Tri Mongso Karma

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Mongsoning Karma

Lelakoning urip kang tinompo
tumibo ngenani awake dewe
sawernane kang aran begjo lan ciloko
iku mung soko pakertine dewe
ateges uwohe opo kang wus ditandur
soko deweké bali ning awaké
mung mangsane bae kang ora cetho
awit mangsane nandur nganti mangsane uwoh
kapan lan koyo opo

Laku becik pikolehe kabegjan
laku ala pikolehe ciloko
iku tegese panggaweh lan uwohe panggaweh
kaaran karma
yoiku sebab lan akibat utowo tumimbal balek

Sing diarani becik iku aweh piguno marang liyan
dene agawe pitunaning liyan iku kang aran olo
aweh piguno utowo pituno iku biso soko
sapirang pirang lantaran kang dadi sarono
awit soko mbebasno sato marang panguripan
menehi pituduh marang kang nandang bebingung
nganti paring pepanganan marang sapodo podo

Amargo wewatekaning jagad iki tansah wales winales
mulo sopo olo ciloko
sopo becik begjo
sopo luput petheng
sopo bener padhang
sing kabeh mau angubengi panguripaning urip
ono ing telung mongso
( sadurunge, saiki, sawuse )

Mangkene...

Lelampahane urip ing mongso saiki
iku tinompo uwohe ing mongso sawuse
dene kang tinompo ing mongso saiki
iku uwohe mongso ing sadurunge
saiki lelakon becik, begjo ono ing sawuse
saiki begjo, lelakon becik ono ing sadurunge
saiki ciloko, lelakon olo ono ing sadurunge
saiki lelakon olo, ciloko dumunung ing mengkone
mangkono sateruse gilir gumanti ing karmane
nandur uwoh nandur uwoh nandur uwoh
dadi rupo pangadilaning jagad

Yoiku gelare kang aran tri mongso karma
angubengi uripe manungso
lelampahane lan pikolehe
tumibo gilir gumanti tinompo deweke

Akehe lelampahan becik iku
mahanani akehe begjo kang tinemu
akehe lelampahan olo ugo
mahanani akehe ciloko kang tinompo
sing begjo lan ciloko mau ora bakalan sirno
nganti wus sirno bobote becik olo kang wus linakonan

Dene tinemune padhang iku
dumunung ing lelampahan kang bener
tinemune petheng iku nalikane
kang linakonan arupo kaluputan

Begjo klawan ciloko iku dadi asile becik olo
padhang klawan petheng
iku dadi tondoing bener klawan luput

Ono ing sajeroing tri mongso karma
kabeh bobote kang linakonan
awit becik olo bener luput
hiyo tinompo ing karmane
nganti sirno ilang bobote

Ono kang rumongso wus lelakon becik
ngedohi olo ngati ati lan lelaku utomo
mung nyatane ciloko kang tinompo
pepetheng kang rinoso ing saben dino
kang koyo mangkono iku weruhono
ngertiyo yen uwoh iku manut tetandurane
yen mesti nompo asile kang wus linakonan
yen jagad iki tansah wales winales
kabegjan iku nuduhno marang kabecikan
dene ciloko iku nuduhno ing kaolowan
yen pepadhang iku nuduhno ing bener
yen pepetheng iku nuduhno ing luput
elingo marang aweh pituno lan piguno
awit sadengah bangsane sato
iku hiyo dumadi jalmo kang mowo jiwo
sing isih biso angrasakno leloro
dene pikolehé kang wus linakonan
hiyo manut sapiro bobote pituno lan pigunoe marang liyan

Dene ono kang rumangsane iku wus begjo
padhang cetho kang rinoso
reribet bebingung pepetheng ciloko hiyo sirno
kang wus rahayu koyo mangkono iku
opo hiyo isih tandang lan lelakonan olo
opo hiyo luput kang dadi tingkah polae

Mulo yen saiki wus lelaku becik dalah bener
linakonan ing saben dinoe
nganti sak akeh akehe
padhang klawan begjo hiyo teko ing rino wengine

