Pirantining Urip Ing Bawono

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Kaweruh Pirantining Urip Ing Bawono

Saknjabaning urip ono roso, saknjabaning roso ono jiwo, saknjabaning jiwo ono nyowo, saknjabaning nyowo ono badan, saknjabaning badan ono suksmo, saknjabaning suksmo ono rogo.

Urip gegandengane roso
roso gegandengane jiwo, jiwo roso nunggal urip
nyowo gegandengane badan
suksmo gegandengane rogo
(Mulane ono tetembungan jowo : Bojone jaka lara iku ing tembe mesti ketemu maneh kumpul sawiji)
ateges ; jiwo iku bojone urip, badan iku bojone nyowo, rogo iku bojone suksmo, nganti salawase yo panggah mangkono gegandengan tan owah ( wutuh ).
Jaka ; lanang sing durung tau saresmi
Lara ; wadon sing durung tau saresmi

Saben ono urip mesti ono jiwo roso
saben ono badan mesti ono nyowo, mung ora saben nyowo ono badane
saben ono rogo mesti ono suksmo, mung ora saben suksmo ono rogoe

Dumadine urip iku ono sing dirasakno, ono sing dienggo ngrasakno lan ono sing ngrasakno
Dumadine pati iku ora ono sing dirasakno (hampa), ora ono sing dienggo ngrasakno (kosong) lan ora ono sing ngrasakno (sirno)
awit isih ono Sing Ngrasakno iku arane isih urip, manungso ing bawono iku anggowo jiwo-nyowo-suksmo sing niti ing sajeroing awak wadag ( rogo ), tanpo awak wadag wus dudu jeneng manungso maneh..
jiwo iku tan keno pinisah soko roso, koyo dene badan iku tan keno pinisah soko nyowo, rogo tan keno pinisah soko suksmo..lebure rogo soko lebure suksmo, lebure badan soko lebure nyowo, lebure roso yo lebure jiwo yo lebure urip..dene anane urip y soko anane jiwo roso, anane badan soko anane nyowo lan anane rogo iku soko anane suksmo..

NYOWO KLAWAN BADAN

SUKSMO KLAWAN ROGO

Saknjabaning urip ono roso saknjabaning roso ono jiwo saknjabaning jiwo ono badan..nyowo
amergo kedadean lan ilange iku soko howo mulo kaaran nyowo, kang aran badan iku awak alus..nyowo iku anggowo karso (karep kang sakawit), hiyo karso iku kang mahanani anane rahso (alusing kekarepan) , nyowo iku sing dadi pikuwating badan, amergo anane badan soko nyowo, ringkih lan kuwate hiyo gumantung marang kahanane nyowo, dene lebure nyowo soko lebure karso lan rahso..
dene rahso iku ono papat wilangane : panas adem padhang lan petheng sing dadi dasar, kagelar dadi sapirang pirang warno, awit soko iku saben ono rahso mesti ono roso, mung ora saben roso ono rahso....
dene badan iku anggowo doyo magnetism, sing biso anarik doyoing bawono (unsur urip) sing ono papat rupane, yoiku doyo bumi, lintang, mbulan, srengenge..hiyo dadi pikuwating rogo nalikane rogo ringkih ( doyo ing sajeroing getih ringkih ).
padunungane badan ono ing njobo lan sajeroing rogo, anglimput sakabehing isen isenane rogo..
kakuwatane rogo iku soko badan lan suksmo, yoiku panyeroting badan ing doyoing bawaono lan unsur organe rogo (suksmo).
badan iku hiyo dadi jembatane jiwo klawan rogo.
Amergo rupane iku alus, lan ora kinaweruhan dening mripat loro iki mulo kaaran SUKSMO, arupo cahyo lapis telu ; dasare kuning semu abang, tengahe ijo moyo moyo, njabane abang semu biru, yoiku sing diarani purbojati, sing nguwati sakabehing piranti urip kang ono ing sajeroing rogo, lan amergo doyoe luwih santosa tinimbang piranti2 ing sajeroing rogo mulo kaaran purbojati.

