Oleh - Olehaning Dhewe

DEWE

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

ugo ono kang bungah lan marem sebab jajah sesurupane,
soko layang warna.warna anggitane pujangga linuwih
utawa soko serat warna.warna anggitane para begawan resi.

Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mbleset) 
iku mung pitutur kang tinemu ing batine dewe.

Pitutur soko njobo (lair) mung dadi sarana thok.thok.
ateges : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, gandheng kerep ngleremake poncodriyo.
dadi yen ora kerep nyudo tumangkaring rahsa kasar (hawa napsu) 
lan ngrasakake nganti weruh marang rasane..
iku akeh.akehe tanpo gawe : sebab mung dumunung ing angen.angen.
ateges : mung lagi biso ngarani bener lan becik, dhemen lan ngalem.
dudu surasaning tembung, kang ora bisa meruhi yen 
ora sregep ngenengake roso kasar (adon.adon kasar)

Bola.bali kang manfaati iku mung OLEH.OLEHANE DHEWE.
rejeki kang olehe soko nyambutgawe krekelan,
iku kang kroso penak lan kang manfaati marang awake iku mung soko kringete dhewe.
bisane manungso thukul budhine,
(oleh piwulang kang metu soko batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan)
iku mung nganggo MENENG adon.adone kang kasar.
dene dalaning meneng iku :
ono kang sebab disejo, ono kang sebab kapekso,
ono kang jalaran soko kapinujon.


Podho Rasane Mung Bedo Karepe

PODO ROSO BEDO RAHSO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

dudu wong golek bungah koyo wong main, rame.rame, ngombe enak, nyanding bondho, mangan enak isp ; kang mangkono iku arane ngudi pepisahan soko kabungahan. 
dadi engatase wong kang lali mesti banjur 
ngiro, disengguh yen wong ngudi kaweruh iku ora duwe seneng babar pisan, amargo tansah susah jalaran mekak pepinginan kang kasar (howonapsu), mestine ya kudu eling yen seneng munu rasaning pengarep.arep kang katekan, awit soko iku ora ono bedane babarpisan karo sing bungah.bungah lan ngenak.enak, amargo kabeh.kabeh podho duweni pangudi lan pangarep.arep ugo podho murih katekane, 

Kang seneng marang kabungahan ora marem.marem, 
kang seneng marang kawruh duwe marem.
Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo lawas soyo tentrem.
Kang seneng marang kabungahan bakal karusakan, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo nyedhaki karahayon.
Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo satitik susahe.
Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, 
kang seneng marang kawruh sangsoyo padhang.

Sakehing seneng iku PODHO
(mung kacek mlarati karo manfaati).
Mulane kang ngudi kawruh ora perlu gimir, meri, kepencut, ngersulo utawa cilik.aten.

Panca Wewarah ( Limang Pitutur )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

PONCO WEWARAN



1.Sêtya amituhu utawi têmên lan jujur.
2.Santosa, adil paramarta, tanggêngjawab botên lèwérwéh.
3.Lêrês ing samubarang damêl, sabar wêlas asih ing sasami, botên ngunggul-unggulakên dhirinipun, têbih saking watak panganiaya.
4.Pintêr saliring kawêruh, langkung-langkung pintêr ngécani manahing sasami-sami, punapa dènè angêreh kamurkaning manah pribadi, botên anguthuh mêlik anggéndhong lali, 
amargi saking dhayaning mas picis raja brana.
5.Susila anoraga, tansah ngênggéni tata krami, mawéh rêrêseping paningal tuwin sêngsêming pamiharsa, dhatêng ingkang sami kataman.

Mustikaning kawêruh tuwin luhur-luhuring kamanungsan iku yen kuwasa anindhakakên lampah limang prakawis kados kawursita ing nginggil punika.

Têmah kita manggén ing sasaning katêntrêman, 
dene wontêning katêntrêman punika mahanani harja kréta lan kamardhikan kita sami.

Yen botên makatên, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagilês dening rodha jantraning jagad margi kacidraning manah kita pribadi.



Wangun Gilig

BUNDERAN

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU BUWENGAN

Purwoning ono kang aran samadhi
nalikane deweke kasemsem marang kang adhi
adhi luwih werdine ora gampang kinaweruhan
ambiyak warono ing palenggahan
amrih nunggal laras ing puncaking samadhi
dadi lawas yen wus gilig doyo uripe
ora biso suwe yen kurang murni jiwoe.