Endi bobote sing luwih abot
soko olo becik kang wus linakonan
yoiku sing luwih disek teko
moro tumibo tinompo tanpo sirno
nganti wus ilang bobote kang wus linakonan

Yen gelem nglakoni hiyo kudu gelem nompo pikolehe
ora gelem nompo ing pikolehe
iku wus nuduhno ing lupute
sing mahanani tambah petheng panase
geleme nompo ing pikolehe
iku wus nuduhno ing benere
sing mahanani tambahe adem lan padhange

Mongso sadurunge iku nuju ing mongso saiki
mongso saiki iku tumuju ing mongso sawuse
mongso sawuse dumadi ing mongso sadurunge
sing kabeh mau rinoso ing mongso saiki
mongso saiki hiyo dadi pikolehe biyen
hiyo dadi pikolehe lelempahan mbesok

Mongso saiki iku punjere kabeh mongso
ora ono urip biso ngrasakno mongso biyen lan mbesoké
upomo ngrasakno biyene iku hiyo dumunung ono ing saiki
olehe ngrasakno lan nganggit mbesoké
hiyo dumunung rinoso ing wayah SAIKI

Dadi yen saiki pancen wus bener lan becik
hiyo saiki adem lan padhang
hiyo saiki mangsane kabegjan
hiyo saiki mangsane karahayon
Yen isih ora koyo mangkono
ateges isih panas lan petheng
isih apes lan ciloko
amesti bener klawan becik hiyo isih adoh

Laku becik iku dudu sing migunani ing uripe dewe
hiyo dudu lelakon kang mowo pamrih
dudu sing kanggo awake dewe
dudu sing marai pepanasing urip
mung aweh piguno marang liyan
dene aweh piguno marang liyan
iku ateges marang uriping liyan
awit bangsane gegremetan nganti kaalusan
dene bobote iku manut marang sepiro pigunoe
lan sapiro ptunoe kang diwenehake
mangkono iku dadi sapiro begjo cilokoe
kang tinompo ing mongso SAIKI

Koyo sarupane ahli ing nujum
iku ora amargo weruh olehe moco tondo
awit soko weton, blegere rupo, driji, tangan
amung awas ing karma kang isih sumimpen
ateges karma sing arep jumedhul moro teko
lan iku dudu takdir nasib sing wus katulis
kacatet bebarengan laire manungso
lelakon urip ing arcopodo
nanging lelakone dewe sing biso tinoto
biso dibenahi ing pikolehe kang tinompo

Ono mongso ono papan
kekarone mesti gegandhengan
dene begjo cilokone urip
iku ora manut ing papan panggonan
amargo sarupane papan
iku mung manut marang rupane urip

Papan kabegjan iku palenggahane
wong wong kang podho begjo kabeh
ora ono wong begjo nglenggahi papan ciloko
mung wong wong kang podho ciloko bae
sing nglenggahi papaning ciloko
dadi papan iku gumantung manut marang sing ngenggoni
papan sawiji biso dadi papaning begjo lan ciloko
iku amargo becik olone urip sing manggoni

Kene lan kono 
dadi rupane kabeh papan
wong begjo iku panggah pikoleh becik
ono ing kono kene
dene wong ciloko hiyo panggah tompo olo
ono ing kene kono

Dudu amargo panggonane
nanging amargo sing ngenggoni
dudu amargo mangsane
nanging amargo karmane
urip iku sing dadiake papan mangsane
dudu papan mongso kang dadiake uripe

Mung isih akeh urip sing keluh
akeh urip sing manut katut
akeh sing gumantung ing papan mongso
hiyo papan mongso gaweane dewe
amargo isih ora nyadar
yen anane papan mongso
iku soko anane urip
yen rusake papan mongso
iku hiyo soko rusake urip
mung ono lan rusake iku bareng

Dadi urip olo agawe papan mongso ciloko
urip becik agawe papan mongso begjo
dudu sewalike
mulo mongso olo ciloko
ora biso ngenani urip kang begjo
papan mongso becik lan begjo
ora ngenani urip kang ciloko

Uripmu dudu uripku

Mongsomu dudu mongsoku
Papanmu dudu papanku
Panguripanmu dudu panguripanku
Samongso sapapan mung ora saurip
Mulo sajatine ora samongso lan ora sapapan
Dene yen saurip iku mesti hiyo
Sakmongso ugo sakpapan
Gaweyo mongso gaweyo papan

dunungo marang urip
marang panguripan
lan anggelar mongso papane....

