Doyo Lan Kakuwatan

Share
GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU KANG ARAN DOYO


Doyo lan kakuwatan

Kakuwatan iku uruping doyo, ora ono kakuwatan tanpo doyo
mung anane doyo ora mesti bareng anane kakuwatan
larasing doyo kalumpukake sangsaya mundhak gedhe
sing alus tuwin sing kasar mung kacek piguno bebayane
tlaten olehe golek golek anisihake alus kasare
prayogane kerep niteni ing saben dino lumakune
olah doyo ora katon lumantara ketoro
awit doyo soko njero kang katon ing njobo
ugo doyo soko njobo kang katon ing njero
ora ono bleger rupo tanpo ananing doyo
ora ono obah obahan tanpo ananing doyo
hiyo ora ono mongso tanpo doyo
sing ono njobo iku gether urip arane
sing ono njero iku uruping urip arane
doyo tunggal sangkane, dadi sapirang pirang parane

DOYO KASAR LAN DOYO ALUS

Wong mlaku wong lunggu wong meneng iku kabeh ngempakno doyo
sabendino saben jam saben menit sadetik detike manungso iku ora pegat pegat ngempakno doyo
ono sing ngempakake doyo kasar ono sing ngempakake doyo alus
ono sing kulino ngempakno doyoning roso alus yo ono sing kulino ngempakno roso kasar
dene parane doyo kang metu soko roso kasar iku amung pepetheng bebingung ugo apes
awit kerep diempakake sangsaya mundhak mundhak gede doyone kang mahanani lestarine
dadi ono ing salawase urip, manungso iku ngempakake doyoning uripe kanggo ngurip nguripi tetandurane
yoiku tetanduran roso ; kang wus thukul ono ing njero sanubarine manungso
sapirang pirang werna maceming roso iku wiji sing biso thukul gedhe menowo kulino diempakake
endi thukule sing gedhe yoiku doyo sing bakal ngaling ngalingi tethukulan liyane sing cilik cilik
mulane wong sing kulino susah iku biso lali yen bungah iku ono, amargo bungahe katutup dening susahe
awit roso kasar-roso alus-roso luwih alus-roso alusing alus iku duweni jagad dewe dewe
roso kasar yo akeh banget cacah jinise, sing alus y akeh macem wernane, roso luwih alus hiyo akeh maceme
dene roso alusing alus iku kaaran roso tunggal, roso murni kaaran sangkalpa....
mulane manungso iku biso dadi bethoro dadi brekasaaan dadi memedhi dadi gusti dadi lelembut
biso dadi mustikaning jagad hiyo biso dadi leletheking jagad
biso manjing ing jagad padhang nrawang biso manjing ing jagad petheng dedhet
biso manggon ing kaendran y biso manggon ing guruloka ugo kajaten.

KAHANANING DOYO

Endi doyo Endi urupe?
ing nalikane uwong iku rerasan babagan rasaning kawruh, 
rembukan prakara kang becik (migunani marang liyan)
ning kunu roso alus mecungul, duwe kakuwatan nglindih roso liyane..
iku sarupaning doyo alus sing sumebar ing sanubarine, kahanane padhang lan adem
dene sumebare doyo kasar iku kahanane petheng lan panas, mulo yoiku bebakalan kang dadi pengajake pegel lan luwe
bebakalan sing ndadikake apes lan lelaraning awak, mulo akeh wong loro amargo akeh bebingunge
yoiku sing marai lumakune getih ora runut lan ora selaras karo doyoing sanubarine.
sadengah roso sing kerep empane, kerep mecungule, kerep ditarik doyone saya lawas sangsaya mundhak gedhe dene wewatekan lan karaktere uwong iku manut marang pakulinane, hiyo endi doyo sing kerep diempakake yoiku sing dadi bleger uripe
wong sing kerep manggon ing panggonane wong becik, kerep kumpul wong becik, iku sabendinoe yo anggendheng roso kang becik
urupe/kumorone panggonan ning kunu yo becik (....)

Mulane perlu banget kanggone wong kang ngudi kawruh kabatosan iku kerep kekumpulan, sarasehan
pamrihe y anarik sing alus kang sumingit ono ing njero, nalikane sing alus wus mecungul nglindih sing kasar, ning kunu doyoning urip nguripi kang alus, yen mongso iku roso kasar nganti sudo dayane, wong sarasehan ora kroso pegel, ngantuk, luwe
amargo pegel ngantuk luwe iku empaning roso kasar.
awit soko iku wong ngudi kawruh kabatosan perlu kekumpulan kang pamrihe ;
ngumpulake doyoe uwong akeh sing wus podho akeh aluse, kadadekake siji, klumpuking doyo mau andadikake kakuwatan gedhe kang biso anarik, anggendheng jiwo jiwo liyane, iku rupaning kahanan edhi ing sajeroing kaalusan, kang dadi sandi keraton ; sing kakuwatane biso amiyak sakehing doyo kasar ing sakiwo tengene, hiyo miyak doyoing angkoro..
perlune ya kanggo nyirep doyoing angkoro 
amargo soko kuwate doyo angkoro, 
nganti manungso kangelan olehe biso uwal, kagubet soko njobo njero.

PIYANDEL (percoyo)

Iku hiyo rupaning roso sing nganakake doyo, 
iku yo rupaning kakuwatan sing biso gedhe yen kulino diempakake
amargo saben doyo iku biso mundhak mundhak 
ya biso sudho kakuwatane yen ora tau diuthik uthik, wekasan mati..
piyandele marang dirine dewe iku perlu banget diundhaki doyone
amargo tanpo ananing piyandele diri amung ono gethir kuwatir pasrah..
menowo kuwatire sing kerep mecungul piyandele sudho dayane
dadi akehe percoyo marang diri iku anyudho gethir kuwatir
mung piyandel marang diri iku asale soko gumedhe ngegungake dirine
nalikane gumedhe mau wus kabuntel dening kaademan lan katentreman ning kunu roso gumedhe salin rupo dadi percoyo marang diri.
piyandel iku sawijining doyo sing biso ngowahake kahanan
arepo percoyo marang A, B, C, D iku biso dadi jalaran owahe kahanan yen percoyo temenan
coro saiki kaaran doyo kakuwatane sugesti..
bedaning piyandel marang diri lan piyandel marang sakliyane diri iku mung ono ing padunungane
dununge piyandel marang diri iku wus tanpo gumedhe amargo gumedhene wus salin rupo
dene piyandel marang sakliyane diri iku gumedhene tetep ono amargo isih durung kalimput dening adem lan tentreme
kang andadekake parane ora podo, sing siji gowo adem tentrem sing sijine ora gowo adem tentrem.
mulo padunungan jagate hiyo ora podho, sing siji padhang sing sijine ora.