Wangun bunder utowo gilig, iku wangun sing kuwat dewe
pathokane wangun iku bunder utowo buweng
wangun bunder iku ora biso diarani tipis lan kandhel yen disawango soko pinggire
menowo ditarik garis sing nerjang titik pusere
mesti mung tinemu kandhele kang ora kaungkulan karo kandhel sing diukur soko titik liyane.

Mulo bunder iku sawijing watek kang perlu kang biso nekakake sambarang sedyone
uwit iku gilig, mulo anane angin soko sisi endi bae ora marai ambruk, amargo kandhele mubeng
pring iku y gilig, kayune y tipis amargo njerone bolong, mung ora kalah rosane karo kayu liyo sing podo gedhene, mung yen sigar, ilang kakuwatane
mangkono ugo bebalungane sato, njerone gombong mung gilig, kuwat banget
banyu netes ning godhong tales kawangun bunder amargo ora ono doyo sing anarik banyu mau
menowo netes ning kayu, ora gilig nanging ngrembes kaserot dening kayu
lengo iku kumambang ing dhuwur, menowo diwor karo banyu, amargo kapepet doyoning banyu klawan howo, mung yen ono ing njerone alkohol sing podo antepe, bnjur kawangun bunder koyo kuninge endog ning tengah tengah putihe..
samono ugo bawono, mbulan, srengenge, lan kabeh lintang hiyo kawangun bunder gilig, lumakune lintang lintang hiyo manut kalangan bunder.

Wangun bunder iku katone cilik, nanging jembare ngungkuli wangun persegi
sethithik nanging yo akeh isine, ringkes nanging kuwat
dadi menowo angen angen iku digiligno dadi siji, ora akeh simpange, amesti kuwat panarike marang kang sinedyo
doyo akeh sing biso golong dadi siji, amesti kuwat empane, yoiku karepe ono karukunan
mulo yen duwe sedyo opo bae, iku ra perlu mikir liyo akeh akeh, nanging sakehing poncodriyo rekodoyonen giligno dadi siji
yoiku sing biso ngenggalake dadine opo sing dikarepno.

Mulane wong jowo iku nalikane duwe karep kang gedhe amung ;
Meneng : sidhakep saluku tunggal
ning kunu pandulu pangrungu kabeh poncodriyo angen angen pangroso lan kabeh doyo uripe diempakno bebarengan ing sawijining kang disedyo
mulane banjur enggal oleh sasmito hiyo oleh kang dikarepake.



Tepo Saliro

WALES WINALES

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Amargo Tansah Wales Winales... . .

Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese,
yoiku kang diarani tepo saliro.
Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku.
yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan.
awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno),
senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan.
tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan.
wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip.

Laku tepo saliro iku pencare akeh.
yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mesti ya lego atine yen dipapagake, banjur digenteni gawane..yen ono wong direwangi kangelane sathithik, mongko banjur nundhung.nundhung, ya diarani wong ora duwe panarimo.

Mulane awake dewe kudu ditepakno, kabecikaning liyan senajan sathithiko pisan, wajib diterimo..den eling ngetokake panarimo marang sopo bae kang aweh utawa rerewang.
Yen wong mamah panganan, banjur ngriyus kerikil, weruh marang ora kepenake..iku dadi tuladha mulane yen gawe panganan, diresik ojo nganti kaworan wedhi, opo maneh yen pepanganan mau arep didol.

Kepiye rasane ati yen pitakon dienengake bae..
lumrahe wong iku ora kpenak yen pitakone ora oleh wangsulan..mulane wiwit awake dhewe ya ojo ngenengake pitakone wong, senajan lagi nyambutgawe, rak ora kabotan, toh..
mung ngobahake lambe.
Yen ono wong aweh hurmat marang wong pangkat,
nanging ora diwangsuli, iku diarani wong kang kumalungkung.
awake dewe ngangguro, utawa dadio priyayi kang gedhe pisan, yen dikurmati uwong, kudu mangsuli tembung, iku nandakake yen wus weruh dihurmati lan anarimo.
opo ora prayoga, upomo malah andhisiki hurmat kang patut,
opo maneh wong kang kepingin diajeni: ya kudu ngajeni dhisik.
sarupane kang cilik.cilik lan remeh iku mau yen dikawruhi: agawe renane tonggo teparo, tur ora rekoso linakonan.
olehe ngopeni prakara remeh iku dadi tondone weruh ing udanagara.
yen wong nglakoni kang remeh bae ora biso, nglakoni kang abot lan rekoso maneh bisao..
ya mangkono iku panemune para leluhurmu kabeh ing tanah jowo.