Begjo klawan ciloko
ora soko papan lan mongso
nanging begjo ciloko
biso ono ing endi endi papan lan mongso.

Timbanganing Jagad

TETIMBANGANING JAGAD

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Sarupaning kahanan iku duwe timbangan.
gedhe duwe timbangan cilik..
akeh timbangane satithik..
olo tetimbange becik..
timbangan iku mesti ono ing tengah.tengahe..
ya iku sing perlu dititiprikso.
Kahanan loro kang tetimbangan iku ora ono wates ing tetepe..tengah.tengahe mau ngolah.ngalih manut jaman..manut papan..yaiku manut karepe wong akeh.

Upamane mangkene :
Dek jaman biyen duwe duwit sewu rupiya iku wus aran sugih nanging jaman saiki ora..duwe duwit puluan ewu iku wus sugih tumraping wong kere, nanging tumrape sing sugih ora.
dadi ngarani sugih miskin..bodoh pinter iku manut jamane lan ditimbang karo sopo.
timbangan iku mesti duwe kosokbali..
timbangan iku ora duwe pungkasan nanging kosokbali duwe pungkasan.

Wetan iku timbangane kulon, nanging wong lumaku ngetan, ing bumi kene bisa muncul ing kulon, sebab bumi iki bunder..wetan.kulon iku ora duwe pungkasan, amargo sawijining pulo keno dadi wetan, ya biso dadi ono ing kulon, yen katimbang pulo liyane..
lor iku timbang karo kidul, lan uga kosokbaline, sebab ono jeduge ing pucuk ancere bumi..ora ono papan ing bumi kang ono sak.lore pucuk elor..mentung iku kosokbaline dipentung..yen wong dipenthungi bae, pungkasane ora dadi menthung..seje karo wong lumaku mangulon dadi bali mangetan.

Wutuhing jagat iki soko timbangan, yen sawijine kahanan ilang timbangane:
Ya banjur ilang babarpisan..yen wong sadeso podo racak olehe duwe duwit ,
mesti ora ono aran sugih lan miskin.
yen doyoing bumi sing narik mbulan ugo lintang liyane ora timbang, amesti mbulan katut marang salah sijine sing narik, dadine ora ono mbulan.
mulane urip ojo mung nyawang kahanan siji bae, kudu biso nyawang timbangane ugo...
wong ora weruh kepenak, yen ora weruh kangelan.
sawijining wong diseleh ing pulo sepi, disangoni duwit sewu.yuto, ing kono deweke ora biso ngaku sugih, sebab ora duwe timbangan wong liyo.

Macan iku memangan sato liyane ing alas..yen alase dibabad, sato pepangane macan dadi entek, senajan macane ora dikapak.kapakake, yo banjur melu entek, sebab tetimbangane sing mangan karo sing dipangan wis owah..ono tanduran katekan ama walang..walang maune mung sethithik, amargo oleh pakan akeh, banjur tumangkar akeh..walang duwe satru yoiku manuk, yen walange mundak, manuk yo nimbangi mundak, amargo manuk siji mangan walang akeh, suwe.suwe walange entek, manuke y melu entek, ora dadi mundak akeh, sebab pakane ilang.

Tegese :

Saben ono gelaring urip ditumpes, mesthi ngatutake tumpesing timbangane

Mulo lakune donya iki ubeng.ubengan manut kalangan bunder..
upomo macan ditumpes, celenge ora kalong, dadine kakeyan, lan yen kurang pangan ing alas, banjur moro ngrusak tanduran, rusaking tanduran, ngilangake pangane wong, yen wong ora numpes ama celeng, bakal ora ngalap asiling tanduran..dadi ilange macan mesti njaluk ilange timbangan kahanan liyane.

