Jangkepe Jogo Rogo

JANGKEPE JOGO ROGO


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
Mbuwang wedi nukulno wani
tegese wani iku tatag ngadepi
tanpo ono getir kuwatir
tanpo ono getun ing mburi
ambuwang was sumelang soko diri
hiyo iku lawangane piyandel ing diri
tatag teteg mulo banjur teguh diri
ora perlu wedi wedi
mulat sariro hangroso wani.

ROGO ENOM LAN ROGO TUWO

Wiwit rogo iku salin rupo saben pitung taon sepisan
ateges ganti rupane
ono rupo enom rupo tuwo
ono awak enom awak tuwo (rogo)
ono umur enom umur tuwo
katelune iku bedo ing padunungane, ojo disengguh asin podo uyahe
kedadiane :

Dene rogo enom iku awake luwih kuwat
ateges ora gampang keno leloro
hiyo cepet warase, naliko awake catu (kebacok/keno paku isp ; luka)
rogo enom iku ora ringkih poncodriyone
rogo enom iku dununge doyo kakuwatane awak
rogo enom iku dudu umur enom dudu rupo enom
rogo enom iku ateges rogo ingkang ora ringkih
dene ringkihe rogo iku gampang keno loro leloro
Dadi ;

Rogo tuwo iku rogo sing wus ringkih
rogo tuwo iku rogo sing arep rusak
dene enom tuwone rogo iku ora gumantung ing umur
enom tuwone rupo ugo ora gumantung ing umur
amargo awak rupo umur iku bedo pilah pilahe

NJOBO NJERONING ROGO

tegese rogo iku awak kasar
piranti piranti alus lan kasare rogo kawengku dening pratiwi
yoiku pambuntele kabeh pirantining rogo
wutuhe rogo kaaran wadag (wadahe piranti alus kasare manungso)
Ginjel - limpah - usus - lambung - ati - jantung - paru paru
iku sarupane wadag sing ono ing njero
Wulu - kulit - getih - daging - otot - balung - sumsum
iku sarupane wadag sing ono ing njobo

Dene sing ono ing sajeroing jantung iku jinem
tegese siji sing duweni doyo enem
yoiku pangecap pandulu pangambu pangrungu pangroso awak
kaaran poncodriyo, sing kaenem arane sanu
yoiku bibite loro lan waras
dene sing ono ing sajeroing ati iku cipto
sing dadi kakuwatan iku otot alus
yoiku sing mahanani gegandhengane jagad cilik klawan jagad gede
otot kurang alus (nadi), yoiku sing dienggo noto kahanan sajeroing rogo
kaaran utek yoiku papaning piranti sing mahananai gegathukaning kahanan ing njobo lan ing njero
iku mau kabeh kaaran wadag alus

JOGO ROGO

Iku njogo marang enome rogo
suksmo iku njogo rogo soko njero
ateges dayani marang rogo, mulane rogo ora biso bosok ateges awet
badan iku dayani rogo soko njobo
yoiku sing anyerot howo lumebu rogo, liwat kulit (pori pori)
ringkihe rogo durung mesti tuwone rogo, mung rogo tuwo iku mesti ringkih
pandulune ringkih-pangecape ringkih-pangrungune ringkih-pangambune ringkih-pangroso awake ringkih
ateges ringkihe poncodriyo ikuloh rogo tuwo
amargo jinem sing ono ing sajeroing rogo wus redup sunare
ringkihe iku mahanani loro leloro
nalikane wadag njero ringkih, hiyo mahanani loro leloro

Dene wadag njobo ;
wulu ringkihe gumantung ing kulit
ringkihe kulit gumantung ing getih
dadi nalikane getih ora ringkih, kulite hiyo sehat (waras)
yoiku dununge rupo tuwo rupo enom
ringkihe getih gumantung ing daging
ringkihe daging gumantung ing otot
ringkih kuwate otot gumantung ing balung
dadi nalikane balung ora ringkih, otote hiyo sehat (waras)
yoiku padunungane pegel lan rosane rogo
dene ringkihe balung iku gumantung ing sumsum
sumsum iku dadi punjer utowo dadi pusere wadag njobo
jaganen rogomu, ojo nganti keno leloro
nalikane keno loro, kaweruhono jalaran warase
ojo nganti waras tanpo meruhi jalarane
hiyo ojo nganti loro tanpo meruhi jalarane
loro waras loro maneh waras loro maneh
koyo mangkono sateruse yen ora meruhi jalarane.