Alus Kasaring Roso

[ Kasar Lan Alusing Roso ]

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Beda.bedaning manungso, iku katarik soko alus kasaring roso pangrosone
ono kang banget aluse, ono kang banget kasare..
pepindhane koyo : pucuking driji karo dlamakan.
pucuking driji biso mbedakake gegrayangane :
sutra,bludru,kapas,kasa,kikir,rempelas, nanging dlamakan ora biso.
pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane.

Manungsa kang kaupamakake koyo pucuking driji, enggal kroso lan nggraito yen ngrungu pitutur, lan enggal biso mbedak.mbedakake kang perlu lan kang ora, bisa nimbang kang alus lan kang kasar, anggegem kenceng marang nalar kang wigati,
lan tansah ngintip.intip nalar kang bener lan becik.

Ananging kang keno kaupamakake dlamakan : tanpa gawe ; panggugah, penget, kojah, carita, tepo tuladha, pasemon...amargo kabeh ora ono kang kroso ing rosone, amargo rosone kaling.lingan ing rahsa kasar (kasatoan) kang kandel koyo kapale dlamakan.


Watoning Jagad

WEWATONING JAGAD

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

[ Watoning jagat iku: Timbang ]

Dadi yen ono goncating timbangan, mesthi njaluk bali nganti podho,
kang nyulayakake timbangan iku dipekso bali, utawa diwales.
Mulane donya iku wales-winales.bolak-balik..
Bola.bali iku: tampel-tinampel, utawa mubeng temu gelang..

Bumi iki ya mubeng ing indhane, marakake rino gantenan karo wengi..
bumi iki ya ngiteri srengenge, nganakake mongso kang podho ing saben taun..
sorot padhang kang tumanduk ing sarupane barang iku ditampel bali dening barange,
sorote srengenge soko kiwo yen katampan ing kaca, balik tampel manengen,
sorote tibo ing papan, ing kunu katon gambare srengenge..

Sanyatane: sorot padhang iku ditampel ing barang, yen enggoke sorot iku tumanduk ing mripat, mripat weruh gambare barang kang nampel sorot..nanging ing wayah bengi ora ono sorot, ora ono padhang kang katampel, mulane ora ono barang katon mripat ing pepetheng..
swara natab ing tembok hiya katampel bali..
banyu segoro nguwab dadi mego mendhung, tibo dadi udan, mili bali menyang segoro

Grenjeling ati iku
getering kahanan kang alus, lakune nuju atine wong kang dianggit, geter mau natab, atine wong kang dituju dadi duwe pangroso (pangiro),
geter iku katampel bali.
yen wong duwe ati gething marang liyan, sanajan ora kongsi kawetu, sing digethingi hiya kroso atine, lan uga ganti gething, sanajan pasango rupo manis,
trkaedang deweke iku ora weruh sababe kang cetho enggone duwe roso gething..
yen wong duwe ati dhemen tresno marang kancane,
sanajano rembug.omonge bral-brol, kancane mau ya dhemen ing deweke.
yen barang kang kasimpen ing jero ati mekso manut waton wales-winales, kepiye maneh swara kang nganti kaprungon..yen ora tampo balen lan wales..
wong canthula ya dicanthulani uwong..
wong tetulung ya banjur oleh pitulung..wong utang ya kudu nyaur, apa maneh wong utang iku ing ngarep mesthi kanthi janji arep nyaur..wong nglarani ing sapadha.padha ya bakal dilarani..
wong agawe pepati ya musthi bakal nemu pati.

Awit prakara kang cilik.cilik mesti oleh piwales..
misale: wong tuku mestii mbayar..wong takon diwangsuli..wong angguyokake ya diguyu.. lan sapanunggalane. dene wewales kang rupo pati, iku prakara gedhe (barang gedhe iku sing lumrah ora rikat (banter) lakune), ora mesti teko saknaliko iku, nanging kok wurung? iku ora.


Rosojati

TEGESE KANG ARAN ROSO SAJATI

 
GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
====================================

Sejatining Roso

Ono ing sajeroing meneng.hening.wening
Yoiku mahening suci.

Roso kang sajati iku sawijine roso kang tunggal hiyo roso kang murni,
dadi uwite sakabehe roso, kaaran sangkalpa hiyo babone sakehing roso pangroso,
kahanan kang luwih dening alus, tanpo ono pepadhan lan pambandinge,
hiyo dadi bongkot hiyo dadi pucuke sakehing roso pangroso.
kaaran sajatining roso, yoiku roso kang saktemene..
endi toh rupane?

