Jowo Jiwoku

KAWERUH JOWO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JOWO JIWOKU

Rerupan ireng ngebeki arcopodo
rerupan biru ngebeki samudro tuwin angkoso
ijo ijoan ngebeki bawono
kaweruh jowo kang sakawit soko bongso jawoto
hiyo bongsone manungso jowo
kagelar ing mongso ewonan taon kepungkur
awit sing diarani ebles, setan, moloekat, bethoro, dewo, gusti, pengeran, hyang iku kabeh durung ono kasebut ing bumi jowo.

'Ibu bumi bopo angkoso'

Sekabehe ingkang tumitah
, sekabehane ingkang dumadi, sekabehe poro sujalmo
iku sedulur siro.
ono dulur amargo ono sesambungan ono pepadhan
hiyo sapodo-podo ; ingkang tumitah bebadan suksmo dene ingkang dumadi anggowo suksmo ugo,
ingkang dumadi anggowo jiwo dene poro sujalmo bebadan jiwo.
mulo kabeh hiyo seduluran, sedulur sapodo-podone ngaurip
sesambungane poro dulur kui kaaran pesederekan.

Ono sedulur tunggal panunggal
ono sedulur tunggal mongso kelairan
ono sedulur tunggal ibu
ono sedulur tunggal rogo, tunggal karso, tunggal cipto lan roso.
kabeh mau kaaran 'kaweruh ing panunggalan'
dene panunggalan iku sing marai ono kerukunan, onoe kerukunan marai ono gotong royong, yoiku disonggoh bebarengan.
dene sangkane panunggalan iku soko pesederekan, lan pesederekan iku soko sambunge seduluran kaaran 'setunggal jagad'. 

Rogo klawan rogo liyane iku hiyo setunggal, hiyo sedulur, koyo toh rogone danu lan budi, rogone sato lan gegremetan, rogone iki lan iku.....
karso klawan karso liyane iku hiyo setunggal, hiyo sedulur ugo, dene sing sinebut karso iku karep kang kagowo soko wiwitane, tembung saiki kaaran 'naluri'
dadi naluri nalurine kabeh dumadi kabeh bongso iku setunggal..sedulur
cipto klawan cipto liyane hiyo setunggal, hiyo sedulur cipto arane, mulane cipto marang cipto iyane iku biso sawab sinawab, biso saut sautan amargo sedulur
roso klawan roso liyane ugo setunggal hiyo seduluran ing roso pangroso, rosoku klawan rosomu iku saktemene ora bedo, koyo dene banyu puteh klawan banyu kopi iku saktemene podo podo ingdalem banyune.
rogo iku sinebut awak wadag ateges wadahe sapirang pirang pirantine urip bongso dumadi
karso iku karep kang wus ono soko sangkane yoiku karep sing digowo klawan nyowo
cipto iku hiyo angen angen
roso iku hiyo pangroso

Amergo kabeh kabeh iku sedulur, mulo ora wenang tumindak cidro marang liyan, ora wenang agawe olo marang liyan, ora wenang gawe pitunane liyan.
saktemene sing sinebut mungsuh iku ora ono, onoe hiyo mung nalikane lali marang pesederekan, utowo ora weruh marang dulure dewe.
ono dulur tunggal mongso kelairan ; yoiku bebarengane mongso laer ing arcopodo iki, awit soko bongsone sato kikula iwak gegremetan tuwin manungso, kaaran dulur tunggal moho ibu.
ono sedulur tunggal panunggal ; kaaran dulur tunggal sang ibu lan sedulur tunggal ibu kaaran 'dulur tunggal wong tuwo'

Mulo sarupane kang ono iku sedulur kito kabeh ; awit cacing, kupu kupu, macan, celeng, wong bodoh wong wuto wong durjono wong becik.......kabeh iku hiyo tetep dulur niro,
ora weruhe uwong ing dulure dewe iku mung soko kurange pengerten marang tegese kang aran dulur, dikiro mung ono dulur tunggal wong tuwo thok' sing ono..bongsone sato tuwin gegremetan ; koyo semut, cacing, set lan liyo liyone iku dianggep mung dumadi sing nggremet-nggremet bae, ora ngerti yen sing nggremet-nggremet iku dulure dewe, ojo maneh mengkono ; bongsone sato koyo dene sapi, wedus dikiro pepanganan kanggone menungso, ora ngerti ngertiyo yen iku dulure dewe hiyo dulur tunggal sang ibu.

Arep diakoni opo ora, arep dingerteni opo ora, arep dipercoyo opo ora kabeh dumadi tuwin jalmo hiyo sedulur siro kabeh..
manungso agawe pepati marang manungso, manungso agawe pepati marang sato.......iku podo bae kaaran 'gawe pepatine liyan' hiyo podo podo kaaran tumindak olo marang dulure dewe, mulo wong jowo iku luwih ngati ati yen arep ngethok wit witan, awit sadengah isen isene uwit iku mesti dienggoni bongsone gegremetan.

