Tradisi Jowo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

TRADISI JOWO

Punden - Pepunden - Dhanyang - Si mbahurekso

Tradisi iku kebiasaan sing wus turun temurun
ning tanah jowo ono tradisi pundenan ugo dhanyangan
biasae kaaran bersih deso

Saben daerah utowo wilayah iku mesti ono sing miwiti manggoni
yoiku sing mbabat alas, kaaran sesepuh
dudu uwong sing dituwekno, nanging wong sing kawitan manggon ning kunu
nalikane sesepuh kae tilar donya, papan omahe disebut punden, njur wangkene ditunu, dilawu ning kunu lan digaweno reco ning duwure, kaaran punden berundak
kanggo ngelingi ; ikiloh pepundene ; sing mbabat ; sing dadi sesepuh
mulo ono ritual pundenan, yo nyebar kembang setaman gae simbol kasempurnaan..

Si mbahurekso arane, hiyo mbahe sing njogo sawijining papan, simbah mau saiki kaaran dhanyang
wiwit anane seratan sabdopalon noyogenggong ; 'aku iki ratuning dhanyang tanah jowo'
si mbahurekso iku dumadi sing durung jalmo..
mangkene ; nalikane rogo tuwo njur rusak, mung suksmo, badan, nyowoe ora rusak, ning kunu uwonge ngrambyang nganti rusake suksmo..nalikane rogo suksmoe rusak, mung badan klawan nyowoe ora rusak, iku kaaran dhanyang..nalikane rogo suksmo badan rusak tanpo rusake nyowo arane karuhun..
bongso krambyangan, dhanyang ugo karuhun iku dumadi sing durung jalmo, ateges ngalami pati ora sampurno
bongso karuhun kae nyowoe luwih santosa tinimbang rogo suksmo badane (jiwo klawan nyowo)
krambyangan kae suksmoe luwih santosa tinimbang rogo badan nyowoe (jiwo klawan suksmo)
dhanyang kae badane luwih santosa tinimbang rogo suksmo nyowoe (jiwo klawan badan)
si mbahurekso iku asale wong sekti bongso kaendran, mati tanpo ngrusak badane, ning kunu ndhanyang nganti tekan mongso rusak badane, hiyo njogo papan uripe nalikane isih dumadi (dhanyange deso)..

Tradisi dhanyangan iku linakonan kanggo ngungkapno matur k'suwun marang si mbahurekso
iku dudu bangsane dedhemit, memedhi, ugo lelembut..
si mbahurekso iku ngawulo marang sawijining deso, tumujune mung marang raharjaning deso..
ono sing disebut kumoro, yoiku sworo sing dirungu wong akeh tanpo ono rupane, sworo sing muncul soko kaheningan
iku tondo soko si mbahurekso, nalikane ono pekewuh..



Jangkepe Kaendran

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

JANGKEPE KAENDRAN


"Bethoro-Lelembut-Dedhemit-Memedhi-Peri Prayangan-Bongso sarpo-Brekasaan-Siluman"

Kaendran ateges jejagading bongso alus, yoiku endraloka
bongso alus kang wus sampurno kaaran bethoro
bongso bethoro iku sing kuoso marang kaendran
wong kaendran, hiyo bongso endraloka iku jalmo dudu dumadi
dene bongso dumadi iku ngenggoni arcopodo (janaloka)
Bongso bethoro iku bedo karo bongso lelembut
dene bongso lelembut iku wong kaendran sing ngudi kasampurnan
koyo sing kaaran gandaruwo, iku sawijining bongso lelembut
ugo sing diarani mustikaning jagad iku hiyo lelembut
bongso lelembut iku wus ora dhemen tetulung marang kabeh dumadi
ugo ora dhemen nggudo bongso dumadi
bongso lelembut iku mung ngupoyo dhirine nuju kasampurnan
ateges sampurnaning wong kaendran

Bongso lelembut bedo karo bongso dedhemit
dedhemit iku biso srawungan karo manungso
hiyo dhemen lan gelem tetulung marang manungso
dedhemit keh kehane ono ing pegunungan utowo alas