PENGETAN

Loro leloro iku ateges kahanan ringkihe rogo (gk sehat)
mangano ing sambarang pepanganan iku ora biso dadekake rogone loro
yen wadag nero ora ringkih
ngombeo sambarang banyu hiyo ora biso andadekake rogone loro
nalikane wadag njero ora ringkih
ambegan o sambarang udara ugo ora biso dadekake awake loro
nalikane wadag njero biso nompo
dene udara iku ateges kempeling doyo sing ora biso wudhar (ucul)
awit udara banyu pepanganan iku kabeh isine doyo doyo
sing diolah ono ing sajeroing rogo
amargo rogo enom iku biso ngolah sambarang doyo
mulane hiyo ora dadi ringkih nalikane keno doyo doyo maneko werno
malahan iku biso dadi panguwat tumrap rogone ; wong awake ora tawar keno upas ulo
iku yen pingin tawar, ngombeo upas ulo
ora tawar iku amargo rogone ora biso nylaras doyone
dadi nalikane awak wus kaisenan upas, biso tawar ing upas ateges biso nylaras
rogo enom iku dudu umur enom rupo enom
hiyo dudu rogo kebal bacok kebal obong
nanging rogo enom iku cepet olehe waras nalikane keno bacok keno obong
rogo enom iku biso nompo sambarang doyo soko njobo
rogo enom iku ora ringkih ora gampang keno leloro
rogo enom iku biso dijogo dadi ingkang tanpo pegel tanpo loro
dene salin rupane rogo ing saben pitung taon sepisan
iku jalarane rupo enom nganti rupo tuwo
hiyo awit pitung taon-patbelas taon-selikur taon lan sateruse....
ono sing banget olehe salin rupo ono sing ora
gumantung kahanane rogo ing mangsane salin rupo
dene umur iku minongko tetenger kanggone rogo
dudu wates tondo enom tuwone rogo
umur iku dumunung ing mongso, ora dunungi enom lan tuwone rogo
samono ugo rupo, hiyo ora dunungi enom tuwone rogo
dene kanggone sing anggawe susuk (melbuno emas ing daging)
iku biso mahanani rupo enom tanpo salin
wadag njero wadag alus wadag njobo iku nunggal, ateges dadi siji
mung nunggale iku nunggal pisah
amargo nunggal mulane hiyo jumbuh, ateges sesambungan antarane sing alus sing njero sing njobo.

SAMBUNGE JOGO ROGO

Ora ono njobo ngowahi njero, ora ono kasar biso ngowahi alus
mulo tetep sing marai rogo loro (keno penyakit)
iku amargo njerone sing ringkih
ono kalane amargo ubengane doyo sing ora timbang
sing dadi jalarane ora timbang biso soko njobo biso soko njero
jalaran sing soko njobo iku rupane sing dilebokno ing rogo
koyo udara banyu pepanganan
jalaran sing soko njero iku :
badan ; nalikane badan ringkih utowo kurang olehe anyerot howo (kulite reget)
suksmo ; nalikane suksmo ringkih andadekake wadag njero ringkih
rahsa ; rahsa iku dumunung ono ing nyowo
amargo kerep katerjang ombaking rahsa, mulo ragane luwih cepet tuwo
ombake rahsa iku akeh banget cacahe, mung kabeh hiyo sesambungan
awit nesu manglah muring susah
awit was sumelang bebingung lan wedi
iku kabeh ateges ombaking rahsa
dene koyo dhemen, bungah, seneng iku hiyo rahsa, mung ora dadi ombak
dene ombaking rahsa iku dadi jalaran angrusak rogo
dadine ;
sing sopo kerep susah sumusah iku luwih tuwo ragane 
tinimbang sing kerep bungah bebungah
dene ombaking rahsa sing gede dewe iku wedi saknisore wedi was sumelang saknisore maneh iku bebingung

Sing soko njobo rupo udara iku gumantung ing tenggorokan lan paru paru
sing njobo rupo banyu iku gumantung ing lambung
sing njobo rupo pepanganan iku gumantung ing limpah lan ginjel
sing disebut penyakit utowo sing marai loro leloro
iku sejatine mung rogone ringkih
amargo rogone ringkih mulane ora biso nyelaras doyo soko njobo
banjur ubengane doyo sing ono ing njero dadi ora timbang.

PEPENGET

Nalikane ono rahsa mesti bareng karo onoe roso
kaaran rosoning karep (rahsa)
Dene onoe roso bareng karo onoe rahsa
kaaran kareping roso (roso pangroso)
mung onoe roso ora mesti bareng onoe rahsa (sangkalpa)
dadi rahsa karo roso iku nunggal pisah
Ora usah wedi wedi
ing sambarang kedadean marang sabarang perkoro
getir kuwatir arane 
yoiku nalikane wedi marang opo opo sing durung kedadean
getun arane
yoiku nalikane wedi marang opo opo sing wus kedadean
wingit arane
yoiku telenge wedi sing ono ing sajeroning sanubari
wedi iku ombanking roso sing gede dewe
dene koyo was sumelang lan bebingung iku ancer ancere wedi
wedi iku banget olehe ngusak rogo
sing mahanani rogo luwih cepet tuwo.

Jogo rogo
Murih pikuwating rogo
Murih lestari enoming rogo
Tumuju marang rogo sentoso
Santosaning rogo 
Nuju jejeg jumeneng enoming rogo
Yoiku tetep wutuh ing enome
Yo enom rupane hiyo enom rogone.



Jangkepe Cupumanik Hastogino

JANGKEPE CUPU MANIK HASTOGINO


Rogo ingkang kasinungan dayane suksmo
balutane rogo slendange suksmo
suksmo kawetu ambuntel rogo
soyo lawas sangsoyo sampurno
ngrogo suksmo iku suksmone ngenggoni rogo
hiyo suksmo dadi pambuntele rogo
ngrogo suksmo 
iku dudu suksmo metu soko rogo
banjur kluyuran mrono mrono

Cupumanik Hastogino

CUPUMANIK iku WADAH ARUPO CAHYO
HASTOGINO iku DUWE WOLUNG PIGUNO
sing lumrae disebut ; cupumanik astagina
yoiku :

Ateges rogone ora kademen nalikane keno doyo adem
hiyo rogo sing wus kuwat nompo gethering adem
tanpo kademen iku rogone wus biso betah adem
awit ademing banyu ugo angin
ateges rogo kuwat nyonggo kaademaning doyo bawono
tanpo kademen iku dudu ora keno adem utowo ora kroso adem
nanging kuwat lan betah marang adem

