Wedaraning Sukmo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

WEDARANING SUKSMO

Bleger rupane cahyo telung lapis
Dhasare kuning semu abang
Tengahe ijo moyo moyo
Njabane abang semu biru

Yoiku kang aran suksmo, dununge ora keno dinulu dening mripat wadag
kang luwih alus tinimbang kabeh piranti uriping rogo
mulo hiyo luwih santosa doyoe, sing dadi panguwating piranti ing sajeroing rogo
awit rogo alus nganti rogo kasar pikuwate hiyo soko suksmo
jalaran suksmo iku kang nuwuhake cipto lan ripto
cipto iku wangune doyo angen angen
ripto iku engetane cipto sing wus kasimpen

Dene aura iku soko badan (awak alus) dudu soko suksmo
Amergo kabeh urip ing arcopodo iki duweni badan
Wiwit tetuwuhan nganti manungso, mulo kabeh mau hiyo duwe aura
yoiku pancaran cahyoning urip (tejo), onokalane terang onokalane redup
cahyo sing asale mung putih mencorong, biso dadi sapto werno
amergo mobah mosike cipto, anjalar ing badan
hiyo badan sing nglimput njobo lan njerone rogo
dene doyoe badan ikulah sing diarani prana
iku sing biso aweh waras lan leloro marang rogo
sing thukul soko sanu (yoiku bibite loro lan waras)

Anane rogo iku soko anane suksmo
Mulo saben ono rogo mesti bareng anane suksmo
Mung ora saben suksmo ono rogone
Kaaran setitah, iku suksmo tanpo rogo
Urip urip sing sandangan suksmo
Isih bongso titah, durung tumitah anggelar rogo
Kang aran titahing suksmo iku setitah kang tumitah 
Tumedhak ing arcopodo kaaran dumadi (hiyo bangsane daden daden)
Dadi bangsane sato maneka werno opo dadi bangsane manungso
Suksmo anggelar rogo iku suksmo miwiti nyandang rogo
ono ing sajeroing kandutan
yoiku jagad pangrantunan (papane entunan/cithakán)

Ono kasuksman ono kamuksan

Kasuksman iku meruhi sangkane suksmo nganti meruhi ingkang aran hyang suksmo
Utowo suksmo kawekas, iku ono ing jaman siddyam nganti ing saiki
Jaman wiwit onoe purwodadi ( hiyo purwane ono dumadi)
Yoiku srengenge, mbulan, lintang, pramono/bebakalane bawono

Dadi ning kaweruh kasuksman iku meruhi sangkan paraning bawono
diwiwiti anane suksmo kawekas sing dadi gurune kabeh dumadi
nganti kahuripan kahuripan ing jaman siddyam
asale purbojati, anane suksmo suksmo ugo anane titahing suksmo....
bisane meruhi iku hiyo nganggo ciptane dewe
cipto kang wus sambung klawan hyang suksmo
iku arane murih sasmitaning suksmo kawekas
bibit asal muasale kabeh dumadi, kang ono ing jagading titah
iku arane teori penciptaan ( kaweruh sangkaning bawono)

Dene kamuksan iku kaweruh angrancut rogo
Meruhi suksmo sing arep ambuntel rogo
Kaaran ngrogo suksmo
Sing asale ono njero digae ono ing njobo
Sing asale suksmo sandangan rogo
Digae rogo sandangan suksmo

Yen pambuntele mau wus maligi, katone rogo, mung sajatine iku suksmo
mulo rogo hiyo banjur kadunungan doyoing suksmo
wus ora kademen ora kepanasen, ora luwe hiyo ora turu
wus ora loro ora pegel, ora susah hiyo ora bungah
kang koyo mangkono iku amargo rasane poncodriyo wus kaganti dening doyoing suksmo
ngrogo suksmo iku lelakoning suksmo nyandangi rogo
banjur rogone biso muksho, ateges lebur nunggal....
angracut rogo iku anglebur rogo nyandang suksmo
arane olah suksmo, endi suksmone endi doyoe, endi pambuntele...

Suksmo ono tanpo rogo ( titahing urip )
Rogo sirno tanpo suksmo ( mati )

Kahanane Mongso

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Ing Sakjeroning Mongso

Isuk sore rino wengi
Gilir gumanti obah ngiteri
Andeleng mongso paraning pangiro
Kiniro becik jumedhul olo
Rino wengi dijenengi dino dening manungso
Kanggo aniteni lumakuning mongso

Kabeh dino iku podho bae, ora ono dino olo opo dene dino apes lan dino becik, sing njenengi dino iku y manungso, rino wengi ora nyuworo netepno jenenge dewe..umpamane ono wong wolu kelairane seje seje, endi sing olo, misale minggu paing, nanging akeh kelairan ing minggu paing malah dadi wong mulyo, hiyo akeh sing ngalami kabegjan ing dino iku..ujare sing kalah maen iku dino olo, nanging sing menang ngarani iku dino apik..sing kalah ngarani dino apes, dene kanggone sing menang iku dino kabegjan..

