno, contone ; anane sworo iku gumantung marang anane pangrungu, sworo ora ono kanggone liyane pangrungu, amargo sworo iku jagate pangrungu, dudu anane pangrungu soko anane sworo..

Dene sing digae ngrasakno iku gumantung marang anane SING NGRASAKNO..
Mulo sajatine sing dirasakno iku ora ono, mergo anane manut sing digae ngrasakno, sing digae ngrasakno iku sajatine ora ono, mergo anane iku manut marang 
onoe SING NGRASAKNO..

Yoiku gelare urip ora nekani papan mongso, anane urip ora soko anane jagad, ananging anane jagad iku soko anane urip, jagad ora nggelar urip, nanging urip iku sing nggelar lan nggulung jagad, urip iku ora manut kahanan nanging kahanan iku manut urip, jagad ora gawe urip nanging urip iku sing gawe lan gelar jagad.

Amargo angen angen iku ratuning arcopodo, mulo kabeh wong donya iki mujo angen angen, hangawulo marang angen angen.

Ning arcopodo (janaloka)
Ono swargo narokoe
Yoiku kepenak lan ora penak
Kang ateges swargo narokoe angen angen
Arupo kesenengan lan sengsorone rogo
Manungso sing gedhe jiwo kawadagane
Yoiku blegere wong bongso donya
Ono wong bongso donya
Ono wong bongso alus
Ono wong bongso dewo
Ono wong bongso pengeran
Dununge kabeh mau dewe dewe
Manut marang jiwoe
Gumantung marang gedhe cilik.e rosoe

Awit kajaten.guruloka.endraloka iku kalingkep janaloka kanggone wong bongso donya
Kajaten.guruloka hiyo kalingkep kanggone wong bongso alus
Kajaten iku kalingkep kanggone wong bongso dewoto
Amung wong bongso pengeran bae sing biso cetho marang anane kajaten.


Kaweruh Sajati

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SEJATINING KAWERUH

Kaweruh sajati iku kawruh soko guru sajati
hiyo iku hyang guru budhi
dumunung ono ing njero ora ning njobo
tegese guru iku sing digugu lan ditiru
ono guru njobo ono guru njero
guru njobo hiyo sing ono saknjabaning rogo
biso arupo tulisan, ucapan, lan isen isene arcopodo
iku kabeh biso dadi pelajaran kanggone manungso
arupo kaweruh
yoiku oleh olehane ngaweruhi 
lumantar gurune ( sing digugu lan ditiru )

Sopo gurumu endi gurumu 
yoiku sawenehe sing mok gugu iku rupane gurumu..
mung ono sing luwih patut digugu
hiyo iku guru sing ono ning njero
yo ning njero awake dewe
sing ora tau luput lan salah
sing mung nuduhno marang bener
sing mung aweh pepadhang marang engetan 
sing madhangi angen angen
iku guru sajati arane, uwohe wit kayu sajati

Awit soko iku guru sajati dudu angen angen dudu engetan
dudu cipto dudu sanubari yo dudu kang ono ning njero kasar
koyo utek jantung paru ati 
ananging luwih alus soko iku kabeh
ateges padunungane luwih njero lan luwih alusan maneh..
( kaweruh iku wus dadi bageane manungso, ateges biso weruh soko angen angen ( pamikir ), biso weruh soko pangroso ( ngrasakake ) 
ugo biso weruh soko doyo alusing gusti ( tinerbuko )..

Mung weruh bae yo tanpo guno yen ora wikan
Mung wikan bae yo muspro yen tanpo biso

tegese weruh iku padunungane pangerten
tegese wikan iku padunungane kasunyatan
tegese biso iku padunungane wasis
yoiku bangkit migunakake..

Mung ngerti tanpo wikan nyatane iku tanpo guno arane 
yen wus wikan nyatane bae hiyo muspro
yen tanpo biso bangkit migunakake..
awit soko iku yen wus wikan bae isih luwung 
tinimbang mung weruh bae
amargo samongso mongso yen wus wikan iku
hiyo biso bangkit migunakno
kaaran wus sembodo
hiyo wus lebdo ing kaweruh.