Rupane ora biso disawang dening pandulu kang isih kasar,
 bisane disawang mung nganggo alusing pandulu,
 kanggone sing isih kasar, bisane mung dirasakake..
ono roso..ono rahsa

Saben ono rahsa mesti bareng onoe roso, mung saben ono roso ora mesti bareng onoe rahsa..
rahsa iku padunungane nyowo dene roso iku padunungane jiwo
ono rosoe rahsa ono rahsae roso. yoiku rosone kekarepan lan kekarepane roso..
amargo cacah jinise kang aran roso iku akeh banget,
mulane perlu meruhi titenane kang aran roso sajati.
yoiku :
Sing nuntun marang Panarimo 
Sing nuntun marang Ayem tentrem 
Sing nuntun marang Welas asih 
Sing ngajak percoyo marang Kabatosan 
Sing ngajak eling marang Kajaten 
Sing ngajak Betah ijen 
Sing ngajak Ora susah 

Sing ngajak ora bosenan, was sumelang, wedian, ugo sungkanan.
hiyo sing nuntun marang kajenjeman lan ketentreman.

Iku kabeh mung tondo pucuke rosojati, dudu bongkote dudu maligine rosojati.
nanging sanajan mung wus anggayuh pucuke rosojati lan isih kamoran rahsa, ning kunu uwonge wus kanggonan ing katentreman, kaweningan, kaademan isp...iku dadi tondo yen rahsane wus alus. rahsane wus gathuk karo pucuke rosojati,
iku arane wus mingis ; wus kegorek rosojatine.

Wong sing wus mingis rosojatine iku yo biso samadhi klawan tanpo soyah lan bosen..
amargo : nalikane samadhi sing makarti ora mung angen angen lan rahsa bae, ananging nganggo katumusan pakartine rosojati
dadi ning kunu angen angen rahsa lan rosojati podo makarti kabeh ;
rosojati dayani marang kajenjeman, kaweningan, katentreman isp...
rahsane ; angrasakake lakune angin, lan angen angen ngelingi marang samadhine,
dene sing durung biso mingis, ateges isih mung tekan angen angen lan rahsa bae,
hiyo enggal kroso soyah lan bosen.

Bisane mingis iku yen tlaten ngulinakake samadhine lan netepi paugere kasusilan.
yen wus mingis, lan isih lestari pangudine, ning kunu rahsa sangsaya alus,
yen rahsa wus alus, mongko dadi jumbuh klawan rosojati,
hiyo ning kunu wiwitane sirno aling alinge sukmo,
kang ateges wiwit biso ngungak marang wewengkoning kajaten.

Roso sajati (rosojati) iku yo rupane manungso sajati
hiyo sajatining manungso.
iku rupane kahanan kang banget aluse,
manungso sajati klawan rosojati iku podo bae, wus ora ono bedane,
hiyo podo bae klawan jiwo suci, urip kang sajati, kajaten dadi jejagate,
hiyo jagad kepengeranan,
yo manungso sajati yo roso sajati, wus ora perlu dibedakake.


JANGKEPE KANG ARAN ROSO SAJATI



Yoiku sajatining roso,
Roso sajati (rosojati) iku ateges rosone manungso sajati,
 rosojati iku kahanan kang luwih dening alus ( alusing alus ),
yo sing mengku saliring roso pangroso.. rosojati klawan manungso sajati podo bae :
yo rosojati yo manungso sajati yo saliro suci. ..

Rosojati iku ora duweni soyah lan pegel,
Mulane wong sing wus mingis rosojatine hiyo ora duwe soyah klawan pegel yen nggarap wewengkoning kawruh kabatosan.

Kang mangkono iku amargo yen wong mau nggarap babagan kawruh kabatosan :
makartine roso dadi pikarepe rahsa, dadi rahsa katumusan doyoe roso, jalaran rahsa wus akeh bageane kang manut marang roso,

 Ning kunu rahsa wus ora biso agawe soyah klawan pegel (rahsa wus alus). ..
Rosojati iku ora kagungan watak bungah klawan susah
Mulo yen rahsa katumusan doyoe roso, ning kunu rahsa sudo doyoe arep nedyo bungah klawan susah (rahsa wus alus).
dadi : sudane bungah klawan susah iku : mahanani lestarine kaelingan lan ketentreman. 
utowo : akehe kaelingan lan katentreman iku : agawe sudane kabungahan lan kasusahan.
alusing bungah kaworan eling kaaran : seneng
 alusing susah kaworan eling kaaran : prihatin
Alusing seneng klawan prihatin yen nunggal nyawiji kaaran : jumeneng eling lan tentrem ..