Dadi wus cetho, apes begjo, olo becik iku manut uwonge dewe dewe, ora mergo dinoe..dino apes iku ora ono, mung uwonge dewe sing ngapesno awake ing dino iku

Ingkang tuno panggayuhe marang sedyane kurange karep
Ingkang kurang biso kurang ngertine
Ingkang kurang mempeng kurang rikat tumandange

Yoiku sing dadekake lupute
ora salah dinoe nanging salahe uwonge
yen ono sawijine dino apes, amesti kabeh sing linakonan ing dino iku ora dadi, 
kabeh kabeh nemu ciloko nemu olo ing dino iku yo kabeh dumadi kapesan ing dino iku, nanging saknyatane ora mangkono..ugo sewalike, amargo apes olo ciloko becik begjo digowo uwonge dewe dewe ora ing dinoe..

Mulo kbeh dino iku podho bae, ra perlu wedi wedi marang jenenge dino, dene sawenehe dino ora biso ngalang ngalangi kencenge karep..

Uwong golek dino becik iku ora salah, hiyo ora ngarani alaning dino nanging iku ancang ancang, anyiapno uborampe kanggo tekan ing gawene..

SALIRING MONGSO

Ing mongso rino, kahanane padhang, ono sunar cahyoning suryo..ing mongso wengi kahanane petheng, ono sunar cahyoning condro.. iku kbeh kaaran kahananing mongso ing bawono, dadi rupane kahanan jagad urip sadengah dumadi..

Ora kabeh ing mongso rino kepanasen, yo ora kabeh ing mongso wengi kademen..iku gumantung ing uwonge dewe dewe..mulo kabeh mongso iku podho bae, manut marang urip, manut marang sing ngrasakno ( aku klawan ingsun).


Sandangane Urip

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SANDANGANE URIP

Wiwitan kang tanpo rupo
panjenengane kaaran saliro
hiyo saliro suci
sadurunge ono wuwulaning doyo
ora kawulo yo dudu gusti
namung saliro suci

Tumurun kaserot anggelar papan
purwopodo arane
kang dadi jagate jiwo urip sandangan nyowo
kang tanpo badan tanpo suksmo
isih durung kaaran bongso
amargo isih tanpo rupo 
amung tejo sunaryo

Yoiku wahyu

ateges nyowo kang akeh
hiyo uriping jiwo sing ora akeh wuwulane
sumunare kang tanpo werno
mung hiyo luwih anyorot padhange
iki sangkane jiwo sing mowo ka adem an

Yoiku pulung

ateges bongkot
hiyo uriping jiwo sing luwih akeh wuwulane
tinimbang karo wahyu lan luwih ora suci maneh
sumunare biru semu ijo moyo moyo
iki sing dadi sangkane dhemen klawan bungah

Yoiku andaru

ateges kumelip lirkadiyo lintang
sumunare kuning semu abang moyo moyo
kang luwih ora suci maneh tinimbang wahyu lan pulung
hiyo jiwo urip kang andasari gumelare bawono
iki sing dadi sangkane salugune wong janaloka

Yoiku teluhbrojo

sumunar abang lapis biru
kang wus ora suci maneh
amargo doyo wuwulane wus banget akehe
sing dadi sangkane tumindak cidro
hiyo agawe sengsaraning liyan

Yoiku guntur

ateges gelap pekat
sumunare ungu lapis abang enom
sing dadi sangkane angkoro lan murko
kang wus banget ora sucine

Yoiku martiyu ugo antu

sumunare coklat lapis abu abu
kang dadi sangkane bongso sato
hiyo jiwo urip sandangan nyowo
kabeh sing ono ing purwopodo
bedo papane mung siji kraton
kaaran purwo hiyo kawitan

Dene temurune urip sandangan nyowo
kang anggelar badan banjur nyawiji
nunggale badan nyowo nganak'ake cahyo
sing dadi pambuntele badan nyowo
yoiku bangsane setitah
bangsane urip kang sandangan suksmo
kaaran titah urip