Ingkang Wus Tanpo Kepanasen
ateges rogo kang kuwat nyonggo doyo panasing bawono
mulo wus tanpo kepanasen
iku rogo sing wus kuwat lan betah marang panas
sing ora kuwat lan ora betah mesti kepanasen
nalikane keno doyo panasing bawono

Ingkang Wus Tanpo Pegel
yoiku rogo sing wus ora duweni pegel (lelah letih)
ateges doyone rogo wus lestari kakuwatane

Ingkang Wus Tanpo Loro
yo rogo sing wus ora tau keno loro ateges bagas waras
loroning rogo iku ringkihe rogo
lestarining rogo iku tanpo loro
hiyo samubarang loro leloro ora ngenani rogo

Ingkang Wus Tanpo Bungah Tanpo Susah
sirnoning bungah iku hiyo sirnoning susah
ugo sewalike
bungah bebungah iku ; karep sing katekan
karep iku doyoning arep, onoe yo mung naliko tumuju ing arep
susah sumusah iku ; karep sing ora katekan
dene sing wus tanpo bungah susah
iku nalikane karep katekan ora bungah
hiyo ora susah nalikane karep ora katekan
ora susahe iku dudu ateges sabar
dene sabar iku mbetah mbetahno (ngempet piloro/susah)
mulane rogo biso santosa, ora rinusak dening bungah susah
tanpo bungah susah iku padunungane rogo santosa

Ingkang Wus Tanpo Luwe
tanpo luwe iku dudu rogone wareg teros
dudu tanpo mangan wetenge kaisi
tanpo luwe iku ateges 'ORA KELUWEN'
terange mangkene :
wareg iku weteng kaisen pepanganan
luwe iku weteng ora kaisen pepanganan
sing durung tanpo luwe iku mangan, amergo kroso luwe
utowo mangan perlu ngisi wetenge
dene sing tanpo luwe iku mangan ora mangan wus ora ono bedane
mangane iku ora amargo luwe utowo perlu ngisi wetenge
tanpo luwe iku dudu rogo sing ora mangan
nanging ora keluwen (ora bingung kumudu ngisi weteng)
dene sejatine sing pingin mangan iku dudu weteng
hiyo ora kanggo weteng
sing pingin mangan iku sejatine cangkem ateges ilate pingin ngrasakno 
cangkem iku sing duweni karep mangan dudu weteng
amargo sing pingin mangan iku cangkem, mulo kabeh sing isih duwe cangkem tetep pingin mangan
sanajan toh wetenge iku wus kaisi pirang pirang panganan
ateges wus wareg nemen, hiyo isih tetep duweni pepinginan marang pepanganan
dene pepanganan2 iku kabeh sing marai rogone berkembang (tumbuh) soko sari sarine pepanganan
ateges perkembangane balung nganti wulu.

Luwe iku kroso wetenge gothang (ora isi pangan)
keluwen iku banget olehe pingin mangan amargo ngroso luwe
dene kanggone sing tanpo luwe iku 
pingine mangan ora amargo kroso luwe
olehe mangan ora mergo weteng gothang ugo isi
nanging mangane amargo pikarep cangkeme
dene kanggone sing durung tanpo luwe
iku kuwate ora mangan amargo wetenge isih kroso isi
lan mbetah2no kuwat ora mangan nalikane weteng ora isi
mung tetep olehe pingin mangan amargo kroso wetenge gothang
dadi tanpo luwe iku rogo ingkang nuju sampurno
hiyo nuju sampurnaning rogo
amargo wus ora bingung naliko wetenge luwe
ugo ora sumpek yen wetenge wareg

Ingkang Wus Tanpo Turu
turu iku ateges angen angen ora makarti
ora makarti iku angen angen ora tandanggawe
amargo poncodriyo pisahan karo ratune
mulo rogone ora sadar menowo makarti
ateges ora sadar nalikane poncodriyoe obah
yoiku yen poncodriyo tininggal dening ratune (angen angen)
Lumrahe turu iku klawan mereme mripat
mung mereme mripat ora mesti turu
ugo ono turu sing mripate ora merem
amargo turu iku ; 'angen angen ora makarti'
sopo toh sing turu?
hiyo sopo bae sing lagi mbuwang angen angene
anane angen angen ora makarti iku amargo 
anane rogo sing pingin leren (pegel)
dadi sing turu iku ; angen angen
dene rogone isoh ugo obah mrono mrene, mung ora nyadari yen obah
dadi sing pingin turu iku : siji.poncodriyo loro.angen angen telu.pakulinan
sing tanpo turu iku ; rogone ora njaluk turu, ora butuh turu, wus betah ora turu
hiyo iku rogo ingkang sampurno
wus tanpo ora sadar wus tanpo ora eling.

PEPENGET

Ngrogo suksmo iku dununge rogo sampurno
yoiku suksmo sing wus sampurno nyandangi rogo
Tanpo kepanasen lan tanpo kademen iku gegandengan
ateges iku nunggal kahanan, nunggale nunggal pisah
Tanpo pegel lan tanpo loro iku hiyo nunggal pisah
tunggal kahanan mung rong rerupan
sing wus tanpo pegel hiyo wus tanpo loro, ugo sewalike
Tanpo bungah lan tanpo susah iku yo tunggal
Tanpo luwe lan tanpo mangan ugo tunggal
sing wus tanpo luwe yo tanpo turu, sing tanpo turu yo tanpo luwe

Kanggone sing wus tanpo luwe wus tanpo turu iku ; sanajan rogone turu rogone mangan
tetep bae rogone wus ora butuh marang mangan lan turu
Sing wus tanpo kademen iku rogone ora butuh klambi kandhel nalikane ono ing panggonan adem
mung klambiano kandhel iku ora amargo kademen
dadi ono bedane sing wus tanpo kademen lan ora
sanajan podo podo nganggo klambi kandhel
mulane tetep ono bedane sing wus tanpo luwe tanpo turu lan ora
sanajan podo podo mangan turune, ananging ; 'rogone bedo'
Sing wus tanpo luwe ; ora mangan
Sing ora tanpo luwe ; ora mangan
iku tetep ono bedane, sing tanpo luwe ; ora mangan ; amargo wus ora butuh mangan
dene sing ora tanpo luwe ; ora mangan ; amargo mbetah2no ora mangan
mulo tetep mangan wekasane, perlu ngisi weteng sing kroso gothang
lali yen pingine mangan iku amargo isih duwe cangkem.