Cupumanik Hastogino (cupu manik astagina)

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

CUPUMANIK HASTOGINO 

(cupumanik astagina)

" Temurune cupumanik astagina. .Bareng cupu iku kabuka, ing kono isine Hyang Tanpo Uno lan Tanpo Uni. .Panjenengane Hyang Tanpa Uno banjur jengkar soko kono, ngasrama, ing gunung Mahendra jejuluk Bethoro Wahyu Cokroningrat. .Dene garwane banjur ngasrama ing gunung Maliawan, sesilih
Bethari Pulungono wati. .Sing sopo kang biso tinedakan ing panjenengane, iku kang bakal kuwat nurunake ratu.

Yoiku rupane saloka jowo, sing kerep dadi tetembungan ing pewayangan purwo, 
medar kawruh sangkan dumadine bawono.
purwopodo arane
purwo iku awitan podo iku pandhegan
ateges papan palerenan kang sakawit
wiwitane saliro suci tumedhak 
kaserot ing doyoing bawono kawuwulan
salin rupo banjur kaaran jiwo
urip kang isih rupo cahyo
keratone kaaran purwopodo

Yoiku sing diarani Wahyu dening wong jowo
wah ateges akeh yu tegese nyowo
wahyu iku dadi sangkane jiwo
mung isih ono pulung andaru teluh
ugo liyo liyone sing banget akehe
dadi sangkan temuruning jiwo ing arcopodo
tambah akeh wuwulane sangsoyo kasare
hiyo dadi soyo kurang kamurniane
tegese murni iku suci
dene wahyu isih luwih suci tinimbang pulung

Nalikane jiwo jiwo ing bawono ngasmoro
nunggalno rosoing asmoro
ning kunu doyoe roso kang nunggal biso anarik 
sawenehe jiwo jiwo ing kaalusan
katarik kaserot miturut prabawaning asmoro
yen roso sing nunggal biso murni
hiyo wahyu sing katarik
yen kurang murni, hiyo pulung utowo andaru
koyo mangkunu sateruse nganti anyerot
bebakalan rupo jiwo jiwo kasatoan.

Dene cupu iku tegese wadah, manik iku sesotya, hasto iku wolu, gino iku hiyo guno.
wiwite wong kang ngarani mangkono dek kuno kunoe
hiyo pancen wus mumpuni, wus lebdo ing kawruh
dadi karepe iku bebadan kang arupo sesotya kang duweni wolung doyo utowo piguno
iku karepe nuduhno marang sangkane jiwo kang aran wahyu
hiyo iku kang aran Hyang Tanpo Uno Lan Tanpo Uni.

Rupane wolung doyo kang soko wahyu iku
kang tanpo luwe
kang tanpo turu
kang tanpo bungah
kang tanpo susah
kang tanpo soyah
kang tanpo loro
kang ora kademen
kang ora kepanasen
Ateges kang wus ucul soko wuwulane doyoing bawono
mulo iku sing biso dadi panguwating ratu ing bawono
mulo ono ning sarupane dongengan
cupumanik astagina iku sawijining pusoko
sing sakti mondroguno sing dadi rebutan
katurunake dening bethoro suryo.


Doyo Lan Kakuwatan

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU KANG ARAN DOYO


Doyo lan kakuwatan

Kakuwatan iku uruping doyo, ora ono kakuwatan tanpo doyo
mung anane doyo ora mesti bareng anane kakuwatan
larasing doyo kalumpukake sangsaya mundhak gedhe
sing alus tuwin sing kasar mung kacek piguno bebayane
tlaten olehe golek golek anisihake alus kasare
prayogane kerep niteni ing saben dino lumakune
olah doyo ora katon lumantara ketoro
awit doyo soko njero kang katon ing njobo
ugo doyo soko njobo kang katon ing njero
ora ono bleger rupo tanpo ananing doyo
ora ono obah obahan tanpo ananing doyo
hiyo ora ono mongso tanpo doyo
sing ono njobo iku gether urip arane
sing ono njero iku uruping urip arane
doyo tunggal sangkane, dadi sapirang pirang parane