Bongso dedhemit hiyo bedo karo bongso memedhi
sing kaaran memedhi iku koyo wewe gombel, ndas glundung, colok isp...
yoiku wong kaendran sing dhemen nggudo manungso
ateges dhemen jail marang manungso

Bongso memedhi iku bedo karo peri prayangan
bongso peri iku sawijine wong kaendran sing manggon ing pucuke wit witan
jejuluk putri kembang
dene peri prayangan bedo karo bongso sarpo
bongso sarpo iku wong kaendran sing ngenggoni rowo rowo
bongso sarpo iku dudu bongso brekasaan
dene brekasaan iku wong kaendran sing jejuluk leletheking jagad
yoiku sawijine wong kaendran sing ora duwe tuju opo opo
hiyo ora arep anggayuh opo opo

Dene siluman iku wong kaendran bongso moyo
bongso siluman praupane hiyo praupan moyo
koyo asu baong, jaran penoreh isp..
sing mesti bongso siluman iku ndunungi pesugihan
lantaran nganggo tumbal nyowo
koyo tuyul ugo buto ijo iku hiyo siluman
sing diramut manungso kanggo pesugihan

Kang koyo mangkono kabeh iku podo2 wong kaendrane
mung bedo jejagate..
terange mangkene :
ning arcopodo iki ono bangsane manungso, bangsane gegremetan, tetuwuhan, sato isp..
sing kabeh mau podo podo bongso dumadi mung bedo jagate..
jagate manungso bedo karo jagate wedus sapi
dene jagate wedus sapi iku suket gegodhongan
manungso biso ngenggoni jagate wedus sapi
mung wedus sapi ora biso ngenggoni jagate manungso
mulo uwong biso mangan gegodhongan nanging wedus sapi ora biso ngombe kopi
manungso biso weruh wedus sapi ananging wedus sapi
weruhe marang manungso ora jangkep
bedo maneh karo bangsane tetuwuhan, iberan ugo gegremetan
podo podo urip ing arcopodo mung bedo jagad uripe
iku pepindhane bongso bethoro - siluman

Sing koyo mangkono iku amergo jiwoe ora podo
mulo gelar jagad uripe hiyo bedo
wong kaendran iku jiwoe jiwo alus
jagate hiyo alus, mung alus iku dadi kasar kanggone sing luwih alus
angin iku alus, mung iku kasare udara, udara hiyo alus mung iku kasare howo.

PEPENGET

Praupan utowo rerupan iku dudu jagate urip, ananging iku jejagading pandulu
Alus kasar dudu alus kasab, alus kasab iku lembut ora lembut
alus kasar iku njobo njero, koyo dene lemah klawan banyu ; lemah iku kasar, banyu iku alus ; lemah ora biso ing njerone banyu, mung biso kumambang ing banyu
dene banyu biso ing njerone lemah, amergo banyu luwih alus tinimbang lemah, banyu iku alus mung udara luwih alusan maneh
mulo banyu ora biso ing njerone udara, bisane mung kumambang ing udara ; nanging udara biso ing njerone banyu

Ning kaendran iku ono swargo lan narokoe ; mung swargo narokoe iku alus
ora podo karo swargo narokoe arcopodo, mangan enak turu enak iku rogo ; swargoe arcopodo
koyo nesu, muring, dhemen, bungah, gething, susah iku rahsa ; swargo narokoe kaendran

Swargo narokoe endraloka iku hiyo bedo bedo, bedo ing kaalusan
kaalusan sing koyo epek epek karo driji tangan sing nggrayah2..
ono sing alus, kurang alus, kurang alusan maneh...