SAMBUNGE CUPUMANIK HASTOGINO

Tanpo kademen tanpo kepanasen iku dumunung ing rogo
ateges wulu lan kulit sing wus salin
Tanpo pegel tanpo loro iku dumunung ing badan nyowo
ateges dayaning badan nyowo kang wus sumebar ing rogo njero
Tanpo bungah tanpo susah iku dumunung ing pangroso
yoiku nalikane bungah susah wus nunggal lebur
andadekake salin kahanane, dadi : jumeneng klawan seneng
nalikane roso pangroso salin kahanan, jiwo ugo salin rupo
Tanpo luwe tanpo turu iku dumunung ing suksmo
yoiku naliko pambunteling suksmo arep sampurno
sampurnaning rogo iku sampurnaning suksmo ambuntel rogo
yoiku sing diarani katitisan 'wahyu cokroningrat'


Jangkepe Doyo Lan Kakuwatan

JANGKEPE DOYO LAN KAKUWATAN


GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Uwiting urip
Hiyo ateges wite sakehing wiji
Dadi sangkane kabeh isi
Doyo iku akeh banget macem jinise


awit sing kasar nganti sing alus alus
mung sarupane kabeh doyo iku ono rong werno
yoiku obah lan meneng
Adem panas padhang petheng iku patang doyo bawono
kawengku dening gether
gether iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani gegathukane kabeh kahanan
Lemah geni udara banyu iku patang unsur bawono
kawengku dening howo
howo iku hiyo doyo, yoiku doyo sing mahanani santosane kabeh kahanan

Kabeh urip iku urup, urupe urip ateges doyone urip
mulane ono tembung urip iku urup
amergo pati iku tanpo urup
urupno uripmu ateges kuwatno doyone uripmu (nyowo)

Kabeh isen isen kabeh sing ono iku
sejatine klumpukaning sapirang pirang doyo
awit lemah, watu, kayu, banyu iku amung
doyo doyo sing nglumpuk nunggal larase

Ora ono rerupan tanpo doyo
ora ono sworo, gondho kang tanpo doyo
iku kabeh mung gether urip
hiyo gether urip sing ngenani poncodriyo
nunggal laras terwoco njur diwehi aran
olehe menehi aran kanggo tetenger
sing sejatine hiyo tanpo aran
mulo weningno ciptomu, supoyo weruh sejatine rupo
leremno rahsamu, supoyo weruh endi urup endi urip
menengno rogomu, supoyo weruh endi sing dirasakno, endi sing ngrasakno, endi sing digae ngrasakno

KAWISESAN

Ono kuwoso ono nguwasai ono momong ono ngratoni
kuwoso iku dununge wenang
nguwasai iku dununge wiseso
momong iku dununge wengku
ngratoni iku dununge ratu

Kawisesan iku dumunung ing laku meditasi
ateges murih anguwasai sawijining doyo
nguwasai iku biso ngendalino
digae ngene biso, digae ngunu biso
tanpo biso ngendalino, iku aran mung kuwoso
ateges kakuwasaan, kakuwasaan iku dununge rojo
biso ngendalino hiyo biso ngarahno
arep diarahno mrono mrene hiyo biso, koyo dene hipnotisme

Kabeh sing meneng kabeh sing obah iku hiyo klumpukane sapirang pirang doyo
awit sing atos sing cuwer sing alus sing kasab ugo asap iku hiyo doyo doyo
pandulu klawan pangroso awak
kekarone nggelar jagad ; gelare ; rerupan kasab, rerupan atos cuwer, rerupan adem isp....
pandulu klawan pangecap nggelar jagad
jagate yoiku : rerupan legi, rerupan pait, rerupan kecut isp...
sing atos, sing cuwer, sing rerupan, sing werno, sing lembut, sing legi pait sateruse...
iku kabeh sejatine gether urip sing selaras karo poncodriyo
dene gether urip iku biso dadi panas, dadi adem, dadi pait, dadi alus kasab
gumantung poncodriyone (sing nggelar jagad).

TARIK TINARIK

Iku wus dadi wewatekaning doyo, nalikane selaras hiyo tarik tinarik, yen ora selaras mesti tolak tinolak
mulo ono kedadean sing atos sing cuwer ugo asap
rogo duwe doyo, suksmo duwe doyo, badan duwe doyo, nyowo duweni doyo
jiwo roso ugo ono doyone, sing kabeh mau doyone dewe dewe (ora podho)
larasing doyo iku tarik tinarikan ; iku sing mahanani nunggal lan saline kahanan
ora biso nunggal hiyo mung amergo ora salaras, mulo hiyo ora biso salin kahanane.