Dene kaweruh panunggalan iku mahanani lestarining urip bebrayan, mahanani ademe roso pangroso, mahanani weninge cipto, ugo lereme rahso kabeh mau agawe tentrem ing tyas.
anane bongsone sato kaanggep bedo klawan bongsone manungso iku mung bedo ing rupo lan kahanane jiwo bae, sakliyone iku hiyo podo, podo podo sandangan rogo, podo podo anggowo karso ; koyo mangan ngombe turu, hiyo podo podo tunggal sang ibu ugo podo podone ngaurip lan kaaran setunggal jagad.

Rogo klawan rogo liyane setunggal iku mangkene :
Nalikane ono uwong weruh, katon tangane koncone ketutuk palu ; ning kunu uwong kroso koyo koyo tangane dewe hiyo ketutuk palu ; hiyo iku tondo yen tanganku lan tanganmu iku saktemene setunggal, mripate kancane keculek, sing katon weruh hiyo koyo koyo melu keculek....mangkono sakteruse

Karso klawan karso, cipto klawan cipto, pangroso klawan pangroso iku hiyo setunggal, 
mulo biso sambung anyaut, mulo kaaran sedulur.




Patang Sembah

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Catur Sembah


Kang kapisan : sembah roso ( jiwo )
yoiku anetepi ayeming tyas ing saben dinoe, amargo ayeming tyas kui kang nuntun marang pepadhange jiwo, kaademan kang rinasakake iku arane sembah roso sayekti.

Kang kapindo : sembah cipto ( sukmo )
yoiku anetepi sengseming tyas ing saben dinoe, yen biso mangkono, iku aran wus oleh pepadang pangroso uripe, ateges eseming tyas iku rupane welas asih.
dadi tetep ing kawelas asihan marang kang tinompo lan rinoso.
hiya welas asih marang pepadhaning urip tanpo amilih.

Kang katelu : sembah badan ( nyowo )
yoiku murih eseming tyas, nalikane nemu ing leloro, penak, ora penak, becik, olo
tetep katanggep nganggo sukaning nala,
ateges ninggal pangarsulo ( gethinge tyas),
amargo yo mung eseming tyas iku kang bisa andadikake weninge nala.

Kang kapapat : sembah rogo
yoiku awak sakujur utawa poncodriyo diajegno/kulino tumindak jujur,
ora mung jujure pangucap, nanging jujure tumindak ing saben dinoe,
iku arane sembah rogo sejati.


Ingkang Moho Alus

MOHO ALUS

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Otot kawat balung wesi
Dikiro sing kuwat iku awak kasar iki, dianggep rogo iki sing kuwat
nyatane yen wus diulesi ora biso opo opo..

Sing oleh pangalem balung lan otote, amargo kuwat olehe ngangkat sawenehe kang abot, 
mung bae balung otot sing dibandhuli iku isih kaangkat dening angen angen.
kui nuduhno yen kang luwih alus iku ingkang nguwasani.. 

Lan ingkang luwih alus iku hiyo ingkang luwih biso santosa..

Mulo ingkang kasar iku kawengku dening alus,ingkang alus kawengku dening kang luwih alus, ingkang luwih alus hiyo isih kawengku dening kang luwih alusan maneh...

Nganti tekan ing alusing alus, ora ono kang ngluwihi aluse maneh, 
Yoiku sajatine kang aran moho wiseso tan kawiseso

Ategese ingkang moho alus, kang mengku sakehing kahanan.
hiyo iku sajatine kang among dumadi.


Wewatekaning Jagad

WEWENGKONING JAGAD

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Jagat iku anduweni watek langgeng..langgeng iku panggah salawase.
ora kok bayi iku bakal panggah bayi bae..utawa jaman iki ora bakal salin.

Langgeng iku tetepe waton lelakoning jagat, panggah ing watek, dudu panggah ing kahanan.
Sawijining barang kang meneng iku, mesti panggah meneng.leren (ora obah) salawase, yen ora ono doyo kang ngobahake..barang kang wis obah, hiya bakal terus obah manut enere ing barang mau..
yen ora ono doyo kang nampeg utawa mapag.

Lakune bumi mbulan lan lintang.lintang, kang salawase panggah obah manut enere..watu bunder kang diglundungake iku mesti ora mandeg.mandeg lan panggah ing enere, upomo sasuwene ngglundhung ora katampeg udara utawa ora goser karo lemah..wong yen arep nyoloti palangan dhuwur, kudu nganggo ancang.ancang lumayu soko adohan, supoyo awake obaho, lan obahe iku kang ngatutake awake nglangkahi palangan mau..upomo tanpo ancang.ancang, jangkahe mesti ora tekan..watone jagat prakoro ancang.ancang iku dadi tumindak ing ngendi.endiyo gon..wong arep anggawe omah kudu sediyo balungan lan bakal liyane..wong duwe pangarah, kudu sediyo opo kang dadi tetukone kang diarah..wong arep rembukan perlu, kudu anggladhi kang arep diucapake lan anjagani kepiye bakal jawabing pitakon..guru kang arep mulang ; kudu wus paham ing bab kang arep diwulangake..wong nganggit layang sadurunge miwiti nulis kudu wus sumurup marang opo kang bakal dianggit dadi isining layang..wong arep pinter, kang baku kudu san

Niteni ateges : ngaweruhi lan angelingi apa kang dideleng, dirungu, sakteruse,...
Ringkese : kudu bener olehe ngempakake poncodriyo, digiligake dadi siji, dienerake ing sawiji maksud kang diarah, kang mangkono mau kudu kanthi betah lan karep..
upama bisa mangkono pangarahe, pangarep.arepe mesti enggal katekan.