BONGSONING SETITAH

Urip kang wus anduweni rupo
suksmo kang dadi sandangane
cemlorot kahanane bedo praupane
ono
setitah ingkang ora tumitah
setitah ingkang durung tumitah
setitah ingkang tumitah

Ingkang ora tumitah kaaran titahing suksmo
dumunung ono ing kalangitan ugo pangrantunan
Ingkang durung tumitah iku sangkane kabeh dumadi

dumunung ono ing kalangitan
dene setitah ingkang tumitah
dumunung ono ing pangrantunan lan anggelar rogo
iku kabeh bongsone urip sandangan cahyo

BONGSONING DUMADI

Purwoning dumadi ing arcopodo
yoiku bangsane wit witan
kang dadi pepundening bawono
iku uripe wus anggowo nyowo ing arcopodo
asal soko banyu udan kedadeane
sing tumibo ono ing banyu segoro
nganti cecampuran klawan rereget
yo reget kang ono ing dhasaring segoro
dumadi kang aran lumut
banjur tuwuh sangsoyo gedhe
karepe tembung uwit iku urip kang sakawit
yoiku jiwo urip sandangan nyowo sing katarik dening doyoning bawono
banjur anggelar badane dadi kakayon
uwite metu kayu pang pange banjur uwoh
lan nukulake uwit maneh nganti anyebar akeh
dadi tetuwuhan iku rupane urip sandangan badan
mung ning arcopodo kene badane mau arupo kayu

Madyoning dumadi ing arcopodo

yoiku bangsane sato
amargo wiwite urip ning sajeroing banyu
banjur mentas urip ning daratan
mulane kaaran sato
ateges urip sing wus manggon papan loro
sing asal kedadeane soko antigo
ateges urip sing bakale nganggo telung awak
kang arupo cangkang sing kedadeane soko
howo kacampur doyoning suryo lintang mbulan
kaserot dening pramono
hiyo jiwo urip sing isih kabuntel
kang ono ing sajeroning segoro
banjur cangkange mlethek amargo panasing suryo
banjur pecah jumedhul arupo awak sambung telu
bebadaning jiwo kang asale ono njero 
jumedhul ambendhol kaaran endas
sambungane kaaran gembung minongko kang dadi wadahing udara kang sinerot
karepe gembung iku amargo nalikane udara wus lumebu wadahe
banjur katon mlembung
sambungane maneh kaaran buntut, amargo iku minongko pambunteling awak
kang menowo obah mesti katut

Dene antigo iku isih arupo cahyo lapis telu
dhasare kuning semu abang
tengahe putih semu abang
njabane abang enom
kang dadi asal anane bongso sato ing arcopodo

Bongso manungso

yoiku dumadi manungso
urip kang sandangan rogo
anggowo sapirang pirang doyoning bawono
awit doyo kang soko tetuwuhan lan kasatoan
nganti sapirang pirang doyo ing kalangitan
kawuwulan sapirang pirang doyo soko jiwo urip
nganti nukulake sapirang pirang rosoning urip
kagelar dumadi bleger siji
kaaran manungso

BONGSONING JALMO

Kaaran jalmo iku ateges dumadi sing njalmo
yoiku bangsane urip kang ono ing kaalusan
awit kang ono ing kaendran nganti kajaten
iku bongso urip sandangan jiwo
kang dadi paraning dumadi
hiyo dumadi jalmo
ono
ingkang durung njalmo
ingkang wurung njalmo
ingkang njalmo

Ingkang durung njalmo iku dumadi sing kandheg
mandeg ono ing antoropodo
amargo pambunteling urip durung sirno
suksmo badan nyowoe isih ono
Ingkang wurung njalmo iku dumadi sing bali
kaaran rengkarnasi
yo baline urip ing arcopodo
amargo kakuwataning tekad sing ora katekan
kaaran olo utomo

Dene ingkang njalmo
ono kang urip ing endraloka
dadi bangsane dhemit - siluman - brekasaan - memedi - peri - lelembut nganti bethoro
ono kang urip ing guruloka
dadi bangsane dewo - hyang - buddho - gusti
ono kang urip manjing kajaten
dadi bangsane pengeran.