Rosojati iku ora wewatekan dhemen klawan gething marang samubarang kadonyan
Mulane wong yen wus mingis rosojatine iku yen dhemen lan gething marang opo opo iku : ora banget..malahan yen wus dewoso manungsane kang sajati, hiyo meh ora nduweni dhemen lan gething marang sabarang prakara. kang mangkono iku amargo :
Makartine roso dadi pikarepe rahsa..doyone roso numusi rahsa sing wus alus, jalaran soko iku rahsa wus ora arep nandukake roso dhemen klawan gething : ing samubarang prakara.
dadi : tipising roso dhemen klawan gething iku : agawe lestarine kaelingan lan katentreman. 
utowo : kandhele eling lan tentrem iku : mahanani tipising kadhemenan lan kagethingan. 
alusing dhemen kaworan eling kaaran : tresno utowo sih
 alusing gething kaworan eling kaaran : prihatin marang alane liyan
Tegese sih, iku katresnan kang tanpo pilih, sih kui prenahe nuju marang rosojatine sakabehe manungso dene prihatin marang alane liyan utowo cacate liyan iku kang nuwuhake : karep tetulung, supoyo lereno cacate, dedasar kawelas asihan ;
yoiku nalikane prihaten mau klawan sih wus nyawiji, dumadi welas a-sih..
hiyo kawelasan lan kaasihan kang nyawiji, tumuju marang sa-gung dumadi. .

Rosojati iku ora duwe watak gumedhe lan cilik aten
Rosojati ora kadunungan watak kekarone iku : mulane wong kang wus mingis rosojatine,
hiyo ora kanggonan ing roso gumedhe lan cilikan aten kang ateges ora ngegungake diri lan ngasorake diri. kang mangkono iku amargo soko rahsa kang katumusan doyoing rosojati kang ora duweni watak mangkono andadikake rahsa ; cilik doyoe kang ajak marang kumawoso lan angroso apes..ning kunu awit wus ora sumuk dening reribete angen angen lan wus ora kasrimpet dening buntune angen angen. -gumedhe iku tunggale : kumingsun, kuminter, adigang, adigung.....isp
kang ateges : ngegungake diri klawan rumongso bejo lan kuwoso.
 -cilikan aten iku tunggale : apes, bodoh, atis, rumongso asor.....isp
kang ateges : ngapesake diri klawan rumongso ciloko.
dadi : tipising pangroso bejo lan pangroso ciloko iku : agawe lestarine eling lan tentrem.
utowo : kandhele kaelingan lan katentreman iku : mahanani tipising pangroso bejo lan ciloko. 
alusing gumedhe awor klawan eling kaaran : percoyo marang diri
alusing cilikan aten awor klawan eling kaaran : panelongso (nelongso marang pengeran)
 panelongso kaworan eling kaaran : jumeneng pribadi klawan kasukcen. .......
.....hiyo mangkono sateruse............

PENGETAN 

Tegese saliro suci iku asal dumadine jiwo kang murni 
karepe tembung tipis lan kandhel iku sathithik lan akehe 
karepe rahsa alus iku rahsa kang wus gathuk klawan rosojati 
karepe tembung awor iku campur, gumbul, bebarengan 
karepe tembung eling iku eling marang pengeran, dene eling marang pengeran iku elinge budhi karepe tembung kaelingan iku makartine budhi 
karepe tembung katentreman iku makartine rosojati 
karepe tembung alusing utowo aluse iku ancase utowo intine 
karepe tembung lestari iku santosa. 

Dadi wong kang wus dewoso manungsane kang sajati iku wewatekane biso santosa lan teteg, menowo katerjang dening ombaking rahsa..kang mangkono iku yo amargo rosojati wus maligi wus wungkol utowo wutuh..ning kunu saliring roso pangroso awit kawengku dening sajatining roso, mulane kabeh roso pangroso salin rupo amargo wus kawungkus dening roso sajati..hiyo iku wiwitane manjing ing kasucian..hiyo iku tegese roso pangroso bali marang kang kagungan roso pangroso..hiyo iku tegese jumeneng klawan pribadi..hiyo lebure aku klawan ingsun..nyawijine diri klawan pribadi..hiyo iku kang aran manjing ing pribadi klawan moho suci..
kang ateges manjing ing sajatine urip hiyo lebure urip marang sajatine urip..lebure suci klawan moho suci..hiyo iku tegese : ora ono opo opo kejobo pribadi.
Awit susah, piloro, gething, mlarat, sengsoro ugo bangsane enak kepenak, dhemen, gething, bungah, sugih lan sapanunggale kabeh iku arane panandhang, kang ateges biso ngaling ngalingi kaelingan lan katentreman.