WEDARANING ROGO

Wahyu pulung andaru teluh papat rupane jiwo kang isih arupo cahyo
nalikane karso kawates dening kalarat suci
kanggo misahake gawe aling aling kahananing jiwo
rosane kalarat sing ora biso ditembusi
kejobo klawan ingkang jumeneng suci pribadi
dene karso kang wus kabuntel lan dadi wuwuh rosane
anggone arep anunggalake
mung ora dadi jumbuh, kejobo mung rasane bae
hiyo asmara jati kang isih biso jumbuh
jumbuihing asmara jati iku kang biso anggendeng sapirang pirang kahanan
hiyo iku kang biso ngendeg kedhering jagad.
dene tempuke doyo soko sapirang pirang kahanan
marang mandege kekedhering jagad
andadikake adeg adeg (wengkuning doyo) ono ing sajeroing tyas
hiyo iku kang bakale mengku sakehing doyo piranti uriping rogo.
Pramono tunggal tuwuh ing jejering tyas
hiyo pramono amung tunggal
kedadeane soko doyoing bawono arupo cahyo telung lapis
dasare kuning mencorong, lan abang merengah, lan abang semu biru
hiyo iku sajatine geni, kang nguripi sakehing pirantining rogo
kang dumunung ing sajeroing rogo.
Waseso tuwuh ing sajeroing tyas
arupo cahyo lapis telu ( dasare kuning enom, ijo pupus lan biru )
hiyo iku angin kang dumunung ing sajeroing tyas
kang anjalari dadine ambegan
amergo iku kang mahanani kuwat ugo biso andadekake rusak
mulo kaaran waseso.
Asal soko kedhering lintang panjer, doyoing bawono lan mbulan
kang urip ing sajeroing tyas
dasare arupo kuning enom mencorong
lan kuning kunir (kedadeane soko mbulan)
lan wungu enom (kedadeane soko lintang panjer)
hiyo iku kang aran Jati
langgeng anane tan maseso tan amurbo tan kawaseso tan kapurbo
hiyo iku kang tansah dadi panglengketing piranti urip nalikane nyandang rogo ing arcopodo
kang ora keno diowahi lan kang ora ngowahi, dununge ora ing njobo ora ing njero
kang ora ngrusak tan keno rinusak
amergo iku rupane banyu lan kang dadi lantaraning roso asmoro jati
mulo kaaran banyu kamanungsan.
Kraton pangrantunan dadi papaning cithakan
bakal kedadeane awak wadag (rogo)
kang bakal disandang ing arcopodo
ugo dumadine lanang klawan wadon
awit tumibo ing pangrantunan.
Hiyo iku budi pakarti
kataman dening kedhering pramono
soko dayaning suryo lan wohing kayu sajati
kang ginendheng dening asmorojati
hiyo iku kang bakale biso anuwuhake pirantine rogo kang alus alus
ono pitu rupane kang dumunung ing sajeroing rogo
Kapisan kaaran Jinem, ateges sawiji mung duweni doyo nenem
kang dumunung ing sajeroing kembang gedhang
rupane doyo nenem iku pandulu, pangrungu, pangecap, pangambu, pangrasa
kaaran ponco indriyo ( ponco iku limo, indriyo iku pangangen angen )
sing keenem arane sanu (bibiting loro lan waras) kang dumunung ora mung ing kembang gedhang
ananging biso anjalar ing saknduwure irung
prenahe ono ing njero ( ing antarane mripat loro )
papan prenahe iku kaaran panon, ateges papaning anon.
dene rupane budi pakarti iku cahyo pitung lapis
hiyo iku langit kang ono ing sajeroing rogo
kang biso dinyatakno temen kasunyatane
biso dingerteni dewe dening poro kang setya tuhu angudi kaweruh
kaaran puat dumunung ing sajeroing tyas
kang dadi geneping cahyo pepitu
hiyo iku kang disebut cipto.


Jangkepe Wedaraning Rogo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI


JANGKEPE WEDARANING ROGO

Damarmoyo arane
arupo damar, mung moyo moyo padhange
iku kang madhangi mripating rogo
manggon ono ing sajeroing tyas
kang tuwuh soko kedhering lintang, damarjati ugo pramono
andadiake badan pitu arupo cahyo lapis pitu
kang mahanani tuwuhe piranti alusing rogo lelimo
yoiku
Otot alus, iku sing dadi kakuwatan
kang anyambung gandhenge piranti
ing antaraning jagad gede lan jagad cilik
Otot kurang alus, kaaran nadi
iku kang digawe noto piranti piranti sajeroing rogo
Dhuwuran utowo uteg, iku sawijing papane piranti
kanggo anggandheng gathuke kahanan njobo lan njero
iku hiyo salah sawijine sor sorane budhi
Kebuk utowo paru paru
sing kiwo dadi wadah lumebune udara soko njobo
sing tengen wadah palerenane udara kang diwetokno
Jiling, iku rupane piranti kang maligiake lan nglaras doyo
supoyo biso gathuk marang doyoning budhi
kaaran kekandhanging roso
gathukake sing soko njero lan soko ing njobo

Hiyo anane isen isen ing sajeroing tyas 
kang mahanani anane pirantine rogo
nalikane wus jangkep isen isenane
jangkepe isen isenan iku kaaran sajatine lanang wadon
weruho niro, ing njero tyasing manungso iku
ono rupo lanang lan wadon
sumurupono sajatine lanang wadon iku
ora bleger rupane awak wadag iki
amergo anane rupo bleger iki ora langgeng
tur ora tetep ora temen yo sok suloyo
tandane ono bleger rupo lanang
kabeh uwong hiyo ngarani lanang
nanging nyatane ora saktemene lanang
jebule wandu
ono bleger rupo wadon, mung nyatane ora wadon temenan
jebule wadat
mung keh kehane uwong ora weruh marang
sangkane ono wandu klawan wadat
dikiro iku polah sing disejo utowo gawe gawe
nyatane iku mung kahanan njero sing suloyo
marang kedadeane kahanan njobo
dene bisane dadi bleger rupo lanang wadon hiyo 
nalikane isih ono ing sajeroing pangrantunan
ateges setitah kang arep dumadi
Kaaran pratiwi
hiyo iku kang dadiake sakabehing pirantine rogo
awit sing alus alus nganti sing kasar kasar
sing kedadean soko kumpuling telung doyo
kang wus dadi pambunteling pramono
dene pratiwi iku gampang dinulu
tur minongko wadah, hiyo wengkuning kahanan
kang ono ing sajeroing tyas
mulane banjur kaaran wadhag
awit ginjel, jantung, pusuh, ati, kebuk, usus lan wadhuk
iku sarupane wadag kang ono ing njero
dene balung, sum sum, daging, otot, getih, kulit lan wulu
iku sarupane wadag kang ono ing njobo

Samangsane kabeh adon adon pirantining rogo
iku wus jangkep wus pepak 
hiyo iku mangsane temurun
katarik dening doyoe pramonojati
amargo wus soyo kasare
kaserot amargo wus timbang kahanane
linggar soko pangrantunan
tumedhak ing arcopodo kene iki
hiyo iku setitah ingkang tumitah
salin kahanan rupo dumadi.