Eling Klawan Waspodo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

WASPODONE ELING


Urup padhang soroting cahyo
Wutuh katompo
Anyirnakake sunaring grahono
Sirno ing lebur, dadi mijiling purnomo
Pepetheng lan bebingunge musnoh
Kaganti cetho welo welo terwoco
Sungune angkoro lan murko
Kasiram banyu ademing roso
Hiyo sajatining roso
Ingkang dumunung ing sajeroing jiwo

yoiku
Jiwone manungso sajati

Eling klawan waspodo
Iku dudu elinge angen angen
Ora cipto ora ripto
Dudu kelingan lan ngelingi
Nanging elinge budhi
Hiyo budhi iku tukang eling
Eling marang kajaten tanpo pegat
Eling lan waspodo iku loro loroning atunggal

Yen eling mesti waspodo
Yen waspodo mesti eling
Sing waspodo hiyo rosone
Yoiku roso sajati
Tukang ngrasakno kajaten
Olehe ngrasakno hiyo tanpo pegat
Nunggale budhi lan roso
Kaaran waspodoe eling

Ning janaloka, diri mowo angen angen lan engetan
Ning endraloka, diri mowo cipto ripto
Ning guruloka, diri mowo budhi
triloka arane, jagad gedene kabeh diri

Dene kang ono ning kajaten
Amung ingsun
Diri wus lebur sirno
Hiyo, ingsun kahanan jati
Dene Ingsun, mowo waspodoe eling
Sing eling : budhi
Sing waspodo : rosojati
Sing ngrasakno : ingsun

Eling klawan waspodo

Elinge iku ora ngeling ngeling sing dilalekno
Elinge iku ora kelingan marang sing wus dilalekno
Elinge y dudu ngelingi supoyo ora dilalekno
Iku mau kabeh, ateges makartine angen angen

Dene eling iku weruh marang anane
Hiyo weruhe budhi marang kajaten kang tanpo pegat
lan waspodoe iku ora amargo wedi, yo ora amargo terancam, y dudu sarupane pengawasan, y dudu ngawası..amung pakartıne rosojatı anyelaras marang kajaten.

Elıng ıku angen angene manungso sajatı
Waspodo ıku pangrosoe manungso sajatı
Mung eling bae iku angen angen
Mung waspodo bae iku pangroso

Dene eling klawan waspodo iku nunggal
Yen eling mesti waspodo 
Yen waspodo mesti elinge
Iku sing diarani elinge roso utowo rosone eling
Yoiku budhi klawan rosojati kang nunggal ing ka.eneng.an.


Sastro Jendro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SASTRO DJENDRO

Yoiku sawijining kawruh soko jowo purwo
Sastro kang sinerat piwulang kautaman
Momot babagan kawruh kasampurnan
Manungso biso dadi ratuning jagad
Mengku jagad hiyo nguwasai jagad
Ning arcopodo rinuwat dening bethoro
Ning kaalusan rinuwat dening dewoto
Mulo njur biso dadi ratuning jagad
Biso anguwasai jagad alus klawan kasar
Mulo njur kaaran sastro jendro hayuningrat
Ateges kawruh kang biso mengku tan kawengku
Mung ning kawruh jowo kang piningit
Kaaran SASTRO CETHO WADININGRAT

Sastro jendro hayuningrat pangruwating barang sakalir
Kang biso dienggo ngruwat sakabehe
Njur kapungkasan dening sastro jendro pangruwating diyu
Iku sastro kang sinerat kanggo ngruwat ditya diyu buto mayanggo seto
Kang wus katurunake dening hyang wiseso
Yen wus wikan marang sajatine sastro mau
Sayekti tetep hayuningrat
Ateges raharjaning jagad
Ora mung raharjaning diri 

Kang sinebut pangruwat barang sakalir
Iku kabeh kadunungan hayu rahayu
Angkoro ora biso murko
Hiyo kabeh angkoro kang ono ing arcopodo
Amargo ngemot sajatining kawicaksanan

Dene sastro cetho wadiningrat
Iku waskitoning panunggal
Mulo cetho ing sangkan paraning dumadi
Hiyo dumadiyo mardikoningrat
Kang ateges jatining kalepasan..

Wiwite sastro djendro
Dumadi sastro djendro hayuningrat
Dumadi sastro djendro hayuningrat pangruwat barang sakalir
Kapungkas aran sastro djendro hayuningrat pangruwating diyu
Lan kang siningit 
Kaaran kawruh sastro cetho wadiningrat
Mung kabeh mau sangkane soko kawruh jowo kuno
Yoiku 
Surodiro joyoningrat rat, lebur dening pangastuti


Ingkang Aran Utomo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

UTOMO

( uningo totoning suksmo )

Weruh klawan meruhi ing kaweruh
iku padunungane pangerten
Wikan klawan ngawikani ing pangawikan
iku padunungane kasunyatan
Wasis klawan winasis
yoiku wus bangkit migunakake

