Petilasan

Share

TILAS PETILASAN


(Jejak Yang Ditinggalkan)

.Jagad gede iku terusane jagad cilik
.Anane jagad gede soko anane jagad cilik
.Dudu anane jagad cilik soko anane jagad gede

.Awit kahanan sing rinoso angker, wingit, nentremake, bebingung isp..kabeh iku asal soko dayaning jiwo..kang wus anjalar metu soko rogo..
.papan tilas semedine poro winasis iku papan kajenjeman
mulo ning kunu rinoso agawe padhange panggalih, sok uwongo hiyo biso gawe papan tilase dewe, mindah kahanane pegunungan dipindah ning omah hiyo biso...

.Ning rasane pangecap iku ono legi pait asin kecut sepet isp...nalikane uwong nyawang ono wong mamah tebu....ning kunu roso legine pangecap mecungul (koyo koyo ora ono pait asin, amung ono legi), iku pepindhane uwong marang papan petilasan..

.ono sawijine omah, ning kunu isine mesti geger gendroyono, tukar padu, uring uringan...barang diteliti, ning kunu ono tilasing pamuring sing gede, soko bayi kluron sing tau dipendem ning omah kunu...
.bayi kluron iku bayi lahir mati (mati sakmarine dilahirno)..