Ono wong waras..klebon bakteri, bakteri iku tumangkar mangan getih, agawe laraning awak, nanging getih banjur nimbangi ngetokake zat sing biso nawar racune bakteri...yen akehe wis timbang, awak lagi biso waras..yen durung biso nimbangi, awak tansah lara bae..wong nyambutgawe rekoso, timbange kudu mangan sing akeh..yen mangane akeh nanging rekasane awak kurang, y banjur ora timbang ing awak..utowo nyambutgawe rekosi nanging sethithik mangane iku ora timbang, banjur tenaganing awak kurang..

Mulane kudu biso ngilo lan njogo timbangane sakehing kahanan.


Jogo Rogo

ANJOGO ROGO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JOGO ROGO

Dudu rupo bleger awak titenane
Ora dawaning umur pathokane
Ono rogo enom lan ono rogo tuwo
Awak sing ringkih kakurangan doyo
Gampang keno leloro

Yoiku kang diarani rogo tuwo awak tuwo
Yen isih rosa, akeh doyone
Ora gampang keno leloro
Iku ingkang aran rogo enom awak enom
Dene rogo iku berkembang salin rupo saben pitung taon sepisan, 
olehe salin mau tambah tuwo, ora tambh enom..

Mlajari meruhi jalarane loro
Mlajari meruhi jalarane waras
Lan njogo rogoe nganti tan keno loro

Iku mau plajarane awak enom ora ngenani awak tuwo
Amargo pirantine awak tuwo iku wus ringkih, mahanani kurange doyo
Dene awak enom iku pirantine isih kuwat, mulo hiyo biso anompo sapirang pirang doyo...
Hiyo doyo kakuwataning rogo..
dadi awak tuwo iku dijogo opo ora y isih tetep gampang keno loro,
bedo karo awak enom, isih biso dijogo supoyo ora keno leloro..
Mulane ono umur enom awak tuwo ono umur tuwo awak enom

Wulu

Sajeroning wulu ono kulit
Sajeroning kulit ono otot
Sajeroning otot ono daging
Sajeroning daging ono getih
Sajeroning getih ono balung
Sajeroning balung ono sum sum..

Pertumbuhane wulu gumantung ing kulit, pertumbuhane kulit gumantung ing otot, otot pertumbuhane gumantung daging, pertumbuhane daging gumantung ing getih, kuwat ringkihe getih gumantung ing balung dene balung kasonggoh sumsum... Sumsum dadi dasare saraf saraf persendian...

Ngolah. Ambegan

latian pernapasan
dilakoni mung ing wayah jam rolas bengi
lungguh silo
ambegan teratur nganti ambegan alus (koyo koyo ora ambegan),
ning kunu mung ono gerake denyut jantung
madep fokus marang lumebune udara, konsen mrng udarae..
banjur goleki melbune udara ning rogo sing ora liwat soko irung
madep fokus ning udara sing lumebune ora liwat irung
iku kaaran cipto wus ngrasakno manjinge howo

Kang mangkono iku linakonan nganti suwene sak.jam
. mung nalikane wus weruh lumebune ambegan sing ora liwat irung yen diterusno y biso weruh yen olehe olah ambegan mau wus sak.jam suwene.

Yoiku ambegane badan, sing dadi dasar jogo rogo.
Kaaran sampurnaning ambegan.


Serat Jiwo

SERATANING JIWO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SERAT JIWO

Pasinaoning urip lumakuning njobo njero
Olehe ngawasi niteni pangroso
Ono sing dirasakno sing digawe ngrasakno sing ngrasakno
Obah mosike sing dirasakno iku opo
Owahe sing digawe ngrasakno iku endi
Weweko marang saliring obahe njobo njero

Niti sing ngrasakno iku sopo
Dadio waskito ing gelar uripe dewe
Asale ono bali ono asal ora ono bali ora ono
Ameruhi endi sangkan endi parane

Andeleng gelare kahanan
Antetepi gelare sebab dumadine
Awit ingkang katon lan ora katon
Terang ing bedo klawan jatine.
Anane sing dadi dumadi lan kedadiane