DOYO KASAR LAN DOYO ALUS

Wong mlaku wong lunggu wong meneng iku kabeh ngempakno doyo
sabendino saben jam saben menit sadetik detike manungso iku ora pegat pegat ngempakno doyo
ono sing ngempakake doyo kasar ono sing ngempakake doyo alus
ono sing kulino ngempakno doyoning roso alus yo ono sing kulino ngempakno roso kasar
dene parane doyo kang metu soko roso kasar iku amung pepetheng bebingung ugo apes
awit kerep diempakake sangsaya mundhak mundhak gede doyone kang mahanani lestarine
dadi ono ing salawase urip, manungso iku ngempakake doyoning uripe kanggo ngurip nguripi tetandurane
yoiku tetanduran roso ; kang wus thukul ono ing njero sanubarine manungso
sapirang pirang werna maceming roso iku wiji sing biso thukul gedhe menowo kulino diempakake
endi thukule sing gedhe yoiku doyo sing bakal ngaling ngalingi tethukulan liyane sing cilik cilik
mulane wong sing kulino susah iku biso lali yen bungah iku ono, amargo bungahe katutup dening susahe
awit roso kasar-roso alus-roso luwih alus-roso alusing alus iku duweni jagad dewe dewe
roso kasar yo akeh banget cacah jinise, sing alus y akeh macem wernane, roso luwih alus hiyo akeh maceme
dene roso alusing alus iku kaaran roso tunggal, roso murni kaaran sangkalpa....
mulane manungso iku biso dadi bethoro dadi brekasaaan dadi memedhi dadi gusti dadi lelembut
biso dadi mustikaning jagad hiyo biso dadi leletheking jagad
biso manjing ing jagad padhang nrawang biso manjing ing jagad petheng dedhet
biso manggon ing kaendran y biso manggon ing guruloka ugo kajaten.

KAHANANING DOYO

Endi doyo Endi urupe?
ing nalikane uwong iku rerasan babagan rasaning kawruh, 
rembukan prakara kang becik (migunani marang liyan)
ning kunu roso alus mecungul, duwe kakuwatan nglindih roso liyane..
iku sarupaning doyo alus sing sumebar ing sanubarine, kahanane padhang lan adem
dene sumebare doyo kasar iku kahanane petheng lan panas, mulo yoiku bebakalan kang dadi pengajake pegel lan luwe
bebakalan sing ndadikake apes lan lelaraning awak, mulo akeh wong loro amargo akeh bebingunge
yoiku sing marai lumakune getih ora runut lan ora selaras karo doyoing sanubarine.
sadengah roso sing kerep empane, kerep mecungule, kerep ditarik doyone saya lawas sangsaya mundhak gedhe dene wewatekan lan karaktere uwong iku manut marang pakulinane, hiyo endi doyo sing kerep diempakake yoiku sing dadi bleger uripe
wong sing kerep manggon ing panggonane wong becik, kerep kumpul wong becik, iku sabendinoe yo anggendheng roso kang becik
urupe/kumorone panggonan ning kunu yo becik (....)

Mulane perlu banget kanggone wong kang ngudi kawruh kabatosan iku kerep kekumpulan, sarasehan
pamrihe y anarik sing alus kang sumingit ono ing njero, nalikane sing alus wus mecungul nglindih sing kasar, ning kunu doyoning urip nguripi kang alus, yen mongso iku roso kasar nganti sudo dayane, wong sarasehan ora kroso pegel, ngantuk, luwe
amargo pegel ngantuk luwe iku empaning roso kasar.
awit soko iku wong ngudi kawruh kabatosan perlu kekumpulan kang pamrihe ;
ngumpulake doyoe uwong akeh sing wus podho akeh aluse, kadadekake siji, klumpuking doyo mau andadikake kakuwatan gedhe kang biso anarik, anggendheng jiwo jiwo liyane, iku rupaning kahanan edhi ing sajeroing kaalusan, kang dadi sandi keraton ; sing kakuwatane biso amiyak sakehing doyo kasar ing sakiwo tengene, hiyo miyak doyoing angkoro..
perlune ya kanggo nyirep doyoing angkoro 
amargo soko kuwate doyo angkoro, 
nganti manungso kangelan olehe biso uwal, kagubet soko njobo njero.