Sing ndunungi bongso bethoro nganti siluman iku dudu rupane ananging jiwo-roso-uripe
jiwo roso urip iku tritunggal

Nunggal iku ono nunggal pisah ono nunggal lebur
nunggal lebur iku salin kahanan, nunggal pisah ora salin kahanan

Wong kaendran iku dhiri dhiri bongso endraloka
Wong bongso kaendran iku dhiri dhiri janaloka sing ngemperi wong kaendran
Wong kaendran iku jalmo urip ing endraloka
Wong bongso kaendran iku dumadi sing mirip jalmo endraloka ; sing mirip dudu rupane ananging jiwoe

Ora kabeh manungso iku jiwoe jiwo bongso janaloka ; ono sing bongso kaendran, kadewatan ugo kajaten
Dene sing kaaran bongso iku : urip sing wus ono rupane
koyo lamphor ugo jrangkong iku hiyo dudu bongso kaendran ; iku bangsane teluh
koyo bongso karuhun-dhanyang-krambyangan iku dudu bongso kaendran ; iku dumadi sing durung njalmo
sing ngrambyang iku dununge jiwo janaloka durung jalmo
sing dhanyang iku dununge jiwo endraloka durung jalmo
sing ngaruhun iku dununge jiwo guruloka durung jalmo
ateges durung jalmo naliko rusake rogo, patining dumadi iku dumunung ing :
dumadi wurung jalmo (rengkarnasi)
dumadi durung jalmo (ing antoropodo)
dumadi ingkang jalmo (bongso jalmo)
Ono wong weruh bangsane kaendran, weruh klawan jangkep utowo kesamaran
iku olehe weruh mesti amergo ono sesambungan (gathuk)
Gathuk - Jumbuh- Nunggal (nyawiji)
nalikane ngarani ; ning kono ono dhemite, iku mung rumangsane bae
sing ora rumongso yen nang kene hiyo ono dhemite
Triloka : janaloka-endraloka-guruloka
saknjerone janaloka ono endraloka, saknjerone endraloka ono guruloka
mulo endraloka iku ora ning kono, nanging ning kene, mung kahanane alus
olehe ngarani ning kono iku amergo ORA KINAWERUHAN ING KENE
Bangsane bethoro weruh bangsane lelembut, 
dene lelembut olehe weruh bethoro iku ora jangkep (sathithik)
bangsane lelembut weruh bangsane dedhemit, 
dene bangsane dedhemit ora weruh lelembut kejobo mung sathithik
koyo mangkono sateruse...

Weruh iku ora mesti ndulu, ono weruh sworo, ono wweruh gondho, 
dene pandulu mung weruh ing rerupan-wewarnan
Ora ono dumadi weruh endraloka kejbo wong bongso kaendran ; 
ora ono dumadi weruh guruloka kejobo wong bongso kadewatan..
Manungso manunggale roso iku nunggal pisah, koyo dene wutuhe rogo, dudu nunggal lebur ; dene lebur iku ono : lebur musnoh ono lebur nunggal
lebur musnoh iku sirno kahanane ; lebur nunggal iku salin kahanane
Urip klawan jagate iku nunggal pisah ; jagad cilik klawan jagad gede hiyo nunggal pisah
dene nunggal lebur iku koyo pepanganan sing dipangan
utowo koyo kedadian lakuning maruto nunggal klawan howo dadi ; 
lidhah (kilat), gludhug, ugo gelap (bledek).

SAMBUNGE KAENDRAN

Ing bongso siluman isih ono sapirang pirang bongso
sing isih kelbu bangsane siluman
sapirang pirang mau awit bedo ing jinise
ing bongso brekasaan ugo akeh macem jinise sing bedo bedo
ing bongso sarpo hiyo akeh macem jinise
mung tetep bongso sarpo
ing bongso peri prayangan ugo mangkono
ing bongso memedhi dedhemit ugo lelembut duwe pirang pirang macem jinise
mung ning bangsane bethoro ora ono macem jinise bethoro
ora ono perangan liyo, kejobo mung bedo ing sesebutan (jeneng)

Mangkene gamblange :

Ono wong bongso kaendran, jiwoe ngenggoni bongso dedhemit, nalikane jiwoe soyo alus, nyedhaki bongso lelembut, ning kunu njur mandeg kaalusane
jiwoe hiyo isih durung salin rupo, mulane hiyo isih tetep bongso dedhemit, mung kaalusane bedo, hiyo dudu bongso lelembut
wong bongso lelembut hiyo mangkono, isih durung salin rupo, mung wus mandeg, dadi tetep bongso lelembut mung bedo kaalusane
pepindhane ;
pomo jiwo lelmbut iku warna ijo ; jiwo bethoro warna abang
ning kunu warna ijo durung dadi abang, isih ijo semu biru ; ijo semu kuning ; ijo semu abang...
koyo mangkono sateruse.