PANCER ANCER ANCER

Lintang suryo mbulan iku dadi ancer ancere bawono
bawono iku dudu buwono
bawono iku soko tembung ba - wono
ba hiyo teba ateges gumelar, dene wono iku karepe papan panggonan sing kaisi sapirang pirang doyoning dumadi awit sing kasar nganti sing alus alus
dene dumadi iku ora mung manungso bae, kabeh urip ning arcopodo iki arane dumadi

Pancer iku ateges sumber utowo pusat
pancering doyo hiyo sumbering doyo
amergo bawono iki duweni doyo panarik, mulo biso anyerot doyo panasing suryo
doyo ademe mbulan ugo doyo getare lintang

Arane 'cokro tirto pramono' yoiku sing ono ing telenge bawono
kang jejuluk tirto kamandanu, yoiku banyu sangkane bawono
sing dadi pancere bawono, yoiku sing anarik doyoning suryo lintang mbulan
sing tau dadi rebutane poro dewo, kaaran tirto prawito, nganti ngubek samudro
perlu nggoleki tirto prawito
kasebut banyu suci, mung iku dudu banyu suci, nanging wiwitane banyu
kacerito : banyu mau dijogo dening hyang antobogo.

Kabeh doyo ono pancer ancer ancere, sing ndasari urupe
saknjerone kasar ono alus, njerone alus ono alusan maneh, njerone maneh ono luwih alusan maneh mangkono sateruse....
katone wutuh siji, mung yen dipreteli dadi sapirang pirang akehe
hiyo klumpukaning pirang pirang doyo
pancer-ancer ancer-puser
gedene doyo iku uruping doyo arane digdoyo
dene uruping doyo iku aran KAKUWATAN.


Tegese Ingkang Aran Lerem

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

-LEREM-

( meneng-tenang-anteng )

Lereming poncodriyo
(pandulu.pangrungu.pangambu.pangecap.pangroso awak
Kaaran meneng

Lereming cipto
(panggagas.panggraito.panganggep)
Kaaran tenang

Lereming rahso
(bungah.susah.gething.dhemen.nesu.muring.seneng.manglah.... isp
Kaaran anteng

Olehe anteng temenan
Yoiku kaweningan
Olehe tenang temenan
Yoiku kaheningan
Olehe meneng ing NENG temenan
Yoiku mahening suci
Menengno rogo- Ngeningno cipto- Ngenebno rahso- Ngolah roso
Yoiku sing diarani samadhi.

WEDARANE INGKANG ARAN LEREM

Meneng iku ora obah tegese ora obah iku ora makarti
Meneng kae dudu padane tembung diam, dene diam iku mbisu (ora nyuworo)
Menengno rogo iku ngleremno poncodriyo, amargo sing dadi pancere rogo iku limang indriyo, yoiku ;
Pandulu-pangrungu-pangambu-pangecap-panggepok
Kalimone iku nunggal pisah, kawengku angen angen, dene awitane nglerem kae siji siji, ora bareng kalimone langsung
Yen sii wus biso lerem ganti sijine ganti sijine maneh lan sakteruse…hiyo iki sing diarani ‘pangrucatan’
Tegese pangrucatan iku pangudaran (gabung, kaudar dadi akeh) kosokbalene pangracutan
Dene pangracutan iku panggabungan (pisahan, ka-awor dadi siji)

PANGGEPOK

Panggepok iku pangroso awak, rosone awak iku koyo ; weruh keri, gatel, adem, panas, alus, kasab (rasaning awak)
Ngleremno panggepok ; hiyo ora makartino panggepok, ora nganggo rosone panggepok ing sawetoro, nalikane panggepok mau wus biso lerem, ateges ora makarti… 
ning kunu awit ono alusing panggepok, yoiku ‘alusing pangroso awak’
Hiyo iku sing sinebut awak alus, awak ingkang manjing ono ing kaalusan, dudu awak kasar iki dudu rasaning panggepok yoiku alusing panggepok
Awak sing ora kasinungan ing gatel keri adem panas ugo alus kasab…
Dadi awak alus kae dudu alusing pandulu ora alusing pangrungu…
Dadi ono ing sajeroning lereme panggepok, ning kunu ono awak ingkang sayekti, awak sing wekasane biso dadi pambukane opo kang sinedyo..

PANGECAP

Pangecap iku rosoning ngecap, rosone ngecap iku koyo ; weruh legi-pait-asin-kecut-isp (rasaning ilat)
Ngleremno pangecap ; hiyo ora makartino pangecap, ora nganggo rosone pangecap ing sawetoro, nalikane pangecap mau wus biso lerem, ateges ora makarti….
ning kunu awit ono alusing pangecap, yoiku ‘alusing pangroso ilat’
Awit dumunung ing kaalusan klawan necep lembuting sari sari kang dadi pikuwating karso
Yoiku pangecap sing wus ora kasinungan legi pait asem asin…
Dene karso iku bedo karo karep, yen karep iku pinuju ing arep, karso iku sadurunge pinuju ing arep, ateges alusing karep..