Wong kang guneman kepengin sugih, ora klakon sugih ; menawa bau.sukune ora digawe nyambutgawe, pandhulune, pangrungune..... ora mratekake marang sing marakake ing kasugihan,......

Awak, pamikir, pandeleng, pangrungu, pangroso, lan puji kabeh bebarengan diempakake ngarah ing barang siji..nanging yen pangarahe iku disambi sambarang ura.ura, mesti dadi tikel lawase..bocah sekolah yen arep enggal pinter, kudu sregep moco, ngapalake, ngrungokake katerangane gurune, ngeling.eling lan anyatheti..ora kog moco karo nabuhi bangku..


Oleh - Olehaning Dhewe

DEWE

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

ugo ono kang bungah lan marem sebab jajah sesurupane,
soko layang warna.warna anggitane pujangga linuwih
utawa soko serat warna.warna anggitane para begawan resi.

Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mbleset) 
iku mung pitutur kang tinemu ing batine dewe.

Pitutur soko njobo (lair) mung dadi sarana thok.thok.
ateges : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, gandheng kerep ngleremake poncodriyo.
dadi yen ora kerep nyudo tumangkaring rahsa kasar (hawa napsu) 
lan ngrasakake nganti weruh marang rasane..
iku akeh.akehe tanpo gawe : sebab mung dumunung ing angen.angen.
ateges : mung lagi biso ngarani bener lan becik, dhemen lan ngalem.
dudu surasaning tembung, kang ora bisa meruhi yen 
ora sregep ngenengake roso kasar (adon.adon kasar)

Bola.bali kang manfaati iku mung OLEH.OLEHANE DHEWE.
rejeki kang olehe soko nyambutgawe krekelan,
iku kang kroso penak lan kang manfaati marang awake iku mung soko kringete dhewe.
bisane manungso thukul budhine,
(oleh piwulang kang metu soko batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan)
iku mung nganggo MENENG adon.adone kang kasar.
dene dalaning meneng iku :
ono kang sebab disejo, ono kang sebab kapekso,
ono kang jalaran soko kapinujon.


Podho Rasane Mung Bedo Karepe

PODO ROSO BEDO RAHSO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

dudu wong golek bungah koyo wong main, rame.rame, ngombe enak, nyanding bondho, mangan enak isp ; kang mangkono iku arane ngudi pepisahan soko kabungahan. 
dadi engatase wong kang lali mesti banjur 
ngiro, disengguh yen wong ngudi kaweruh iku ora duwe seneng babar pisan, amargo tansah susah jalaran mekak pepinginan kang kasar (howonapsu), mestine ya kudu eling yen seneng munu rasaning pengarep.arep kang katekan, awit soko iku ora ono bedane babarpisan karo sing bungah.bungah lan ngenak.enak, amargo kabeh.kabeh podho duweni pangudi lan pangarep.arep ugo podho murih katekane, 

Kang seneng marang kabungahan ora marem.marem, 
kang seneng marang kawruh duwe marem.
Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo lawas soyo tentrem.
Kang seneng marang kabungahan bakal karusakan, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo nyedhaki karahayon.
Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo satitik susahe.
Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo padhang.

Sakehing seneng iku PODHO
(mung kacek mlarati karo manfaati).
Mulane kang ngudi kawruh ora perlu gimir, meri, kepencut, ngersulo utawa cilik.aten.

Panca Wewarah ( Limang Pitutur )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

PONCO WEWARAN



1.Sêtya amituhu utawi têmên lan jujur.
2.Santosa, adil paramarta, tanggêngjawab botên lèwérwéh.
3.Lêrês ing samubarang damêl, sabar wêlas asih ing sasami, botên ngunggul-unggulakên dhirinipun, têbih saking watak panganiaya.
4.Pintêr saliring kawêruh, langkung-langkung pintêr ngécani manahing sasami-sami, punapa dènè angêreh kamurkaning manah pribadi, botên anguthuh mêlik anggéndhong lali, 
amargi saking dhayaning mas picis raja brana.
5.Susila anoraga, tansah ngênggéni tata krami, mawéh rêrêseping paningal tuwin sêngsêming pamiharsa, dhatêng ingkang sami kataman.

Mustikaning kawêruh tuwin luhur-luhuring kamanungsan iku yen kuwasa anindhakakên lampah limang prakawis kados kawursita ing nginggil punika.

Têmah kita manggén ing sasaning katêntrêman, 
dene wontêning katêntrêman punika mahanani harja kréta lan kamardhikan kita sami.

Yen botên makatên, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagilês dening rodha jantraning jagad margi kacidraning manah kita pribadi.