NJOBO KLAWAN NJERO

Luputing rumongso anggowo susah piloro
luputing panganggep ing sangkan piguno
dunyobrono iku digunakno gawe anyukupi butuhe rogo
koyo mangan ngombe papan sandangan
lupute yen digawe nyukupi kabutuhan njero
dene dunyobrono ora biso anyukupi njero
koyo kamulyan kakuwasaan pangkat jabatan
amergo luput amesti tompo pasiksane
amung biso kanggo nyukupi butuhing njobo
anggiring ing pungkasaning pasiksan arupo kuciwo
mulo salah kedadian yen arep mulyo nganggo dunyobrono
mahanani tumindak luput ing salah kaprah

Niteni ing kadadiane

iku meruhi ing sangkan kedadian klawan dadine
bedane uyah klawan asine bedone segoro klawan ombake
ngawigati ing awake dewe yo ing uripe dewe
sing ngrasakno sing digawe ngrasakno lan sing dirasakno
bedaning njobo klawan njero
iku tlitinen nganti tekan ing bongkote
ing endi asal karep jumedhule
banjur weruh ing endi sangkane

AKIBAT SOKO SEBAB

Ono akibat mesti ono sebab, ono sebab y ono akibat
kekarone iku terusane kedadian sing runut ing sawiji mongso
sebab dianggep ndadekno akibat
lemah teles kasiram banyu
siraman banyu dianggep dadi sebab, telesing lemah iku akibat
endi sebab lan endi akibate.....
dadi sebab akibat iku wewatekane samar
ateges sebab akibate iku ora dumunung ing banyu lan lemahe
ora terwoco ing poncodriyo (kesamaran)
ananging dumunung ing pangerten ono sajeroing kahanan
dadi sebab akibat iku siji kahanan nanging ono rong rupo (wujud)
yoiku tumindak anggandengno sawiji kedadian marang kedadian liyo
Uwit Uwoh Ceblok Thukul Uwoh
nalikane sebab akibat iku kaanggep rong perkoro
andadekake ora biso dhemen ing sebab gething ing akibat 
Uwoh lan Uwite dadi pitakon jumedhule disek endi...
mung kanggone sing wus wikan uwoh uwit iku sawiji kedadian
mung rong rupo yoiku sebab lan akibat
dumadine dhemen sugih gething sregep lan gemih
utowo gething marang sebab dhemen klawan akibat
bab sugih sing ora ndadak ugo ora amergo warisan yo mergo usahane dewe
iku nalikane uwong ora wikan yen sebab akibat iku sawiji
kedadiane : males lan boros sing dadi cita cita
mburu sugih ngedohi sregep gemih
koyo dene kucing nguber buntute dewe
podo ugo gething lan ngemohi mlarat (miskin)
ananging dhemen lan mburu males klawan boros
"males iku roso ingkang mlarat dene sregep iku roso ingkang sugih"
doyan akibat ngemohi sebab amargo dikiro iku rong perkoro
-boros iku kurang iso ngramut kabutuhane rogo
-gemih iku iso ngramut kabutuhane rogo
dadi nalikane wus wikan yen sebab akibat iku sawiji
mulo wikan marang sawijining sebab akibat iku kaaran ucul soko kaluputan
ning kunu biso ucul soko mburu akibat klawan ngedohi sebab
koyo dene wong mangan ora mburu wareg
amargo weruh yen wareg iku kedadian nalikane mangan akeh
hiyo luputing panganggep dumadi lepas soko mburu akibat tanpo sebab

Mangkene :
luputing pangroso iku sirno nalikane wus weruh marang sangkane
awit nesu susah manglah muring iku kabeh asale soko kaluputan sing ora kinaweruhan sangkane.

Dadio mardiko 
Ora katut marang sing dirasakno
Ora ngetut marang sing digawe ngrasakno....


Jowo Jiwoku

KAWERUH JOWO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JOWO JIWOKU

Rerupan ireng ngebeki arcopodo
rerupan biru ngebeki samudro tuwin angkoso
ijo ijoan ngebeki bawono
kaweruh jowo kang sakawit soko bongso jawoto
hiyo bongsone manungso jowo
kagelar ing mongso ewonan taon kepungkur
awit sing diarani ebles, setan, moloekat, bethoro, dewo, gusti, pengeran, hyang iku kabeh durung ono kasebut ing bumi jowo.