PIYANDEL (percoyo)

Iku hiyo rupaning roso sing nganakake doyo, 
iku yo rupaning kakuwatan sing biso gedhe yen kulino diempakake
amargo saben doyo iku biso mundhak mundhak 
ya biso sudho kakuwatane yen ora tau diuthik uthik, wekasan mati..
piyandele marang dirine dewe iku perlu banget diundhaki doyone
amargo tanpo ananing piyandele diri amung ono gethir kuwatir pasrah..
menowo kuwatire sing kerep mecungul piyandele sudho dayane
dadi akehe percoyo marang diri iku anyudho gethir kuwatir
mung piyandel marang diri iku asale soko gumedhe ngegungake dirine
nalikane gumedhe mau wus kabuntel dening kaademan lan katentreman ning kunu roso gumedhe salin rupo dadi percoyo marang diri.
piyandel iku sawijining doyo sing biso ngowahake kahanan
arepo percoyo marang A, B, C, D iku biso dadi jalaran owahe kahanan yen percoyo temenan
coro saiki kaaran doyo kakuwatane sugesti..
bedaning piyandel marang diri lan piyandel marang sakliyane diri iku mung ono ing padunungane
dununge piyandel marang diri iku wus tanpo gumedhe amargo gumedhene wus salin rupo
dene piyandel marang sakliyane diri iku gumedhene tetep ono amargo isih durung kalimput dening adem lan tentreme
kang andadekake parane ora podo, sing siji gowo adem tentrem sing sijine ora gowo adem tentrem.
mulo padunungan jagate hiyo ora podho, sing siji padhang sing sijine ora.


Pirantining Urip Ing Bawono

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Kaweruh Pirantining Urip Ing Bawono

Saknjabaning urip ono roso, saknjabaning roso ono jiwo, saknjabaning jiwo ono nyowo, saknjabaning nyowo ono badan, saknjabaning badan ono suksmo, saknjabaning suksmo ono rogo.

Urip gegandengane roso
roso gegandengane jiwo, jiwo roso nunggal urip
nyowo gegandengane badan
suksmo gegandengane rogo
(Mulane ono tetembungan jowo : Bojone jaka lara iku ing tembe mesti ketemu maneh kumpul sawiji)
ateges ; jiwo iku bojone urip, badan iku bojone nyowo, rogo iku bojone suksmo, nganti salawase yo panggah mangkono gegandengan tan owah ( wutuh ).
Jaka ; lanang sing durung tau saresmi
Lara ; wadon sing durung tau saresmi

Saben ono urip mesti ono jiwo roso
saben ono badan mesti ono nyowo, mung ora saben nyowo ono badane
saben ono rogo mesti ono suksmo, mung ora saben suksmo ono rogoe

Dumadine urip iku ono sing dirasakno, ono sing dienggo ngrasakno lan ono sing ngrasakno
Dumadine pati iku ora ono sing dirasakno (hampa), ora ono sing dienggo ngrasakno (kosong) lan ora ono sing ngrasakno (sirno)
awit isih ono Sing Ngrasakno iku arane isih urip, manungso ing bawono iku anggowo jiwo-nyowo-suksmo sing niti ing sajeroing awak wadag ( rogo ), tanpo awak wadag wus dudu jeneng manungso maneh..
jiwo iku tan keno pinisah soko roso, koyo dene badan iku tan keno pinisah soko nyowo, rogo tan keno pinisah soko suksmo..lebure rogo soko lebure suksmo, lebure badan soko lebure nyowo, lebure roso yo lebure jiwo yo lebure urip..dene anane urip y soko anane jiwo roso, anane badan soko anane nyowo lan anane rogo iku soko anane suksmo..