Olehe ngaweruhi ing pilah pilahe tur pigunoe
ateges ngerti ing pangerten
awit kang wus kaserat lan ora
iku isih arupo katrangan
iku sworo kang ngayuworo
utowo seratan kang tinulis
hiyo ora biso diugemi menowo durung wikan marang nyatane
kang mangkono yen diugemi kaaran hangawulo kumandhang ateges ngugemi sworo
yen mung ngerti karepe bae tanpo wikan ing nyatane iku kaaran hangawulo anggitan

Dene sarupane anggitan iku yen digigit amesti ora dadi
ateges menowo dioyak lan diuyel amesti mbulet lan ruwet wangsulane
amargo nyatane mung soko pinter olehe nganggit nganggit, ora soko oleh olehaning weruh (kaweruh)

Menowo wus ngerti pilah pilah lan piguno tur karepe
wus wikan marang nyatane
banjur wus bangkit migunakake
iku kaaran wus mumpuni ing kredhaning bawono
ateges lebdo ing kawruh
kang mangkono iku dadi ora sio sio ora muspro olehe ngudi kawruh

Mulo ora gampang kang aran utomo
samongso isih gothang lan kuciwo
hiyo gothang yen durung nyumurupi ing bener lupute
hiyo kuciwo menowo durung biso bangkit migunakake

Dene weruh ing bener temenan (kawruh sajati) iku nalikane
wus nyatakake rasuk rinasuk, seksen sineksen, lan tetep tinetepane jagad cilik klawan jagad gedene
yen ora mangkono iku ateges isih durung biso nanding bener klawan luputing kawruh
kang andadekake poro bantah
arebut bener arebut becik nganti dadi pasulayan

Mulo amrih luwih becik.e iku dibisao meruhi kaluputane dewe klirune dewe
banjur biso milah milah lan nisihake endi sing dadi reribet lan pepethenge
wekasan tuwuh gilig ing tekade
yen wus mangkono
sanajan diluputake dening wong sa-jagad pisan, sayekti ora dadi owah gingsir cilik atine

Kanggone poro kang ngudi kaweruh
prayogane ora bantah ing saliring wewarah
ora nacad ing sakehing pitutur lan piwulang
ananging wigatekno, salusurono, lan sumurupono mungguh bener lupute
njur tumancakno ing awakedewe

Klawan ngungkurake angkoro
Anetepi wening ing cipto
Lereming tyas gandulono
Hiyo sanityasno ing mongso
Kang kayungyun dadiyo
Teteping lestari ing batos
Pangudien kang nastiti
Titenono nganti putus tatas
Ing samubarang pambudi
Binudiyo ingkang bontos.


Poncodriyo Klawan Arcopodo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

NGARCOPODO

Iku limang pangroso
.pandulu
.pangrungu
.pangambu
.pangecap
.pangroso awak
Tanpo ono kalimoe, arcopodo iki ora ono
Onoe arcopodo iki hiyo soko onoe kalimo mau
Iku dununge sing dirasakno..sing digae ngrasakno..lan sing ngrasakno..

Gelare arcopodo :

.rerupan lan wewarnan
.sworo
.gegandhan
.legi, kecut, pait, asin, sepet isp
.gatel, keri, alus, kasab, adem, panas
Onoe rerupan iku soko onoe pandulu, lan sirnoe rerupan iku soko sirnoe pandulu, mung ono lan sirnoe iku bareng.
Sworo.gegandhan.legi kecut.adem panas hiyo mangkono, sing ono soko onoe poncoindro
Kalimo limoe ikuloh sg anggelar onoe arcopodo..

Arcopodo iku jagad gedene poncodriyo
Poncodriyo iku jagad cilik
Poncodriyo iku arane roso wadag..poncodriyo diwengku angen angen..yo angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo..
Yo ning kunu njur diri muni, arcopodo iki pancen ono..

Mangkene ;
Roso wadag+angen angen+diri = wong bongso donya
Gelare ;
Arcopodo iku jagad gede, ateges sing DIRASAKNO
Roso wadag iku jagad cilik, ateges sing DIGAWE NGRASAKNO
Diri iku sing NGRASAKNO.

Anane sing dirasakno iku gumantung marang sing digae ngrasakno, contone ; anane sworo iku gumantung marang anane pangrungu, sworo ora ono kanggone liyane pangrungu, amargo sworo iku jagate pangrungu, dudu anane pangrungu soko anane sworo..

Dene sing digae ngrasakno iku gumantung marang anane SING NGRASAKNO..
Mulo sajatine sing dirasakno iku ora ono, mergo anane manut sing digae ngrasakno, sing digae ngrasakno iku sajatine ora ono, mergo anane iku manut marang 
onoe SING NGRASAKNO..

