Oleh - Olehaning Dhewe

DEWE

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

ugo ono kang bungah lan marem sebab jajah sesurupane,
soko layang warna.warna anggitane pujangga linuwih
utawa soko serat warna.warna anggitane para begawan resi.

Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mbleset) 
iku mung pitutur kang tinemu ing batine dewe.

Pitutur soko njobo (lair) mung dadi sarana thok.thok.
ateges : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, gandheng kerep ngleremake poncodriyo.
dadi yen ora kerep nyudo tumangkaring rahsa kasar (hawa napsu) 
lan ngrasakake nganti weruh marang rasane..
iku akeh.akehe tanpo gawe : sebab mung dumunung ing angen.angen.
ateges : mung lagi biso ngarani bener lan becik, dhemen lan ngalem.
dudu surasaning tembung, kang ora bisa meruhi yen 
ora sregep ngenengake roso kasar (adon.adon kasar)

Bola.bali kang manfaati iku mung OLEH.OLEHANE DHEWE.
rejeki kang olehe soko nyambutgawe krekelan,
iku kang kroso penak lan kang manfaati marang awake iku mung soko kringete dhewe.
bisane manungso thukul budhine,
(oleh piwulang kang metu soko batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan)
iku mung nganggo MENENG adon.adone kang kasar.
dene dalaning meneng iku :
ono kang sebab disejo, ono kang sebab kapekso,
ono kang jalaran soko kapinujon.


Podho Rasane Mung Bedo Karepe

PODO ROSO BEDO RAHSO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

dudu wong golek bungah koyo wong main, rame.rame, ngombe enak, nyanding bondho, mangan enak isp ; kang mangkono iku arane ngudi pepisahan soko kabungahan. 
dadi engatase wong kang lali mesti banjur 
ngiro, disengguh yen wong ngudi kaweruh iku ora duwe seneng babar pisan, amargo tansah susah jalaran mekak pepinginan kang kasar (howonapsu), mestine ya kudu eling yen seneng munu rasaning pengarep.arep kang katekan, awit soko iku ora ono bedane babarpisan karo sing bungah.bungah lan ngenak.enak, amargo kabeh.kabeh podho duweni pangudi lan pangarep.arep ugo podho murih katekane, 

Kang seneng marang kabungahan ora marem.marem, 
kang seneng marang kawruh duwe marem.
Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo lawas soyo tentrem.
Kang seneng marang kabungahan bakal karusakan, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo nyedhaki karahayon.
Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo satitik susahe.
Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo padhang.

Sakehing seneng iku PODHO
(mung kacek mlarati karo manfaati).
Mulane kang ngudi kawruh ora perlu gimir, meri, kepencut, ngersulo utawa cilik.aten.

Panca Wewarah ( Limang Pitutur )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

PONCO WEWARAN



1.Sêtya amituhu utawi têmên lan jujur.
2.Santosa, adil paramarta, tanggêngjawab botên lèwérwéh.
3.Lêrês ing samubarang damêl, sabar wêlas asih ing sasami, botên ngunggul-unggulakên dhirinipun, têbih saking watak panganiaya.
4.Pintêr saliring kawêruh, langkung-langkung pintêr ngécani manahing sasami-sami, punapa dènè angêreh kamurkaning manah pribadi, botên anguthuh mêlik anggéndhong lali, 
amargi saking dhayaning mas picis raja brana.
5.Susila anoraga, tansah ngênggéni tata krami, mawéh rêrêseping paningal tuwin sêngsêming pamiharsa, dhatêng ingkang sami kataman.

Mustikaning kawêruh tuwin luhur-luhuring kamanungsan iku yen kuwasa anindhakakên lampah limang prakawis kados kawursita ing nginggil punika.

Têmah kita manggén ing sasaning katêntrêman, 
dene wontêning katêntrêman punika mahanani harja kréta lan kamardhikan kita sami.

Yen botên makatên, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagilês dening rodha jantraning jagad margi kacidraning manah kita pribadi.



Wangun Gilig

BUNDERAN

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU BUWENGAN

Purwoning ono kang aran samadhi
nalikane deweke kasemsem marang kang adhi
adhi luwih werdine ora gampang kinaweruhan
ambiyak warono ing palenggahan
amrih nunggal laras ing puncaking samadhi
dadi lawas yen wus gilig doyo uripe
ora biso suwe yen kurang murni jiwoe.

