RASAKNO RASANE ROSOMU
Isih akeh wong sing ora podho wikan marang rosone urip.
dikiro anane panggonan anane mongso iku biso anggawe roso
dikiro anane roso iku rupane sing dirasakno
mulo podho bingung golek papan lan mongso
Yo tetep bae nemu bebingung ing saben papan mongso sing ditemokno
ora weruh yen papan lan mongso iku ono amargo anane roso
yo roso sing dienggo ngrasakno
mulo wong yen ngrasakno opo opo gae roso adem hiyo panggah nemu kaademan
amargo papan mongso iku manut marang anane roso
dudu roso manut marang anane papan panggonan
Mulo rasaning urip iku hiyo sing nggelar kahanane papan lan mongso
dudu papan mongso sing biso agawe gelare roso
akeh wong arep lan karep melbu swargo
akeh wong arep lan karep ngemohi melbu neroko
kekarepan kang mangkono iku nuduhno dununge urip sing wus kuwalek, dianggep rasaning urip iku manut papan lan mongso
isih tetep ora ngerti ngertiyo yen gelare papan lan mongso iku gumantung marang pangrasane dewe..
Ono wong kebeg/akeh roso bebingung lan pepanas ing njero dirine
njur melbu swargo....
ning kunu swargo sing dileboni hiyo panggah dadi neroko
amargo papan lan mongso iku ora biso gawe roso pangroso
roso pangroso iku ono ing njero ora ning njobo.
Ono ugo uwong arep ngemohi roso, amargo dikiro isih ono urip tanpo roso,...
haiyo iku dununge urip wangwungwang kosong raono opo opo, yo dudu opo opo...
pancen ilange roso yo dadi ilange urip..