Yoiku gelare urip ora nekani papan mongso, anane urip ora soko anane jagad, ananging anane jagad iku soko anane urip, jagad ora nggelar urip, nanging urip iku sing nggelar lan nggulung jagad, urip iku ora manut kahanan nanging kahanan iku manut urip, jagad ora gawe urip nanging urip iku sing gawe lan gelar jagad.

Amargo angen angen iku ratuning arcopodo, mulo kabeh wong donya iki mujo angen angen, hangawulo marang angen angen.

Ning arcopodo (janaloka)
Ono swargo narokoe
Yoiku kepenak lan ora penak
Kang ateges swargo narokoe angen angen
Arupo kesenengan lan sengsorone rogo
Manungso sing gedhe jiwo kawadagane
Yoiku blegere wong bongso donya
Ono wong bongso donya
Ono wong bongso alus
Ono wong bongso dewo
Ono wong bongso pengeran
Dununge kabeh mau dewe dewe
Manut marang jiwoe
Gumantung marang gedhe cilik.e rosoe

Awit kajaten.guruloka.endraloka iku kalingkep janaloka kanggone wong bongso donya
Kajaten.guruloka hiyo kalingkep kanggone wong bongso alus
Kajaten iku kalingkep kanggone wong bongso dewoto
Amung wong bongso pengeran bae sing biso cetho marang anane kajaten.


Kaweruh Sajati

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SEJATINING KAWERUH

Kaweruh sajati iku kawruh soko guru sajati
hiyo iku hyang guru budhi
dumunung ono ing njero ora ning njobo
tegese guru iku sing digugu lan ditiru
ono guru njobo ono guru njero
guru njobo hiyo sing ono saknjabaning rogo
biso arupo tulisan, ucapan, lan isen isene arcopodo
iku kabeh biso dadi pelajaran kanggone manungso
arupo kaweruh
yoiku oleh olehane ngaweruhi 
lumantar gurune ( sing digugu lan ditiru )

Sopo gurumu endi gurumu 
yoiku sawenehe sing mok gugu iku rupane gurumu..
mung ono sing luwih patut digugu
hiyo iku guru sing ono ning njero
yo ning njero awake dewe
sing ora tau luput lan salah
sing mung nuduhno marang bener
sing mung aweh pepadhang marang engetan 
sing madhangi angen angen
iku guru sajati arane, uwohe wit kayu sajati

Awit soko iku guru sajati dudu angen angen dudu engetan
dudu cipto dudu sanubari yo dudu kang ono ning njero kasar
koyo utek jantung paru ati 
ananging luwih alus soko iku kabeh
ateges padunungane luwih njero lan luwih alusan maneh..
( kaweruh iku wus dadi bageane manungso, ateges biso weruh soko angen angen ( pamikir ), biso weruh soko pangroso ( ngrasakake ) 
ugo biso weruh soko doyo alusing gusti ( tinerbuko )..

Mung weruh bae yo tanpo guno yen ora wikan
Mung wikan bae yo muspro yen tanpo biso

tegese weruh iku padunungane pangerten
tegese wikan iku padunungane kasunyatan
tegese biso iku padunungane wasis
yoiku bangkit migunakake..

Mung ngerti tanpo wikan nyatane iku tanpo guno arane 
yen wus wikan nyatane bae hiyo muspro
yen tanpo biso bangkit migunakake..
awit soko iku yen wus wikan bae isih luwung 
tinimbang mung weruh bae
amargo samongso mongso yen wus wikan iku
hiyo biso bangkit migunakno
kaaran wus sembodo
hiyo wus lebdo ing kaweruh.


Cupumanik Hastogino (cupu manik astagina)

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

CUPUMANIK HASTOGINO 

(cupumanik astagina)

" Temurune cupumanik astagina. .Bareng cupu iku kabuka, ing kono isine Hyang Tanpo Uno lan Tanpo Uni. .Panjenengane Hyang Tanpa Uno banjur jengkar soko kono, ngasrama, ing gunung Mahendra jejuluk Bethoro Wahyu Cokroningrat. .Dene garwane banjur ngasrama ing gunung Maliawan, sesilih
Bethari Pulungono wati. .Sing sopo kang biso tinedakan ing panjenengane, iku kang bakal kuwat nurunake ratu.

