Ingkang Aran Utomo

Share
GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

UTOMO

( uningo totoning suksmo )

Weruh klawan meruhi ing kaweruh
iku padunungane pangerten
Wikan klawan ngawikani ing pangawikan
iku padunungane kasunyatan
Wasis klawan winasis
yoiku wus bangkit migunakake

Olehe ngaweruhi ing pilah pilahe tur pigunoe
ateges ngerti ing pangerten
awit kang wus kaserat lan ora
iku isih arupo katrangan
iku sworo kang ngayuworo
utowo seratan kang tinulis
hiyo ora biso diugemi menowo durung wikan marang nyatane
kang mangkono yen diugemi kaaran hangawulo kumandhang ateges ngugemi sworo
yen mung ngerti karepe bae tanpo wikan ing nyatane iku kaaran hangawulo anggitan

Dene sarupane anggitan iku yen digigit amesti ora dadi
ateges menowo dioyak lan diuyel amesti mbulet lan ruwet wangsulane
amargo nyatane mung soko pinter olehe nganggit nganggit, ora soko oleh olehaning weruh (kaweruh)

Menowo wus ngerti pilah pilah lan piguno tur karepe
wus wikan marang nyatane
banjur wus bangkit migunakake
iku kaaran wus mumpuni ing kredhaning bawono
ateges lebdo ing kawruh
kang mangkono iku dadi ora sio sio ora muspro olehe ngudi kawruh

Mulo ora gampang kang aran utomo
samongso isih gothang lan kuciwo
hiyo gothang yen durung nyumurupi ing bener lupute
hiyo kuciwo menowo durung biso bangkit migunakake

Dene weruh ing bener temenan (kawruh sajati) iku nalikane
wus nyatakake rasuk rinasuk, seksen sineksen, lan tetep tinetepane jagad cilik klawan jagad gedene
yen ora mangkono iku ateges isih durung biso nanding bener klawan luputing kawruh
kang andadekake poro bantah
arebut bener arebut becik nganti dadi pasulayan

Mulo amrih luwih becik.e iku dibisao meruhi kaluputane dewe klirune dewe
banjur biso milah milah lan nisihake endi sing dadi reribet lan pepethenge
wekasan tuwuh gilig ing tekade
yen wus mangkono
sanajan diluputake dening wong sa-jagad pisan, sayekti ora dadi owah gingsir cilik atine

Kanggone poro kang ngudi kaweruh
prayogane ora bantah ing saliring wewarah
ora nacad ing sakehing pitutur lan piwulang
ananging wigatekno, salusurono, lan sumurupono mungguh bener lupute
njur tumancakno ing awakedewe

Klawan ngungkurake angkoro
Anetepi wening ing cipto
Lereming tyas gandulono
Hiyo sanityasno ing mongso
Kang kayungyun dadiyo
Teteping lestari ing batos
Pangudien kang nastiti
Titenono nganti putus tatas
Ing samubarang pambudi
Binudiyo ingkang bontos.