'Ibu bumi bopo angkoso'

Sekabehe ingkang tumitah
, sekabehane ingkang dumadi, sekabehe poro sujalmo
iku sedulur siro.
ono dulur amargo ono sesambungan ono pepadhan
hiyo sapodo-podo ; ingkang tumitah bebadan suksmo dene ingkang dumadi anggowo suksmo ugo,
ingkang dumadi anggowo jiwo dene poro sujalmo bebadan jiwo.
mulo kabeh hiyo seduluran, sedulur sapodo-podone ngaurip
sesambungane poro dulur kui kaaran pesederekan.

Ono sedulur tunggal panunggal
ono sedulur tunggal mongso kelairan
ono sedulur tunggal ibu
ono sedulur tunggal rogo, tunggal karso, tunggal cipto lan roso.
kabeh mau kaaran 'kaweruh ing panunggalan'
dene panunggalan iku sing marai ono kerukunan, onoe kerukunan marai ono gotong royong, yoiku disonggoh bebarengan.
dene sangkane panunggalan iku soko pesederekan, lan pesederekan iku soko sambunge seduluran kaaran 'setunggal jagad'. 

Rogo klawan rogo liyane iku hiyo setunggal, hiyo sedulur, koyo toh rogone danu lan budi, rogone sato lan gegremetan, rogone iki lan iku.....
karso klawan karso liyane iku hiyo setunggal, hiyo sedulur ugo, dene sing sinebut karso iku karep kang kagowo soko wiwitane, tembung saiki kaaran 'naluri'
dadi naluri nalurine kabeh dumadi kabeh bongso iku setunggal..sedulur
cipto klawan cipto liyane hiyo setunggal, hiyo sedulur cipto arane, mulane cipto marang cipto iyane iku biso sawab sinawab, biso saut sautan amargo sedulur
roso klawan roso liyane ugo setunggal hiyo seduluran ing roso pangroso, rosoku klawan rosomu iku saktemene ora bedo, koyo dene banyu puteh klawan banyu kopi iku saktemene podo podo ingdalem banyune.
rogo iku sinebut awak wadag ateges wadahe sapirang pirang pirantine urip bongso dumadi
karso iku karep kang wus ono soko sangkane yoiku karep sing digowo klawan nyowo
cipto iku hiyo angen angen
roso iku hiyo pangroso

Amergo kabeh kabeh iku sedulur, mulo ora wenang tumindak cidro marang liyan, ora wenang agawe olo marang liyan, ora wenang gawe pitunane liyan.
saktemene sing sinebut mungsuh iku ora ono, onoe hiyo mung nalikane lali marang pesederekan, utowo ora weruh marang dulure dewe.
ono dulur tunggal mongso kelairan ; yoiku bebarengane mongso laer ing arcopodo iki, awit soko bongsone sato kikula iwak gegremetan tuwin manungso, kaaran dulur tunggal moho ibu.
ono sedulur tunggal panunggal ; kaaran dulur tunggal sang ibu lan sedulur tunggal ibu kaaran 'dulur tunggal wong tuwo'

Mulo sarupane kang ono iku sedulur kito kabeh ; awit cacing, kupu kupu, macan, celeng, wong bodoh wong wuto wong durjono wong becik.......kabeh iku hiyo tetep dulur niro,
ora weruhe uwong ing dulure dewe iku mung soko kurange pengerten marang tegese kang aran dulur, dikiro mung ono dulur tunggal wong tuwo thok' sing ono..bongsone sato tuwin gegremetan ; koyo semut, cacing, set lan liyo liyone iku dianggep mung dumadi sing nggremet-nggremet bae, ora ngerti yen sing nggremet-nggremet iku dulure dewe, ojo maneh mengkono ; bongsone sato koyo dene sapi, wedus dikiro pepanganan kanggone menungso, ora ngerti ngertiyo yen iku dulure dewe hiyo dulur tunggal sang ibu.