Wangun bunder utowo gilig, iku wangun sing kuwat dewe
pathokane wangun iku bunder utowo buweng
wangun bunder iku ora biso diarani tipis lan kandhel yen disawango soko pinggire
menowo ditarik garis sing nerjang titik pusere
mesti mung tinemu kandhele kang ora kaungkulan karo kandhel sing diukur soko titik liyane.

Mulo bunder iku sawijing watek kang perlu kang biso nekakake sambarang sedyone
uwit iku gilig, mulo anane angin soko sisi endi bae ora marai ambruk, amargo kandhele mubeng
pring iku y gilig, kayune y tipis amargo njerone bolong, mung ora kalah rosane karo kayu liyo sing podo gedhene, mung yen sigar, ilang kakuwatane
mangkono ugo bebalungane sato, njerone gombong mung gilig, kuwat banget
banyu netes ning godhong tales kawangun bunder amargo ora ono doyo sing anarik banyu mau
menowo netes ning kayu, ora gilig nanging ngrembes kaserot dening kayu
lengo iku kumambang ing dhuwur, menowo diwor karo banyu, amargo kapepet doyoning banyu klawan howo, mung yen ono ing njerone alkohol sing podo antepe, bnjur kawangun bunder koyo kuninge endog ning tengah tengah putihe..
samono ugo bawono, mbulan, srengenge, lan kabeh lintang hiyo kawangun bunder gilig, lumakune lintang lintang hiyo manut kalangan bunder.

Wangun bunder iku katone cilik, nanging jembare ngungkuli wangun persegi
sethithik nanging yo akeh isine, ringkes nanging kuwat
dadi menowo angen angen iku digiligno dadi siji, ora akeh simpange, amesti kuwat panarike marang kang sinedyo
doyo akeh sing biso golong dadi siji, amesti kuwat empane, yoiku karepe ono karukunan
mulo yen duwe sedyo opo bae, iku ra perlu mikir liyo akeh akeh, nanging sakehing poncodriyo rekodoyonen giligno dadi siji
yoiku sing biso ngenggalake dadine opo sing dikarepno.

Mulane wong jowo iku nalikane duwe karep kang gedhe amung ;
Meneng : sidhakep saluku tunggal
ning kunu pandulu pangrungu kabeh poncodriyo angen angen pangroso lan kabeh doyo uripe diempakno bebarengan ing sawijining kang disedyo
mulane banjur enggal oleh sasmito hiyo oleh kang dikarepake.



Tepo Saliro

WALES WINALES

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Amargo Tansah Wales Winales... . .

Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese,
yoiku kang diarani tepo saliro.
Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku.
yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan.
awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno),
senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan.
tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan.
wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip.

Laku tepo saliro iku pencare akeh.
yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mesti ya lego atine yen dipapagake, banjur digenteni gawane..yen ono wong direwangi kangelane sathithik, mongko banjur nundhung.nundhung, ya diarani wong ora duwe panarimo.

Mulane awake dewe kudu ditepakno, kabecikaning liyan senajan sathithiko pisan, wajib diterimo..den eling ngetokake panarimo marang sopo bae kang aweh utawa rerewang.
Yen wong mamah panganan, banjur ngriyus kerikil, weruh marang ora kepenake..iku dadi tuladha mulane yen gawe panganan, diresik ojo nganti kaworan wedhi, opo maneh yen pepanganan mau arep didol.

Kepiye rasane ati yen pitakon dienengake bae..
lumrahe wong iku ora kpenak yen pitakone ora oleh wangsulan..mulane wiwit awake dhewe ya ojo ngenengake pitakone wong, senajan lagi nyambutgawe, rak ora kabotan, toh..
mung ngobahake lambe.
Yen ono wong aweh hurmat marang wong pangkat,
nanging ora diwangsuli, iku diarani wong kang kumalungkung.
awake dewe ngangguro, utawa dadio priyayi kang gedhe pisan, yen dikurmati uwong, kudu mangsuli tembung, iku nandakake yen wus weruh dihurmati lan anarimo.
opo ora prayoga, upomo malah andhisiki hurmat kang patut,
opo maneh wong kang kepingin diajeni: ya kudu ngajeni dhisik.
sarupane kang cilik.cilik lan remeh iku mau yen dikawruhi: agawe renane tonggo teparo, tur ora rekoso linakonan.
olehe ngopeni prakara remeh iku dadi tondone weruh ing udanagara.
yen wong nglakoni kang remeh bae ora biso, nglakoni kang abot lan rekoso maneh bisao..
ya mangkono iku panemune para leluhurmu kabeh ing tanah jowo.