PANGAMBU

Pangambu iku rosoning ngambu, rosone ngambu iku koyo ; weruh wangi, anyir, amis (gegandhan)
Ngleremno pangambu ; yoiku ora makartino pangambu, ora nganggo rosone pangambu sawetoro, nalikane pangambu mau wus biso lerem, ateges ora makarti…..
ning kunu awit muncul alusing pangambu….
Hiyo awit dumunung ing kaalusan klawan ngirup murnine gegandhan, yoiku : ‘gondho sari’
Dadi pangambu sing wus ora kasinungan wangi, anyir, amis…..isp
Dene alusing pangambu kae kang dadi pikuwating cipto
Kang bakal mujutake sadengah ingkang pinuju, ateges biso anarik gethering karso….
Dadi sa-ciptane, katekan sa-pingine, amargo iku kang dadi larasing sedyo, kang nuju ingkang pinuju…

PANGRUNGU

Pangrungu iku rosoning ngrungu, rosone ngrungu iku koyo ; weruh duwwarrr, jledug, ktreekkk (sworo)
Ngleremno pangrungu ; yoiku ora makartino pangrungu, ora nganggo rosone pangrungu sawetoro, nalikane pangrungu mau wus biso lerem, ateges ora makarti……
ning kunu awit jumedhul ‘alusing pangrungu’
Hiyo awit dumunung ono ing kaalusan klawan krungu ing alusing sworo, yoiku : ’ sasmitoning sabdo’
Yoiku sworo njero ingkang biso nyirep sworo njobo
Ning kunu manungso awit biso mingis maligi panggraitone, lan thukuling ‘prabowo’
Dene ning kunu lagi biso tanggep ing tuwuhing sasmito, ateges landheping panggraito
Titis tetes tatas…

PANDULU

Pandulu iku rosoning ndulu, rosone ndulu iku koyo ; weruh rerupan, wewarnan, cahyo (kawujutan)
Ngleremno pandulu ; yoiku ora makartino pandulu, ora nganggo rosone pandulu sawetoro, nalikane pandulu mau wus biso lerem, ateges ora makarti….
ning kunu awit thukul ‘alusing pandulu’
Hiyo awit dumunung ono ing kayektene paningal
Ning kunu awit tumuwuh waskitoning nala
Yoiku karepe manungso biso dadi hyang dadi dewo dadi gusti ing arcopodo kene….

WEKASANING WEDARAN

Lereming poncodriyo iku biso nukulake alusing poncodriyo
Mulane banjur kaaran ‘dosondriyo’
Yoiku njobo njero kang wus gathuk lan jumbuh njur nunggal
Yen isih wengku winengku ateges durung sampurno nunggale
Dene sampurnane iku yen wus ora mengku ora kawengku yoiku ingkang wus maligi (yekti tunggal kahanan)
Nalikane dosondriyo kae wus sampurno, sayektine biso mengku ing sagung dumadi.
Wiwite pisan pindo ora gampang kang aran meneng ....
Mung soyo lawas soyo biso menengno rogo
Menenge rogo iku ingkang aran samadhine poncodriyo
Samadhine poncodriyo yo lereming poncodriyo hiyo sireping poncodriyo lan thukule alusing poncodriyo.

PEPENGET

Poncodriyo iku roso, ateges sing digawe ngrasakno
Koyo keri-gatel..anyir-wangi..legi-pait..sworo lan rerupan iku sing dirasakno
Sing dirasakno iku terusane sing digawe ngrasakno
Dadi sing dirasakno iku gumantung marang sing digawe ngrasakno
Mulane alusing poncodriyo ora meruhi sing dirasakno poncodriyo
Dadi terusane alusing poncodriyo hiyo aluse sing dirasakno poncodriyo
Dene angen angene hiyo katut dadi alus…………
Ratune poncodriyo dadi ‘ratu dosondriyo’



Sambunge Serat Jiwo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SAMBUNGE SERAT JIWO

Serating Jiwo
Kang ateges tulisaning jiwo
Hiyo lukisaning urip
Hiyo Kahananing jiwo
Jiwatma jiwondo jiwodono
Nalikane ono susah hiyo mesti ono bungah
yen karepe katekan ono bungah
yen karepe ora katekan ono susah
iku nuduhno yen isih kasar rahsane
yen jiwoe isih kandhel wuwulane
hiyo nuduhno yen isih kasar rosone
mertelakno yen isih cilik dirine
yen isih bocah kamanungsane.......

Uwong Lan Kekarepan

Wong karep wong angon karep (pepinginan)
iku ora ono salahe, jenenge urip yo duwe karep
awit tetuwuhan, gegremetan hiyo duweni karep
mung sadengah urip iku pikarepe ora podo
amergo bedo bedone sing ndasari karep
hiyo bedoning sangkan tuwuhe karep
ono sing soko cipto, rahso, karso ugo roso
arane karep iku yen pinuju ing arep
dadi onoe karep iku amargo onoe SING DIKAREPNO
lha onoe sing dikarepno iku amargo onoe SING NGAREPNO

Nalikane ono karep katurutan ; bungah
yen ono karep ora katurutan ; susah
sing karep iku ora luput, dene sing luput iku sing angon susah
dedhasar angon susah, mulane susahe tuwuh subur gedhe uwite
yoiku sing dadi jalarane uwong : kagetan, nggumunan, mringis....isp
yoiku uwohe tanduran susah, pang pange roso kanerakan..

Kabeh kabeh karep penak kepenak
mung penak kepenak iku ora podo ukurane
amargo bedo bedoning diri yo bedo bedoning jiwoe
penak kepenak iku amung roso, dene roso iku amung piranti SING DIGAE NGRASAKNO
dene sing digae ngrasakno iku gumantung marang SING NGRASAKNO
sing ngrasakno yoiku si diri ateges UWONGE....
dadi ukurane penak kepenak iku ora dumunung ning 
SING DIRASAKNO yo ora ning SING DIKAREPNO..
dene bungah susah iku gegandengan ing salawase, ateges kahanane iku nunggal pisah
podo koyo kuwater lan getun iku hiyo nunggal pisah
ojo wedi wedi, marang opo bae madep opo bae ra usah wedi wedi
tegese manjing swargo iku ora gowo susah dudu ora gowo duso dene
kecemplung naroko iku amargo ora gowo bungah dudu mergo ora gowo pahala
dadi swargo naroko iku iyo nunggal pisah
swargo naroko ikuloh bleger kahananing bungah susah

Melbuo swargo, yen isih gowo susah iku tegese ngobong swargo
dadine yo kecemplung naroko
melbuo naroko, yen isih gowo bungah iku ateges nyiram naroko
dadine yo manjing swargo
sing nggelar jagad iku urip
sing nggelar papan mongso iku yo urip
sing dirasakno iku ORA ONO tanpo anane sing digae ngrasakno
sing digae ngrasakno iku ORA ONO tanpo anane SING NGRASAKNO
mulane dadine jagad iku gumantung marang SING NGRASAKNO
yoiku si diri si urip...