Arep diakoni opo ora, arep dingerteni opo ora, arep dipercoyo opo ora kabeh dumadi tuwin jalmo hiyo sedulur siro kabeh..
manungso agawe pepati marang manungso, manungso agawe pepati marang sato.......iku podo bae kaaran 'gawe pepatine liyan' hiyo podo podo kaaran tumindak olo marang dulure dewe, mulo wong jowo iku luwih ngati ati yen arep ngethok wit witan, awit sadengah isen isene uwit iku mesti dienggoni bongsone gegremetan.

Dene kaweruh panunggalan iku mahanani lestarining urip bebrayan, mahanani ademe roso pangroso, mahanani weninge cipto, ugo lereme rahso kabeh mau agawe tentrem ing tyas.
anane bongsone sato kaanggep bedo klawan bongsone manungso iku mung bedo ing rupo lan kahanane jiwo bae, sakliyone iku hiyo podo, podo podo sandangan rogo, podo podo anggowo karso ; koyo mangan ngombe turu, hiyo podo podo tunggal sang ibu ugo podo podone ngaurip lan kaaran setunggal jagad.

Rogo klawan rogo liyane setunggal iku mangkene :
Nalikane ono uwong weruh, katon tangane koncone ketutuk palu ; ning kunu uwong kroso koyo koyo tangane dewe hiyo ketutuk palu ; hiyo iku tondo yen tanganku lan tanganmu iku saktemene setunggal, mripate kancane keculek, sing katon weruh hiyo koyo koyo melu keculek....mangkono sakteruse

Karso klawan karso, cipto klawan cipto, pangroso klawan pangroso iku hiyo setunggal, 
mulo biso sambung anyaut, mulo kaaran sedulur.




Patang Sembah

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Catur Sembah


Kang kapisan : sembah roso ( jiwo )
yoiku anetepi ayeming tyas ing saben dinoe, amargo ayeming tyas kui kang nuntun marang pepadhange jiwo, kaademan kang rinasakake iku arane sembah roso sayekti.

Kang kapindo : sembah cipto ( sukmo )
yoiku anetepi sengseming tyas ing saben dinoe, yen biso mangkono, iku aran wus oleh pepadang pangroso uripe, ateges eseming tyas iku rupane welas asih.
dadi tetep ing kawelas asihan marang kang tinompo lan rinoso.
hiya welas asih marang pepadhaning urip tanpo amilih.

Kang katelu : sembah badan ( nyowo )
yoiku murih eseming tyas, nalikane nemu ing leloro, penak, ora penak, becik, olo
tetep katanggep nganggo sukaning nala,
ateges ninggal pangarsulo ( gethinge tyas),
amargo yo mung eseming tyas iku kang bisa andadikake weninge nala.

Kang kapapat : sembah rogo
yoiku awak sakujur utawa poncodriyo diajegno/kulino tumindak jujur,
ora mung jujure pangucap, nanging jujure tumindak ing saben dinoe,
iku arane sembah rogo sejati.


Ingkang Moho Alus

MOHO ALUS

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Otot kawat balung wesi
Dikiro sing kuwat iku awak kasar iki, dianggep rogo iki sing kuwat
nyatane yen wus diulesi ora biso opo opo..

Sing oleh pangalem balung lan otote, amargo kuwat olehe ngangkat sawenehe kang abot, 
mung bae balung otot sing dibandhuli iku isih kaangkat dening angen angen.
kui nuduhno yen kang luwih alus iku ingkang nguwasani.. 

Lan ingkang luwih alus iku hiyo ingkang luwih biso santosa..

Mulo ingkang kasar iku kawengku dening alus,ingkang alus kawengku dening kang luwih alus, ingkang luwih alus hiyo isih kawengku dening kang luwih alusan maneh...

Nganti tekan ing alusing alus, ora ono kang ngluwihi aluse maneh, 
Yoiku sajatine kang aran moho wiseso tan kawiseso

Ategese ingkang moho alus, kang mengku sakehing kahanan.
hiyo iku sajatine kang among dumadi.