NYOWO KLAWAN BADAN

SUKSMO KLAWAN ROGO

Saknjabaning urip ono roso saknjabaning roso ono jiwo saknjabaning jiwo ono badan..nyowo
amergo kedadean lan ilange iku soko howo mulo kaaran nyowo, kang aran badan iku awak alus..nyowo iku anggowo karso (karep kang sakawit), hiyo karso iku kang mahanani anane rahso (alusing kekarepan) , nyowo iku sing dadi pikuwating badan, amergo anane badan soko nyowo, ringkih lan kuwate hiyo gumantung marang kahanane nyowo, dene lebure nyowo soko lebure karso lan rahso..
dene rahso iku ono papat wilangane : panas adem padhang lan petheng sing dadi dasar, kagelar dadi sapirang pirang warno, awit soko iku saben ono rahso mesti ono roso, mung ora saben roso ono rahso....
dene badan iku anggowo doyo magnetism, sing biso anarik doyoing bawono (unsur urip) sing ono papat rupane, yoiku doyo bumi, lintang, mbulan, srengenge..hiyo dadi pikuwating rogo nalikane rogo ringkih ( doyo ing sajeroing getih ringkih ).
padunungane badan ono ing njobo lan sajeroing rogo, anglimput sakabehing isen isenane rogo..
kakuwatane rogo iku soko badan lan suksmo, yoiku panyeroting badan ing doyoing bawaono lan unsur organe rogo (suksmo).
badan iku hiyo dadi jembatane jiwo klawan rogo.
Amergo rupane iku alus, lan ora kinaweruhan dening mripat loro iki mulo kaaran SUKSMO, arupo cahyo lapis telu ; dasare kuning semu abang, tengahe ijo moyo moyo, njabane abang semu biru, yoiku sing diarani purbojati, sing nguwati sakabehing piranti urip kang ono ing sajeroing rogo, lan amergo doyoe luwih santosa tinimbang piranti2 ing sajeroing rogo mulo kaaran purbojati.

WEDARANING ROGO

Wahyu pulung andaru teluh papat rupane jiwo kang isih arupo cahyo
nalikane karso kawates dening kalarat suci
kanggo misahake gawe aling aling kahananing jiwo
rosane kalarat sing ora biso ditembusi
kejobo klawan ingkang jumeneng suci pribadi
dene karso kang wus kabuntel lan dadi wuwuh rosane
anggone arep anunggalake
mung ora dadi jumbuh, kejobo mung rasane bae
hiyo asmara jati kang isih biso jumbuh
jumbuihing asmara jati iku kang biso anggendeng sapirang pirang kahanan
hiyo iku kang biso ngendeg kedhering jagad.
dene tempuke doyo soko sapirang pirang kahanan
marang mandege kekedhering jagad
andadikake adeg adeg (wengkuning doyo) ono ing sajeroing tyas
hiyo iku kang bakale mengku sakehing doyo piranti uriping rogo.
Pramono tunggal tuwuh ing jejering tyas
hiyo pramono amung tunggal
kedadeane soko doyoing bawono arupo cahyo telung lapis
dasare kuning mencorong, lan abang merengah, lan abang semu biru
hiyo iku sajatine geni, kang nguripi sakehing pirantining rogo
kang dumunung ing sajeroing rogo.
Waseso tuwuh ing sajeroing tyas
arupo cahyo lapis telu ( dasare kuning enom, ijo pupus lan biru )
hiyo iku angin kang dumunung ing sajeroing tyas
kang anjalari dadine ambegan
amergo iku kang mahanani kuwat ugo biso andadekake rusak
mulo kaaran waseso.
Asal soko kedhering lintang panjer, doyoing bawono lan mbulan
kang urip ing sajeroing tyas
dasare arupo kuning enom mencorong
lan kuning kunir (kedadeane soko mbulan)
lan wungu enom (kedadeane soko lintang panjer)
hiyo iku kang aran Jati
langgeng anane tan maseso tan amurbo tan kawaseso tan kapurbo
hiyo iku kang tansah dadi panglengketing piranti urip nalikane nyandang rogo ing arcopodo
kang ora keno diowahi lan kang ora ngowahi, dununge ora ing njobo ora ing njero
kang ora ngrusak tan keno rinusak
amergo iku rupane banyu lan kang dadi lantaraning roso asmoro jati
mulo kaaran banyu kamanungsan.
Kraton pangrantunan dadi papaning cithakan
bakal kedadeane awak wadag (rogo)
kang bakal disandang ing arcopodo
ugo dumadine lanang klawan wadon
awit tumibo ing pangrantunan.
Hiyo iku budi pakarti
kataman dening kedhering pramono
soko dayaning suryo lan wohing kayu sajati
kang ginendheng dening asmorojati
hiyo iku kang bakale biso anuwuhake pirantine rogo kang alus alus
ono pitu rupane kang dumunung ing sajeroing rogo
Kapisan kaaran Jinem, ateges sawiji mung duweni doyo nenem
kang dumunung ing sajeroing kembang gedhang
rupane doyo nenem iku pandulu, pangrungu, pangecap, pangambu, pangrasa
kaaran ponco indriyo ( ponco iku limo, indriyo iku pangangen angen )
sing keenem arane sanu (bibiting loro lan waras) kang dumunung ora mung ing kembang gedhang
ananging biso anjalar ing saknduwure irung
prenahe ono ing njero ( ing antarane mripat loro )
papan prenahe iku kaaran panon, ateges papaning anon.
dene rupane budi pakarti iku cahyo pitung lapis
hiyo iku langit kang ono ing sajeroing rogo
kang biso dinyatakno temen kasunyatane
biso dingerteni dewe dening poro kang setya tuhu angudi kaweruh
kaaran puat dumunung ing sajeroing tyas
kang dadi geneping cahyo pepitu
hiyo iku kang disebut cipto.