NIRWONO
Nalikane bungah susah wus lebur...
ora ono maneh sing digetuni ora ono maneh sing dikuwatiri
arep ono ing endi endiyo panggah wani
ngalami, nandangi opo bae yo ora getun mburi
hiyo ora kuwatir marang opo bae sing diadepi
yoiku sing diarani 'tatag'

Wani lan wedi iku yo piranti sing digae ngrasakno (roso)
wong wong bongso nirwono iku wus nglebur wedi
ugo wus nglebur susah, dadine tanpo susah tanpo wedi yoiku tatag
jiwoe wus salin rupo luwih alus ; yoiku jiwo kadewatan (bongso guruloka)
dadi ora ono jiwo bongso kadewatan gowo susah bungah ugo getun kuwater...

Mulane arep urip ing endi endiyo panggah wani bae
arepo ning jagad alus ning njero lemah ning awang uwung hiyo tetep tatag
urip ing mongso mbesok mbiyen saiki ; tetep wani bae
uripo dikoyo opo......... tetep wani yo panggah tatag bae.

TOTO TITI TENTREM

Tinoto tiniti tentrem pungkasane
tlitinen bedane sing dirasakno klawan sing digae ngrasakno
banjur meruhi sing ngrasakno
tuwuhe sih kang tumuwuh nalikane wus lebur dhemen lan gethinge
lebure dhemen iku : tresno
lebure gething iku : prihatin
prihatin iku dudu koyo nelongso opo sumusah opo duko loro
prihatin iku welas, welas marang pepadhaning urip
kabeh kabeh diwelasi...
tresno iku dudu dhemen dudu seneng, tresno iku sih, sih iku nugroho
ono sih pribadi, sih suci, sih mardiko, sih rahayu....isp
dene sih iku tumuwuh soko kaweningan 
ingkang tanpo tetimbangan ingkang tanpo pamrih
ono tresno ono prihatin, mulane banjur ono welas asih..

Tentrem kae ora dumunung ing papan yo ora dumunung ing kekarepan
ora ono ning sing dikarepno yo ora ning sing dirasakno
tentrem iku wekasane tinoto lan tiniti
tanpo toto titi yo ora ono tentrem
mulane ono wulang wuruk semedi
kanggone noto lan niti
supoyo salin rupo jiwoe
supoyo dadi alus rahsane
supoyo sarwo raras sarwo seneng
supoyo sing digae ngrasakno biso lebur nunggal : salin rupo ; salin kahanane
dadi luwih alus lan luwih edi rupane
dadine luwih bagus seratan jiwoe.


Sambunge Tradisi Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SAMBUNGE TRADISI JOWO

Monggo tresno budoyo
Budoyo jowo linangkung utomo
Utomoning kinaweruhan cetho
Welo welo ing sirnoing grahono
Hoo kabeh wong jowo njawontoho
Anoto aniti dumadiyo kertoraharjo
Klawan nguri nguri tinggalaning leluhur niro
Hiyo jawoto nukating tanah jowo
Awit boso kaweruh ugo budoyo
Ingkang lugu yektine racuten
Rucaten yekti ingkang awor wuwulan
Mulo tanggapo ing kabeh sasmito
Sasmitoning pralambang weninge sunyo.

RUWATAN

Yoiku tradisi jowo mbuwang sengkolo
sengkolo iku arupo apes, dene apes iku maneko werno
awit loro loronen, keno ciloko, gagal usaha lan liyo liyone kabeh
kaapesan kaapesan iku ora nylarase pamikire angen angen
hiyo macem.maceme sing ora ngepenakake
wong sing akeh banget apese iku perlu diruwat
dene sayektine kang rinuwat iku ciptone
ruwatan iku ora nganggo dungo dungo ugo jampa jampi
dibisao ngruwat awake dewe, yen ora biso mestine rinuwat dening wong liyo sing biso..
dene bisane uwong liyo ngruwat iku yen deweke ora nandang sengkolo
ateges ora patut diruwat, yen podo podo patut diruwat hiyo mesti bae ora biso nguwat..

NGRUWAT

Yoiku nganggo siraman banyu kembang : banyune sumber (sumur), kembange mawar abang..
disiramno koyo ngedusi bocah cilik..
Ing wayah isuk, nalikane srengenge durung panas sorote…

SUNGKEMAN

Yoiku tradisi jowo ngambung lutute wong tuwo
tegese wong tuwo iku sing ngrumat siro awit laer/bayi
yoiku ibu lan bopo.....
sungkem kae soko tembung 'sengkem' kang ateges dengkol/lutut
iku budayane jowo sing dilakoni ono ing rong mongso
siji ; mongso ketemu
loro ; mongso lungo
nalikane suwe ora ketemu, yen ketemu sungkem
nalikane sabendino ketemu, yen lungo sungkem
hiyo koyo mangkono iku patrape wong jowo nalikane lungo teko
yen siro lanang ngambungo lutut sing tengen
yen siro wadon ngambungo lutut sing kiwo
dudu salim ora salaman ora sujud ora ngambung sikil, ananging sungkem.