Kesucian ( kasukcen )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

KASUKCEN

Cộkrọ mặhkutợ ubengậning doyớ
Sụmebặring larậs rụnụt kiniterẫn
Sạngkan dặdi parận kedấdẹan
Pặran dẳdi sạngkan kedadẹần
Dădine rerừpan cethở ịng pandụlu
Sịng kậton sing sẫmar ugờ ơra kầton
Gẽbyar sesẫmbữngan ing kằselarầsane.

Doyo adem biso dadi banyu
Doyo panas biso dadi geni
Doyo petheng biso dadi lemah
Doyo padhang biso dadi udara

Yoiku kedadeane patang unsur bawono
Sucine rogo suksmo iku ora ono, mung isih biso murni
Sucine badan nyowo ugo ora ono, mung isih biso murni
Sucining jiwo roso iku ono, ateges jiwo kang wus ucul soko sakehing wuwulan (kecampuran), yen jiwo wus tanpo wuwulan rosoe ugo tanpo wuwulan kaaran sangkalpa
Nalikane jiwo isih kawuwulan roso ugo isih kacampuran ateges ora suci.

Wuwulaning jiwo hiyo doyo soko sapirang pirang jiwo
Wuwulaning roso hiyo doyo soko sapirang pirang roso
Doyo wuwulan ing sangkan kedadeane

Tegese suci dadi ora suci iku mergo kawuwulan, kawuwulan iku kecampur mung ora nunggal klawan campurane, mulo sing asal suci hiyo biso bali suci maneh.
Bedo karo murni, asale murni balio murni tetep ora biso dadi suci, amargo sangkane ora suci, pomo dadi suci iku podo koyo nyowo dadi jiwo, genahe sing mangkene iki tetep keduwe jiwo, dudu nyowo, ora ono nyowo iku suci....
Podo ugo kahananing jagad iku hiyo ora ono kang suci, amung ono kang murni, yoiku sunyi sepi. 
Awit angin, angkoso, udan, guntur, kilat, srengenge, lemah, banyu, geni lan sapanunggale kabeh, iku tetep sangkane mung murni ora suci.
Suci iku mesti murni, murni ora mesti suci... 
Suci iku biso reget mung ora biso nunggal klawan rereget (wuwulan) 
Murni hiyo biso reget lan reregete biso nunggal
Suci iku dudu sifat dudu watak tabiat, suci iku bleger kahanane.

PENGETAN

Reget, suci, murni, wuwulan iku ora ngungkapno becik olo luput bener opo dene padhang petheng.. 
Amung mertelakno blegere kahanan.
Samono ugo ora ono diri kang suci, ingkang biso suci iku amung pribadi, ananging diri isih biso murni.

Jiwo+roso+diri : aku
Jiwo+rosojati+pribadi : ingsun
Aku klawan ingsun, yoiku sing disebut Kesadaran
Si aku : kesadaran urip bongso triloka
Ingsun : kesadaran urip sejati, bongso kajaten.

KESADARAN

Aku - Dhiri - Roso kasar - Angen angen = Janaloka
Aku - Dhiri - Roso alus - Cipto = Endraloka
Aku - Dhiri - Roso luwih alus - Budhi = Guruloka
Ingsun - Pribadi - Rosojati - Elinge roso = Kajaten 
-------------------------
Rogo - Suksmo = Angen angen - Cipto - Poncodriyo - Astendriyo
Badan - Nyowo = Aura - Prana - Tilasingdriyo - Rahso - Karso
Jiwo - Roso = Urip