Alus Kasaring Roso

[ Kasar Lan Alusing Roso ]

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Beda.bedaning manungso, iku katarik soko alus kasaring roso pangrosone
ono kang banget aluse, ono kang banget kasare..
pepindhane koyo : pucuking driji karo dlamakan.
pucuking driji biso mbedakake gegrayangane :
sutra,bludru,kapas,kasa,kikir,rempelas, nanging dlamakan ora biso.
pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane.

Manungsa kang kaupamakake koyo pucuking driji, enggal kroso lan nggraito yen ngrungu pitutur, lan enggal biso mbedak.mbedakake kang perlu lan kang ora, bisa nimbang kang alus lan kang kasar, anggegem kenceng marang nalar kang wigati,
lan tansah ngintip.intip nalar kang bener lan becik.

Ananging kang keno kaupamakake dlamakan : tanpa gawe ; panggugah, penget, kojah, carita, tepo tuladha, pasemon...amargo kabeh ora ono kang kroso ing rosone, amargo rosone kaling.lingan ing rahsa kasar (kasatoan) kang kandel koyo kapale dlamakan.


Watoning Jagad

WEWATONING JAGAD

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

[ Watoning jagat iku: Timbang ]

Dadi yen ono goncating timbangan, mesthi njaluk bali nganti podho,
kang nyulayakake timbangan iku dipekso bali, utawa diwales.
Mulane donya iku wales-winales.bolak-balik..
Bola.bali iku: tampel-tinampel, utawa mubeng temu gelang..

Bumi iki ya mubeng ing indhane, marakake rino gantenan karo wengi..
bumi iki ya ngiteri srengenge, nganakake mongso kang podho ing saben taun..
sorot padhang kang tumanduk ing sarupane barang iku ditampel bali dening barange,
sorote srengenge soko kiwo yen katampan ing kaca, balik tampel manengen,
sorote tibo ing papan, ing kunu katon gambare srengenge..

Sanyatane: sorot padhang iku ditampel ing barang, yen enggoke sorot iku tumanduk ing mripat, mripat weruh gambare barang kang nampel sorot..nanging ing wayah bengi ora ono sorot, ora ono padhang kang katampel, mulane ora ono barang katon mripat ing pepetheng..
swara natab ing tembok hiya katampel bali..
banyu segoro nguwab dadi mego mendhung, tibo dadi udan, mili bali menyang segoro

Grenjeling ati iku
getering kahanan kang alus, lakune nuju atine wong kang dianggit, geter mau natab, atine wong kang dituju dadi duwe pangroso (pangiro),
geter iku katampel bali.
yen wong duwe ati gething marang liyan, sanajan ora kongsi kawetu, sing digethingi hiya kroso atine, lan uga ganti gething, sanajan pasango rupo manis,
trkaedang deweke iku ora weruh sababe kang cetho enggone duwe roso gething..
yen wong duwe ati dhemen tresno marang kancane,
sanajano rembug.omonge bral-brol, kancane mau ya dhemen ing deweke.
yen barang kang kasimpen ing jero ati mekso manut waton wales-winales, kepiye maneh swara kang nganti kaprungon..yen ora tampo balen lan wales..
wong canthula ya dicanthulani uwong..
wong tetulung ya banjur oleh pitulung..wong utang ya kudu nyaur, apa maneh wong utang iku ing ngarep mesthi kanthi janji arep nyaur..wong nglarani ing sapadha.padha ya bakal dilarani..
wong agawe pepati ya musthi bakal nemu pati.

Awit prakara kang cilik.cilik mesti oleh piwales..
misale: wong tuku mestii mbayar..wong takon diwangsuli..wong angguyokake ya diguyu.. lan sapanunggalane. dene wewales kang rupo pati, iku prakara gedhe (barang gedhe iku sing lumrah ora rikat (banter) lakune), ora mesti teko saknaliko iku, nanging kok wurung? iku ora.