Tembung Boso Jowo

KAWERUH TEMBUNG BOSO JOWO

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

SINAU BOSO JOWO

Sinau Tembung Boso Jowo Kuno
Kaaran boso kawi
Ateges wiwitan utowo kawitane boso
Awit ngoko madyo kromo iku
Boso jowo ing mongso kasusastran
Yoiku mongsoning jowo jawi

BAHASA INDONESIA : BAHASA JAWA

BUMI : Bumi, Bawono, Basundoro, Mandolo, Pratiwi, Pratolo
MATAHARI : Srengenge, Baskoro, Arko, Aruno, Prabangkoroo, Diwangkoro, Radite, Suryo
BULAN : Rembulan, Sasi, Wulan, Ratih, Kirana, Sangkoro, Bodro, Sasongko, Condro
BINTANG : Lintang, Sudomo, Trenggono, Sukro, Ganero, Karwikoyo, Kartiko
LANGIT : Angkoso, Rawisworo, Jumantoro, Antarikso, Lirang, Gegono, Boma, Dirgantoro
GUNUNG : Wukir, Ancolo, Parwoto, Aldoko, Dri, Argo, Giri, Maloyo
LAUT : Segoro, Jolodri, Ernowo, Jolonidhi, Samudro
HUTAN : Alas, Wono, Rimba, Taratab, Pringgo, Jenggolo
SEMESTA : Jagad, Rat, Wretiko, Lokika, Paramusito, Pramudito
ANGIN : Angin, Bayu, Bajro, Wayu, Wawono, Sadoko
API : Geni, Agni, Bromo, Pawoko, Anolo, Grakso, Dahono
AIR : Banyu, Jolo, Toyo, Woyo, Her, Sindu, Sundo, Udoko, Tirto
TANAH : Lemah, Kismo, Siti, Bantolo, Bumijo
UDARA : Udara, Awang awang, Ambara, Nawasanga, Tawang, Namu namu
BADAI : Lesus, Poncowora, Bajropati, Prahara, Sindhung bisoko, Maruto
MEGA : Imantoro, Nirodo, Kuwera, Sanggono, Wataragono
MENDUNG : Mendhung, Andanu, Rawan, Rumung, Danuro, Windakoro, Jolodoro, Jolodho
GUNTUR : Gelap, Grakso, Kupoko, Guntur, Bledheg
GURUH : Gludhug, Gurnito, Guruh, Gepoh, Gurno
PETIR : Kilat, Tathit, Laban, Procolito, Wagyuto, Wagyutmoko
HUJAN : Udan, Riris, Warso, Wawarso, Wresti, Jawah, Jaweh, Jawuh

Lor, Kulon, Wetan, Kidul
Eka, Dwi, Tri, Catur, Panca, Sad, Sapta, Hasta, Nawa, Dasa

MERAH : Abang, Rekto, Abrit, Dadu, Ambranang
HITAM : Ireng, Langking, Kresno, Cemeng
PUTIH : Puteh, Pingul, Pethak, Seto
KUNING : Kuneng, Kapuranto, Pita, Jenar
HIJAU : Ijo, Ijem, Wilis
BIRU : Biru, Nila, Maya
------------------------------------------------

CAHAYA : Cahyo, Lengkowo, Kaluwung, Tejo
DARAH : Getih, Marus, Ludiro, Rah, Rudhiro
TUBUH : Awak, Onggo, Tuhu, Linggo, Kawonggo, Sariro
HATI : Sota, Drongso, Cita, Nolo, Twas, Tyas
PERASAAN : Galih, Driyo, Cita, Praya, Ambek, Budhi
ATI : Kulung, Kukulung, Talatnyono, Lembono
MATA : Mripat, Soca, Locana, Tingal, Nayana, Netro
BUNGA : Kembang, Sekar, Puspito, Gito, Puspo, Kusumo
IKAN : Wiyanggo, Mina, Jita, Maswo, Iwak
BINATANG : Sato, Atogo, Satwa, Wregono, Mergu, Lubono
BURUNG : Manuk, Kukila, Peksi, Garuro, Saimbro, Kogo
TEMPAT : Enggon, Papan, Podo, Swono, Sono, Loka, Astono
RUMAH : Omah, Griyo, Yoso, Panti, Wismo
MATI : Sedho, Leno, Praloyo, Antoko, Lalis, Pejah
HIDUP : Urip, Gesang, Daru, Tubu, Atmo, Jiwito
ORANG : Wong, Jono, Janmo, Uwong
MUDA : Nom, Nem, Mudha, Taruno
TUA : Tuwo, Sepuh, Wredha
WANITA : Arum, Estri, Reni, Retno, Dyah, Duhito, Wanito, Wanudyo, Padni
LELAKI : Lanang, Priyo, Janoko, Jaler, Gono, Noro
PESANGGRAHAN : Panekungan, Pasemaden, Paheningan, Pahoman, Pasemadyan, Pamursitan, Pamelengan
KERATON : Kedhaton, Karatyan, Pura, Puri, Purono, Puroko
RAJA : Narendro, Narpo, Dipa, Sinuhun, Katong, Sri, Prabu, Pamoso, Rojo
RATU : Garwo Rojo, Narendro Garini, Nareswari, Notoreni, Duhito, Padmi Noto, Prameswari
MAHARAJA : Ratu