Jangkepe Wedaraning Rogo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI


JANGKEPE WEDARANING ROGO

Damarmoyo arane
arupo damar, mung moyo moyo padhange
iku kang madhangi mripating rogo
manggon ono ing sajeroing tyas
kang tuwuh soko kedhering lintang, damarjati ugo pramono
andadiake badan pitu arupo cahyo lapis pitu
kang mahanani tuwuhe piranti alusing rogo lelimo
yoiku
Otot alus, iku sing dadi kakuwatan
kang anyambung gandhenge piranti
ing antaraning jagad gede lan jagad cilik
Otot kurang alus, kaaran nadi
iku kang digawe noto piranti piranti sajeroing rogo
Dhuwuran utowo uteg, iku sawijing papane piranti
kanggo anggandheng gathuke kahanan njobo lan njero
iku hiyo salah sawijine sor sorane budhi
Kebuk utowo paru paru
sing kiwo dadi wadah lumebune udara soko njobo
sing tengen wadah palerenane udara kang diwetokno
Jiling, iku rupane piranti kang maligiake lan nglaras doyo
supoyo biso gathuk marang doyoning budhi
kaaran kekandhanging roso
gathukake sing soko njero lan soko ing njobo

Hiyo anane isen isen ing sajeroing tyas 
kang mahanani anane pirantine rogo
nalikane wus jangkep isen isenane
jangkepe isen isenan iku kaaran sajatine lanang wadon
weruho niro, ing njero tyasing manungso iku
ono rupo lanang lan wadon
sumurupono sajatine lanang wadon iku
ora bleger rupane awak wadag iki
amergo anane rupo bleger iki ora langgeng
tur ora tetep ora temen yo sok suloyo
tandane ono bleger rupo lanang
kabeh uwong hiyo ngarani lanang
nanging nyatane ora saktemene lanang
jebule wandu
ono bleger rupo wadon, mung nyatane ora wadon temenan
jebule wadat
mung keh kehane uwong ora weruh marang
sangkane ono wandu klawan wadat
dikiro iku polah sing disejo utowo gawe gawe
nyatane iku mung kahanan njero sing suloyo
marang kedadeane kahanan njobo
dene bisane dadi bleger rupo lanang wadon hiyo 
nalikane isih ono ing sajeroing pangrantunan
ateges setitah kang arep dumadi
Kaaran pratiwi
hiyo iku kang dadiake sakabehing pirantine rogo
awit sing alus alus nganti sing kasar kasar
sing kedadean soko kumpuling telung doyo
kang wus dadi pambunteling pramono
dene pratiwi iku gampang dinulu
tur minongko wadah, hiyo wengkuning kahanan
kang ono ing sajeroing tyas
mulane banjur kaaran wadhag
awit ginjel, jantung, pusuh, ati, kebuk, usus lan wadhuk
iku sarupane wadag kang ono ing njero
dene balung, sum sum, daging, otot, getih, kulit lan wulu
iku sarupane wadag kang ono ing njobo

Samangsane kabeh adon adon pirantining rogo
iku wus jangkep wus pepak 
hiyo iku mangsane temurun
katarik dening doyoe pramonojati
amargo wus soyo kasare
kaserot amargo wus timbang kahanane
linggar soko pangrantunan
tumedhak ing arcopodo kene iki
hiyo iku setitah ingkang tumitah
salin kahanan rupo dumadi.