Yoiku rupane saloka jowo, sing kerep dadi tetembungan ing pewayangan purwo, 
medar kawruh sangkan dumadine bawono.
purwopodo arane
purwo iku awitan podo iku pandhegan
ateges papan palerenan kang sakawit
wiwitane saliro suci tumedhak 
kaserot ing doyoing bawono kawuwulan
salin rupo banjur kaaran jiwo
urip kang isih rupo cahyo
keratone kaaran purwopodo

Yoiku sing diarani Wahyu dening wong jowo
wah ateges akeh yu tegese nyowo
wahyu iku dadi sangkane jiwo
mung isih ono pulung andaru teluh
ugo liyo liyone sing banget akehe
dadi sangkan temuruning jiwo ing arcopodo
tambah akeh wuwulane sangsoyo kasare
hiyo dadi soyo kurang kamurniane
tegese murni iku suci
dene wahyu isih luwih suci tinimbang pulung

Nalikane jiwo jiwo ing bawono ngasmoro
nunggalno rosoing asmoro
ning kunu doyoe roso kang nunggal biso anarik 
sawenehe jiwo jiwo ing kaalusan
katarik kaserot miturut prabawaning asmoro
yen roso sing nunggal biso murni
hiyo wahyu sing katarik
yen kurang murni, hiyo pulung utowo andaru
koyo mangkunu sateruse nganti anyerot
bebakalan rupo jiwo jiwo kasatoan.

Dene cupu iku tegese wadah, manik iku sesotya, hasto iku wolu, gino iku hiyo guno.
wiwite wong kang ngarani mangkono dek kuno kunoe
hiyo pancen wus mumpuni, wus lebdo ing kawruh
dadi karepe iku bebadan kang arupo sesotya kang duweni wolung doyo utowo piguno
iku karepe nuduhno marang sangkane jiwo kang aran wahyu
hiyo iku kang aran Hyang Tanpo Uno Lan Tanpo Uni.

Rupane wolung doyo kang soko wahyu iku
kang tanpo luwe
kang tanpo turu
kang tanpo bungah
kang tanpo susah
kang tanpo soyah
kang tanpo loro
kang ora kademen
kang ora kepanasen
Ateges kang wus ucul soko wuwulane doyoing bawono
mulo iku sing biso dadi panguwating ratu ing bawono
mulo ono ning sarupane dongengan
cupumanik astagina iku sawijining pusoko
sing sakti mondroguno sing dadi rebutan
katurunake dening bethoro suryo.


Doyo Lan Kakuwatan

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU KANG ARAN DOYO


Doyo lan kakuwatan

Kakuwatan iku uruping doyo, ora ono kakuwatan tanpo doyo
mung anane doyo ora mesti bareng anane kakuwatan
larasing doyo kalumpukake sangsaya mundhak gedhe
sing alus tuwin sing kasar mung kacek piguno bebayane
tlaten olehe golek golek anisihake alus kasare
prayogane kerep niteni ing saben dino lumakune
olah doyo ora katon lumantara ketoro
awit doyo soko njero kang katon ing njobo
ugo doyo soko njobo kang katon ing njero
ora ono bleger rupo tanpo ananing doyo
ora ono obah obahan tanpo ananing doyo
hiyo ora ono mongso tanpo doyo
sing ono njobo iku gether urip arane
sing ono njero iku uruping urip arane
doyo tunggal sangkane, dadi sapirang pirang parane

DOYO KASAR LAN DOYO ALUS

Wong mlaku wong lunggu wong meneng iku kabeh ngempakno doyo
sabendino saben jam saben menit sadetik detike manungso iku ora pegat pegat ngempakno doyo
ono sing ngempakake doyo kasar ono sing ngempakake doyo alus
ono sing kulino ngempakno doyoning roso alus yo ono sing kulino ngempakno roso kasar
dene parane doyo kang metu soko roso kasar iku amung pepetheng bebingung ugo apes
awit kerep diempakake sangsaya mundhak mundhak gede doyone kang mahanani lestarine
dadi ono ing salawase urip, manungso iku ngempakake doyoning uripe kanggo ngurip nguripi tetandurane
yoiku tetanduran roso ; kang wus thukul ono ing njero sanubarine manungso
sapirang pirang werna maceming roso iku wiji sing biso thukul gedhe menowo kulino diempakake
endi thukule sing gedhe yoiku doyo sing bakal ngaling ngalingi tethukulan liyane sing cilik cilik
mulane wong sing kulino susah iku biso lali yen bungah iku ono, amargo bungahe katutup dening susahe
awit roso kasar-roso alus-roso luwih alus-roso alusing alus iku duweni jagad dewe dewe
roso kasar yo akeh banget cacah jinise, sing alus y akeh macem wernane, roso luwih alus hiyo akeh maceme
dene roso alusing alus iku kaaran roso tunggal, roso murni kaaran sangkalpa....
mulane manungso iku biso dadi bethoro dadi brekasaaan dadi memedhi dadi gusti dadi lelembut
biso dadi mustikaning jagad hiyo biso dadi leletheking jagad
biso manjing ing jagad padhang nrawang biso manjing ing jagad petheng dedhet
biso manggon ing kaendran y biso manggon ing guruloka ugo kajaten.

KAHANANING DOYO

Endi doyo Endi urupe?
ing nalikane uwong iku rerasan babagan rasaning kawruh, 
rembukan prakara kang becik (migunani marang liyan)
ning kunu roso alus mecungul, duwe kakuwatan nglindih roso liyane..
iku sarupaning doyo alus sing sumebar ing sanubarine, kahanane padhang lan adem
dene sumebare doyo kasar iku kahanane petheng lan panas, mulo yoiku bebakalan kang dadi pengajake pegel lan luwe
bebakalan sing ndadikake apes lan lelaraning awak, mulo akeh wong loro amargo akeh bebingunge
yoiku sing marai lumakune getih ora runut lan ora selaras karo doyoing sanubarine.
sadengah roso sing kerep empane, kerep mecungule, kerep ditarik doyone saya lawas sangsaya mundhak gedhe dene wewatekan lan karaktere uwong iku manut marang pakulinane, hiyo endi doyo sing kerep diempakake yoiku sing dadi bleger uripe
wong sing kerep manggon ing panggonane wong becik, kerep kumpul wong becik, iku sabendinoe yo anggendheng roso kang becik
urupe/kumorone panggonan ning kunu yo becik (....)

Mulane perlu banget kanggone wong kang ngudi kawruh kabatosan iku kerep kekumpulan, sarasehan
pamrihe y anarik sing alus kang sumingit ono ing njero, nalikane sing alus wus mecungul nglindih sing kasar, ning kunu doyoning urip nguripi kang alus, yen mongso iku roso kasar nganti sudo dayane, wong sarasehan ora kroso pegel, ngantuk, luwe
amargo pegel ngantuk luwe iku empaning roso kasar.
awit soko iku wong ngudi kawruh kabatosan perlu kekumpulan kang pamrihe ;
ngumpulake doyoe uwong akeh sing wus podho akeh aluse, kadadekake siji, klumpuking doyo mau andadikake kakuwatan gedhe kang biso anarik, anggendheng jiwo jiwo liyane, iku rupaning kahanan edhi ing sajeroing kaalusan, kang dadi sandi keraton ; sing kakuwatane biso amiyak sakehing doyo kasar ing sakiwo tengene, hiyo miyak doyoing angkoro..
perlune ya kanggo nyirep doyoing angkoro 
amargo soko kuwate doyo angkoro, 
nganti manungso kangelan olehe biso uwal, kagubet soko njobo njero.

PIYANDEL (percoyo)

Iku hiyo rupaning roso sing nganakake doyo, 
iku yo rupaning kakuwatan sing biso gedhe yen kulino diempakake
amargo saben doyo iku biso mundhak mundhak 
ya biso sudho kakuwatane yen ora tau diuthik uthik, wekasan mati..
piyandele marang dirine dewe iku perlu banget diundhaki doyone
amargo tanpo ananing piyandele diri amung ono gethir kuwatir pasrah..
menowo kuwatire sing kerep mecungul piyandele sudho dayane
dadi akehe percoyo marang diri iku anyudho gethir kuwatir
mung piyandel marang diri iku asale soko gumedhe ngegungake dirine
nalikane gumedhe mau wus kabuntel dening kaademan lan katentreman ning kunu roso gumedhe salin rupo dadi percoyo marang diri.
piyandel iku sawijining doyo sing biso ngowahake kahanan
arepo percoyo marang A, B, C, D iku biso dadi jalaran owahe kahanan yen percoyo temenan
coro saiki kaaran doyo kakuwatane sugesti..
bedaning piyandel marang diri lan piyandel marang sakliyane diri iku mung ono ing padunungane
dununge piyandel marang diri iku wus tanpo gumedhe amargo gumedhene wus salin rupo
dene piyandel marang sakliyane diri iku gumedhene tetep ono amargo isih durung kalimput dening adem lan tentreme
kang andadekake parane ora podo, sing siji gowo adem tentrem sing sijine ora gowo adem tentrem.
mulo padunungan jagate hiyo ora podho, sing siji padhang sing sijine ora.